Sepedhahan Ing Dina Minggu
Dening: Fatha Nuzulul Rohmah
Aku lan kancaku ngrencanakake sepedhahan ngubengi desa. Sajane rencanane
dina Sabtu, nanging kancaku ora bisa makane diundur dina Minggu.
Dina minggu esuk udakara jam 05.40 aku diterke mbakku neng nggone
dulurku arep ngampil sepedha. Amarga ora
duwe sepedha, dadi aku ngampil dhisik. Lan mulih saka jupuk sepedha aku numpak
sepedha silihan kuwi mau. Sajane mbakku rangu-rangu lan ora tega yen aku
sepedhahan dhewe. Wis suwe aku ora numpak sepedha kira-kira telung taunan, dadi
saiki sik rada lali.
Wektu wis nyedhaki gang arah omahku,
aku ngerem dadak karo migunakake rem ngarep dudu rem buri. Lakok ujug-ujug
sepedhahku sisih buri jeplak lan aku tiba njungkel. Wong wong sing neng kana padha mbengok kaget. Nganti wong kang ana ing jero warung ngarep
gang metu kabeh ngrubung aku. Astaghfirullah aku isin banget. Tekan omah aku
diguyoni dening mbakku kang deleng kedadeyane langsung iku, rasane aku pengin
ngilang saka bumi saking isinku . Mbakku sing terus cekikikan tak tinggal nang
pawon lan kanthi kesusu aku sarapan. Wedi nek selak diampiri kancaku
Sekitar jam 07.00 kancaku teka lan nyeluki jenengku. Aku cepet cepet metu
lan ora lali sadurunge lunga aku nyuwun dhuwit marang ibuku dhisik kanggo tuku
jajan mengko.
Aku budal bareng kancaku ngliwati gang
cilik omahku. Omahku mapan ing gang kang cilik nanging sadurunge uga ana dalan
kang ora pati gedhe. Ciri-cirine ing dalan ana papan jeneng dalan kasebut.
Sawise metu gang aku meh nabrak
sepedha kancaku amarga aku isih durung kulina sepedhahan lan isih wedi karo
kedadeyan ngerem ndadak mau.
Untung
wae kancaku sareh banget karo aku. Aku dikongkon neng ngarep, nanging aku ora gelem amarga aku ora ngerti
dalan kang arep diliwati mengko kuwatire malah keblasuk.
Nalika wektune nyabrang dalan
gedhe aku lan kancaku luwih milih nuntun
sepedha alon alon sebab wedi ketabrak. Tekan pertigaan banjur menggok ngiwa
amarga dalan iku lumayan sepi. Aku uga ngliwati kreteg kang rada dhuwur lan
swasane pas mudhun iku nyenengake banget, aku pengin
mbaleni maneh.
Hawane sejuk banget amarga isih esuk
lan wektu iku cerah sarta srengenge durung dhuwur. Aku sepedhahan santai lan
seneng banget karo swasana kasebut.
Wektu ngliwati sawah, aku weruh sesawangan gunung lan sawah kang ijo.
Aku asik nikmati kaendahan nganti ora sadar menawa ana ula ing pinggir dalan kang taklewati,
aku kaget banget lan mbengok banter “ulaaaaa” !!
Kancaku sing wis dhisiki nang ngarep kaget mengo
nyawang aku . Aku saya rosa ngadoh saka papan ula iku. Untung wae ula iku ora kaget
lan nyathek aku. Hiiiii aku mbayangke mrinding dhewe.
Aku wis kesel ngonthel sepedha prasaku
wis tekan adoh. Nanging aku nyawang kancaku kok ora krasa duwe kesel blas. Isih
santai lan ora krenggosan kaya aku. Apa amerga aku suwe ora sepedhahan ya.
Terakhir sepedhahan sekitar telung taun kepungkur. Lan kancaku kuwi meh saben
dina sepedhahan. La layak.
Sasuwene sepedhahan aku arang ngobrol
karo kancaku mau. Amerga nek omong dadak bengok dadi irit tenaga. Luwih becik
nyawang kiwa-tengen kang luwih endah. Aku ngomong ngenani bab-bab acak karo
kancaku mbuh krungu apa ora mung dijawab “ya”. Sing dirembug akeh bab lan crita
omahe mbahku kang siji jalur karo dalan kang mau dilewati tapi sebenere lumayan
adoh saka dalan iku sih,hhehe.
Ora krasa ujug-ujug wis tekan
pertigaan sing kaping telu. Kancaku
takon ning aku kanggo milih dalan kang endi. Aku njawab menggok nengen amarga
pancen aku pengin weruh sebab aku durung tau liwat kono. Nanging jebul dalane
rusak banget, aku ngrasa getun milih dalan kasebut.
Sidane ngliwati dalan iku karo sambat
lan ngresula. Nanging wis kadhung tekan tengah-tengah dadi ya gelem ora gelem
ya tetep diterusne. Sawise metu saka dalan sing rusak iku, aku cukup kaget
amarga dalan kuwi jedhule dalan kang lewati mau dadi mulek bae lewat dalan iku
maneh. Hehehehe
Sadurunge muleh aku lan kancaku arep tuku jajan dhisik. Lewat dalan sing lurus arah lapangan Pilangbango .
Tekan kana aku lan kancaku markir sepedha ing parkiran
lan kepeneran ing papan iku akeh wong lagi jogging. Aku karo kancaku uga melu
jogging pisan lan karo crita bab-bab
kaya film rekomendasi, film kang akhir-akhir iki kondhang, novel lan
liya-liyane .
Sawise jogging banjur aku karo
kancaku lungguhan ing taman. Ing kono akeh bocah dolanan kaya ayunan, prosotan
lan liya-liyane. Sajane aku pengin
lungguh ing ayunan nanging ana wong kang suwe banget ora lunga saka ayunan
kasebut. Ayunane loro lan loro-lorone ana wong kang manggoni.
Sidane aku karo kancaku golek papan
lungguh saeneke sing penting ora kepanasen. Kancaku crita idolane kang kondhang
ing bidang badminton(atlet) lan
dirumorke pacaran dening netizen. Kancaku ora pracaya lan mangkono uga aku uga
ya ora pracaya amarga pancen si atlet ora seneng ngumbar uripe ing akun
sosmede.
Sawise kesel nunggu ayunan kosong aku
lan kancaku tuku jajan dhisik , yaiku
crepes lan cilok. Aku pesen loro sing siji kanggo mbakku. Sawise iku aku lan
kancaku banjur mulih. Kancaku ora bisa mampir omahku alesane arep ngumbah klambi kanggo melu lomba sesuk. Sawise
tekan pertigaan aku menggok ngiwa kancaku bablas lurus, mulih menyang omah dhewe-dhewe.
Tekan omah aku ngumpetake crepesku
lan menehake cilok iku marang mbakku. Lan nalika cilokke entek, ganti crepese
tak wenehke mbakku lan mbakku seneng banjur maem bareng karo aku.
Iku pengalamanku sepedhahan ing dina
Minggu . Matur nuwun.
#Kapacak ing Majalah Madinah MTsN Kota Madiun (ISSN 2807-80550. Volume 4 Nomor 1, Maret 2022, kaca 27
.
Biodata Pangripta: Fatha Nuzulul Rohmah
lair tanggal 27
juni 2008. Siswa MTsN Kota Madiun program 2 taun lulus iki duweni kasenengan nonton lan maca. Cita-citane pengin dadi guru sing sukses, supaya bisa nularake ilmu marang para
murid. Aamiin.
LAMPIRAN:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.