Selasa, 23 Mei 2023

Crita ANA ANA BAE

 Kleru Sekolah

Dening: Dyah Kurniawati


Pak J wong utun saben dina sabane mung neng sawah lan ngarit. Anake ontang-anting wadon jenenge Y wis klas loro SMK ing kutha. Sasuwene iki durung tau weruh sekolahe anake, amarga wiwit daftar bocahe wis bisa ngurus dhewe karo kanca-kancane. Amarga omahe adoh banjur ngekos ing sacedhake sekolahan.

Nuju rapotan semester siji sing jupuk kudu wong tuwane. Si Y mulih saperlu ngabari wong tuwane. Sajane rapot arep dijupuk ibune sing wis kulina lunga nang kutha. Nanging pasiku lagi wayahe rewang tanggane sing duwe gawe dadi ora bisa. Sidane sing jupuk rapot Pak J, la piye maneh sapa sing arep jupuk saliyane wong tuwane sakloron.

Sajane Y ya kuwatir bapake bingung apa ora amarga bapake ora tau lunga menyang kutha. Sawise diterangke angkutan lan ancer-ancer sekolahe lan ketoke Pak J paham akhire Y balik neng kost neh amarga sesuk kudu sekolah. Lan jadwal jupuk rapot dina Sabtu isih suk emben.

Tenan. Sabtu Esuk jam enem Pak J wis dandan mlithit ora kaya biasane. Sawise sarapan lan ngombe kopi enggal budhal neng ratan gedhe saperlu nyegat colt sing nuju menyang kutha. Dieling-eling banget kandhane anake ngenani ancer-ancer sekolahe. Ora nganti limang menit saka wetan wis ana colt warna biru. Enggal disetop lan Pak J munggah oleh panggonan sacedhake bakul kang padha arep menyang pasar.

Tekan entek-entekane panggonan colt mandheg Pak J mendhun lan mlaku ngener kulon kaya welinge anake. Udakara limang atus meter Pak J semlengeren amarga ing kono jejer gedhung sekolah akeh. Dheweke bingung ing ngendi sekolahe anake. Karo dheleg-dheleg pak J leren ing bok sacedhake gerbang salah sijine sekolahan. Meh sajam mung meneng karo nyawang mlebu metune wong liwat.

Nalika ana bapak klambi putiharep mlebu gerbang, Pak J manek-manekne takon,

“Pak, menawi badhe mendhet rapot dhateng pundi nggih?”

Bapak klambi putih mandheg karo mesem,

“Nggo sareng kula nggih badhe mendhet rapote anak kula.”

Pak J jrantal ngetutke mlebu neng sekolah iku lan enggal mlebu ruwangan lan lungguh melu antri nunggu diceluk jenenge anake. Wis pirang-pirang jam Pak J mbatin kok jenenge anake ora ndang disebut nganti kabeh wong sing neng kono entek kari guru sing mbagi rapot.

Bu guru marani Pak J lan kanthi alus takon,

“Hlo pak, putrane kelas pinten?”

Pak J mangsuli karo ngeling-eling kelase anake, “Kelas kalih jurusan tata boga bu”

Bu Guru kaget, “Hlo mriki SMA 5 Pak, la SMK sekolahe sawetane mriki.”

Pak J bingung, sidane karo ibu Guru sing apikan mau Pak J diterke tekan ngarep lan didudehne sekolah sing dikarepke Pak J.

Sauntara iku si Y meh nangis mbrabak nunggu bapake ora teka-teka jupuk rapot. Kamangka meh jam sewelas lan undhangane jam wolu. Kabeh wong tuwane kancane skelas wis padha jupuk kari dheweke thok. Karo pikiran sing ora karuwan, Y nunggu bapake ing pinggir dalan sacedhake gerbang. Wedi nek bapake kesasar utawa liyane.

Nalika weruh kledhange bapake saka kulon age-age digapyuk, dibrolke sakabehe pangrasa. Ealah tibake mau kleru mlebu sekolah. Ana ana bae.


Madiun, 12 Mei 2022


# Wis kapacak ing kalawarti Jaya Baya No. 42 Minggu III Juni 2022, kaca 48.


Biodata Pangripta: 

Dyah Kurniawati. Sawijining wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa. Lulusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah UNESA iki uga nulis cerkak, cerpen, puisi, resensi buku lan liyane. Saiki dadi buruh momong ing MTsN Kutha Madiun.







LAMPIRAN: 





Senin, 22 Mei 2023

Cerkak-Wacan Bocah

Sepedhahan Ing Dina Minggu

Dening: Fatha Nuzulul Rohmah 

 

Aku lan kancaku ngrencanakake  sepedhahan ngubengi desa. Sajane rencanane dina Sabtu, nanging kancaku ora bisa makane diundur dina Minggu. 

Dina minggu esuk udakara  jam 05.40 aku diterke mbakku neng nggone dulurku arep ngampil sepedha. Amarga  ora duwe sepedha, dadi aku ngampil dhisik. Lan mulih saka jupuk sepedha aku numpak sepedha silihan kuwi mau. Sajane mbakku rangu-rangu lan ora tega yen aku sepedhahan dhewe. Wis suwe aku ora numpak sepedha kira-kira telung taunan, dadi saiki sik rada lali.

Wektu wis nyedhaki gang arah omahku, aku ngerem dadak karo migunakake rem ngarep dudu rem buri. Lakok ujug-ujug sepedhahku sisih buri jeplak lan aku tiba njungkel.  Wong wong sing neng kana padha mbengok kaget.  Nganti wong kang ana ing jero warung ngarep gang metu kabeh ngrubung aku. Astaghfirullah aku isin banget. Tekan omah aku diguyoni dening mbakku kang deleng kedadeyane langsung iku, rasane aku pengin ngilang saka bumi saking isinku . Mbakku sing terus cekikikan tak tinggal nang pawon lan kanthi kesusu aku sarapan. Wedi nek selak diampiri kancaku

              Sekitar jam 07.00 kancaku teka lan nyeluki jenengku. Aku cepet cepet metu lan ora lali sadurunge lunga aku nyuwun dhuwit marang ibuku dhisik kanggo tuku jajan mengko.

Aku budal bareng kancaku ngliwati gang cilik omahku. Omahku mapan ing gang kang cilik nanging sadurunge uga ana dalan kang ora pati gedhe. Ciri-cirine ing dalan ana papan  jeneng dalan kasebut.

Sawise metu gang aku meh nabrak sepedha kancaku amarga aku isih durung kulina sepedhahan lan isih wedi karo kedadeyan ngerem ndadak mau.

Untung wae kancaku sareh banget karo aku. Aku dikongkon neng ngarep,  nanging aku ora gelem amarga aku ora ngerti dalan kang arep diliwati mengko kuwatire malah keblasuk.

               Nalika wektune nyabrang dalan gedhe aku lan kancaku luwih milih  nuntun sepedha alon alon sebab wedi ketabrak. Tekan pertigaan banjur menggok ngiwa amarga dalan iku lumayan sepi. Aku uga ngliwati kreteg kang rada dhuwur lan swasane pas   mudhun iku nyenengake banget, aku pengin mbaleni maneh.

Hawane sejuk banget amarga isih esuk lan wektu iku cerah sarta srengenge durung dhuwur. Aku sepedhahan santai lan seneng banget karo swasana kasebut.

            Wektu ngliwati sawah, aku  weruh sesawangan gunung lan sawah kang ijo. Aku asik nikmati kaendahan nganti ora sadar  menawa ana ula ing pinggir dalan kang taklewati, aku kaget banget lan mbengok banter “ulaaaaa” !!

Kancaku sing wis dhisiki nang ngarep kaget mengo nyawang aku . Aku saya rosa ngadoh saka papan ula iku. Untung wae ula iku ora kaget lan nyathek aku. Hiiiii aku mbayangke mrinding dhewe.

Aku wis kesel ngonthel sepedha prasaku wis tekan adoh. Nanging aku nyawang kancaku kok ora krasa duwe kesel blas. Isih santai lan ora krenggosan kaya aku. Apa amerga aku suwe ora sepedhahan ya. Terakhir sepedhahan sekitar telung taun kepungkur. Lan kancaku kuwi meh saben dina sepedhahan. La layak.

Sasuwene sepedhahan aku arang ngobrol karo kancaku mau. Amerga nek omong dadak bengok dadi irit tenaga. Luwih becik nyawang kiwa-tengen kang luwih endah. Aku ngomong ngenani bab-bab acak karo kancaku mbuh krungu apa ora mung dijawab “ya”. Sing dirembug akeh bab lan crita omahe mbahku kang siji jalur karo dalan kang mau dilewati tapi sebenere lumayan adoh saka dalan iku sih,hhehe.

Ora krasa ujug-ujug wis tekan pertigaan sing  kaping telu. Kancaku takon ning aku kanggo milih dalan kang endi. Aku njawab menggok nengen amarga pancen aku pengin weruh sebab aku durung tau liwat kono. Nanging jebul dalane rusak banget, aku ngrasa getun milih dalan kasebut.

Sidane ngliwati dalan iku karo sambat lan ngresula. Nanging wis kadhung tekan tengah-tengah dadi ya gelem ora gelem ya tetep diterusne. Sawise metu saka dalan sing rusak iku, aku cukup kaget amarga dalan kuwi jedhule dalan kang lewati mau dadi mulek bae lewat dalan iku maneh. Hehehehe

Sadurunge muleh aku lan kancaku arep  tuku jajan dhisik. Lewat dalan sing  lurus arah lapangan Pilangbango .

Tekan kana aku lan kancaku markir sepedha ing parkiran lan kepeneran ing papan iku akeh wong lagi jogging. Aku karo kancaku uga melu jogging pisan lan karo crita  bab-bab kaya film rekomendasi, film kang akhir-akhir iki kondhang, novel lan liya-liyane .

Sawise jogging banjur aku karo kancaku lungguhan ing taman. Ing kono akeh bocah dolanan kaya ayunan, prosotan lan liya-liyane. Sajane aku  pengin lungguh ing ayunan nanging ana wong kang suwe banget ora lunga saka ayunan kasebut. Ayunane loro lan loro-lorone ana wong kang manggoni.

Sidane aku karo kancaku golek papan lungguh saeneke sing penting ora kepanasen. Kancaku crita idolane kang kondhang ing bidang badminton(atlet) lan   dirumorke pacaran dening netizen.  Kancaku ora pracaya lan mangkono uga aku uga ya ora pracaya amarga pancen si atlet ora seneng ngumbar uripe ing akun sosmede.

Sawise kesel nunggu ayunan kosong aku lan kancaku tuku jajan dhisik ,  yaiku crepes lan cilok. Aku pesen loro sing siji kanggo mbakku. Sawise iku aku lan kancaku banjur mulih. Kancaku ora bisa mampir omahku  alesane arep  ngumbah klambi kanggo melu lomba sesuk. Sawise tekan pertigaan aku menggok ngiwa kancaku bablas lurus,  mulih menyang omah dhewe-dhewe.

Tekan omah aku ngumpetake crepesku lan menehake cilok iku marang mbakku. Lan nalika cilokke entek, ganti crepese tak wenehke mbakku lan mbakku seneng banjur maem bareng  karo aku.

Iku pengalamanku sepedhahan ing dina Minggu . Matur nuwun.


#Kapacak ing Majalah Madinah  MTsN Kota Madiun (ISSN 2807-80550. Volume 4 Nomor 1, Maret 2022, kaca 27



.

 

Biodata Pangripta: Fatha Nuzulul Rohmah lair tanggal 27 juni 2008.  Siswa MTsN Kota Madiun program 2 taun lulus iki duweni kasenengan nonton lan maca. Cita-citane pengin dadi guru sing sukses,  supaya bisa nularake ilmu marang para murid. Aamiin.

 

 

 

LAMPIRAN:




 

 

 

 

 

 

 

Minggu, 21 Mei 2023

AH TENANE-SOLOPOS

TRAGEDI UNTU UCUL

Cerita: Dyah Kurniawati

            Hari Minggu Jon Koplo mudik dengan bapaknya Tom Gembus dan ibunya Lady Cempluk, serta adhik satu-satunya si Genduk Nicole. Walau jarak rumah nenek hanya ditempuh 15 menit saja, namun bisanya sowan hanya di waktu libur. Karena bapaknya kerja dan Jon Koplo sekolah di TK.

Seperti biasa setiap pulang ke desa pasti disuguhi peyek kacang kesukaan Jon Koplo. Saking semangatnya melahap peyek kacang bikinan nenek yang rasanya tiada tanding. Pas enak-enak menikmati kriuknya ups, untunya tiba-tiba copot. Karena sudah uglak-uglik sejak kemarin jadinya tidak begitu sakit. Untu hampir saja tertelan dikirain kacang yg ada dipeyek. Setelah digigit ternyata keras, Koplo langsung teriak.

“Mbahhhh, untuku cepot.”

“Kene tak buwange, yen untu ngisor mbuwange neng gendheng tapi nek untu ndhuwur mbuwange dipendhem.” kata neneknya.

“Aja Mbah, kuwi arep tak koleksi. Pokok gak oleh dibuwang.”

Semua yang mendengar kata Koplo ngakak. Akhirnya si Cempluk mencari toples kecil bekas obat tetes mata.  Gigi Koplo ditaruh toples kecil tersebut, nanti mau dibawa pulang dikoleksi. Toples isi untu langsung dimasukkan tas Koplo biar nanti tidak ketinggalan.

Setelah puas makan peyek, Jon Koplo mengambil toples isi untunya dan dibuat mainan. Katanya menggemaskan makanya dipegangi ora uwis-uwis. Lagi asyiknya nguwak-uwik untu, Nicole teriak manggil Koplo mau diajak lihat Sapi di kandang Lik Jan. Jranthal, Si Koplo lari takut ketinggalan dan lupa sejenak dengan untune.

Habis Ashar Koplo dan keluarga pulang ke kota. Sesampai dirumah dia nggledhahi tasnya mencari toples isi untu dan ternyata tidak ada. Ujug-ujug dia ingat, terakhir mainan untu di teras rumah neneknya dan lupa tidak memasukkan kembali ke dalam tas

“Huwaaaaa! Untuku ilang, Bukkk!!!”

“La mau wis taklebokne tas mu hlo, Lee”

“Engke taknggo dolanan, huwaaaa hwaaa…”

Jon Koplo nangis nggloso tidak bisa direh-reh. Nicole yang ada disampingnya kena amuk dan ikut nangis juga. Ibune segera manggil Tom Gembus karena bingung ngatasi kedua anaknya nangis bareng.

“Bapak, Jenengan telpon ndesa takon untune Koplo.”

Setelah menelepon ternyata lantai sudah disapu dan entah kemana toples isi untunya Koplo. Mendengar kabar untunya ilang tangisnya Koplo tambah keras. Sampai tengah malam tidak mau diam, matanya mbendhul. Seisi rumah bingung karena badannya mulai panas.

Tiga hari panasnya tak mau turun. Ketika mau dibawa ke dokter, Pakliknya datang membawa kejutan kabar gembira. Toples isi untu ketemu dikolong kursi rumah nenek. Alhamdulillah, panasnya langsung sembuh dan untu langsung dikeloni Koplo. Hadeh….

 

Madiun, 24 Maret 2023

 

#Dimuat di  rubrik AH TENANE-SOLOPOS tanggal 19 Mei 2023 halaman 7

Penulis: Dyah Kurniawati lahir dan bermukim di Madiun. Menggilai fiksi sejak berseragam putih merah. Lulusan Pend. Bahasa dan Sastra Jawa ini mencoba selingkuh ke sastra Indonesia, tapi tak kuasa lepas dari hangat pelukan sastra Jawa. Menulis geguritan, cerkak, esai, cerita lucu juga menulis puisi dan cerpen.





LAMPIRAN:









AH TENANE-SOLOPOS


KELANGAN HP 

Cerita: Dyah Kurniawati


Lady Cempluk punya penyakit lupa yang sangat parah. Setiap mau pulang kerja setelah sampai parkiran selalu balik ke mejanya lagi, pasti ada barang yang tertinggal. Entah itu tas, tempat bekal, dompet, hp dan yang paling sering kontak motor.

Teman kerja seruangan sudah hapal banget penyakit lupanya Cempluk. Kacamata dipakai juga bingung nyari, sampai menghebohkan teman-teman satu ruangan. Tapi anehnya Cempluk tidak pernah lupa ketika punya utang atau pinjam barang selalu tertib mengembalikan. Itu salah satu kelebihan Cempluk. Dia juga sering bawain makanan teman sekantor, tentu masakannya enak sekali dan bikin nagih, hehe.

Pagi itu Cempluk bikin drama lagi. Sekitar jam sembilan suaminya telpon kalau ada saudara yang meninggal dan Cempluk disuruh ijin pulang. Sembari meneruskan telpon, Cempluk membereskan barang-barangnya dimasukkan tas. Namun dia gelisah mondar-mandir disekitar meja kerjanya, buka laci trus diobrak-abrik. Lanjut buka tas dan dikeluarkan semua isinya disuntok, dieker-eker di atas meja Wajahnya tampak panik sambil ngedumel ke suaminya yang sedang menelepon,

“Sik Pak dhilut engkas, iki hp-ku tlisut.”

Jawab gitu sambil terus nglanjutkan nyari hp.

Sementara itu Jon Koplo, Tom Gembus dan Genduk Nicole yang duduk dekat Cempluk gak bisa nahan tawa, tapi tetap menonton polahnya si Cempluk yang sedang nyari hp. Antara kasihan dan gemas jadi satu.

Peluh bercucuran di kening Cempluk, dan masih tetap nggremeng sambil telpon si suaminya sambat kelangan hp. Karena gak bisa nahan tawa akhirnya Genduk Nicole bertanya,

Sampeyan ki nggoleki apa ta, Bu Cempluk?”

“Iki hlo hp-ku mau takdeleh dhuwur meja kok saiki tlisut.”

“La kuwi sing kok nggo telpon apa, hahahah” jawab Nicole sama Koplo bebarengan.

“Jabang bayiiiiik, tibake….” Sakkal Cempluk teriak saking senengnya.

“Haahaaaaaa……”

Wajah cempluk ceria kembali. Sampai dia pamit pulang teman seruangannya, Tom Gembus, Genduk Nicole dan Jon Koplo tetap tak bisa menahan tawa. Hadeeeh.

 

Madiun, 5 Februari 2023

 

##Dimuat di  rubrik AH TENANE-SOLOPOS tanggal 24 Maret 2023 halaman 7

Penulis: Dyah Kurniawati lahir dan bermukim di Madiun. Menggilai fiksi sejak berseragam putih merah. Lulusan Pend. Bahasa dan Sastra Jawa ini mencoba selingkuh ke sastra Indonesia, tapi tak kuasa lepas dari hangat pelukan sastra Jawa. Menulis geguritan, cerkak, esai, cerita lucu juga menulis puisi dan cerpen.




LAMPIRAN:





AH TENANE-SOLOPOS

 

 ES SEPATU

Cerita: Dyah Kurniawati


Senin pagi seisi rumah digegerkan oleh Jon Koplo gegara sepatunya hilang. Padahal hanya

itu sepatu hitam yang masih muat. Mau pakai warna lain takut kena ukuman karena nanti ada

upacara. Seingatnya ketika pulang sekolah sepatu ditaruh di rak sepatu dekat garasi seperti

biasa. Anehnya yang ilang cuma sebelah kanan, yang kiri ada di rak. Seisi rumah umyeg

bantu mencari.

Tom Gembus, bapaknya Koplo melongok bawah mobil barangkali sepatunya nyolot ke situ.

Ternyata juga tidak ada. Ganti buka mobil, mungkin sepatu sebelah kanan tertinggal di dalam

mobil. Tapi tetap tidak ketemu.

“Apa keri neng sekolahan ta sepatune, Jon?” tanya Tom Gembus.

“Lah, niki setunggale enten. Mosok kula wangsul sekolah ngangge sepatu sasisih?”

“Wo, iya ya. Hahaa….”

Lady Cempluk, ibu Jon Koplo juga ikut nyari sembari ndulang Genduk Nicole yang masih

berumur dua taun. Cempluk berkali-kali melirik jam dinding yang menunjukkan angka

setengah tujuh.

“Gek piye iki, Pak? Nek ora ndang diatasi mengko bisa telat mlebu sekolahe, apa nggawe

sepatune bapak ae.”

“Ngawur ae, ya kegedhen ta, Bu,”

“Jane kok wenehke endi ta, Le?”

Air mata Jon Koplo sudah tak tertahan lagi, bendungannya ambrol. Tom Gembus ganti

nyalahkan cempluk,

“Wis ngaliha Bune, rasah nambahi perkara. Kae momongen Nicole bae. Koplo tak

urusane.”

Daripada tambah ribut Cempluk menuju dapur mau bikin es teh biar kepala kembali dingin.

Misteri sepatu Koplo sukses membuat kepalanya mendidih.

Ketika buka kulkas mau ambil es batu Cempluk teriak,

“Ya ampun, la kok neng kene sepatune,”

Tom Gembus dan Koplo sontak berlari ke dapur. Betapa terkejutnya, ternyata di sebelah es

batu tersembul sepatu yang sudah membeku. Bahkan mobil-mobilan, boneka, sandal dan

sapu mobil yang kecil juga terpampang rapi di dalam kulkas. Spontan mereka mencari

Genduk Nikole karena hanya dia yang pantas dijadikan tersangka. Ternyata Nicole tham-

them makan tempe goreng dengan wajah tak berdosa. Hahaha….


          Madiun, 5 Februari 2023

 


#Dimuat di  rubrik AH TENANE-SOLOPOS tanggal 9 Maret 2023 halaman 4.


Penulis: 

Dyah Kurniawati lahir dan bermukim di Madiun. Menggilai fiksi sejak berseragam putih merah. Lulusan Pend. Bahasa dan Sastra Jawa ini mencoba selingkuh ke sastra Indonesia, tapi tak kuasa lepas dari hangat pelukan sastra Jawa. Menulis geguritan, cerkak, esai, cerita lucu, juga menulis puisi dan cerpen.

LAMPIRAN: 

Crita Misteri

NALIKA AKU KEPILIH ING KELAS SKS

Dening: Hanun Azizah Awale aku ora ngarep-ngarep bisa kapilih mlebu kelas SKS. Nanging, nalika bubar jupuk rapot aku ndelok IP ku 90-an....