LAKONING URIP
dening: Wasyaveera Keysyha Saputri
Seminggu sadurunge ibu kapundhut dening Gusti Allah SWT, panjenengane
rewang neng lamarane tanggaku. Ing kono akeh panganan lan es. Nalika neng acara
lamaran iku ibu wis mbayahi watuk pilek nanging ibu tetep nekat ngunjuk es.
Sakondure saka acara lamaran iku ibu ngendika yen tenggorakone rasane gak
penak. Sesuke aku lan bapak ngeterake ibu terapi lan mulihe mampir ing daleme
mbah uti. Ing daleme mbah uti ibu isih ngrewangi bulikku nglebokne sega lan
jajanan ing kothak amarga lagi ana pesenan akeh. Ing kono ibu ya crita yen
awake krasa ora kepenak lan bapak langsung ngejak ibu kondur. Jam telu sore
ibuke ngewel lan kabeh keluwargaku kuwatir. Bapak arep ngasta ibu ing rumah
sakit nanging ibu ora kersa.
Telung dina
sawise kuwi masku sing nomer siji lan nomer loro ya melu lara. Sesuke aku lan
bapak ya nyusul melu lara pisan. Dina setu bengi nalika lagi maem ing ngarep TV
karo masku aku semaput. Sadurunge aku ngomong neng masku, “ Mas...aku lara”.
Bar ngono
mripatku klemun-klemun lan katon abang kabeh banjur rasane peteng dhedhet ora
katon apa-apa trus ora eling. Jarene masku kabeh melu bingung weruh aku
semaput. Bapak lan ibu sing ana kamar sakkal langsung melu ngrubung aku ing
ngare TV.
Sawise aku sadar
bapak langsung ngendika, “ Key, kowe turu neng ngisor bae ya ben aku isa ndelok
keadaanmu”.
Karo isih lemes
aku jawab, “Inggih, Pak.”
Sidane aku turu
ing ngarep TV karo mas-masku. Jam loro esuk aku tangi amarga kebelet
pipis.Sabubare iku ibu lan bapakku nginguk aku kok durung turu lan banjur
ngancani aku melekan banjur mak less aku turu maneh. Bengi kuwi kedadeane isih
aman. Jam papat esuk ibuke sambat lan ngendikane ora karuan. Aku melu bingung
langsung nggugah mas-masku. Aku donga muga-muga ibu ora apa-apa. Amarga awakku
lungkrah aku turu maneh lan ibu dijaga bapak lan mas-masku.
Jam lima aku
tangi maneh amarga krungu swara sing gawe trataban. Tibake ibu wis sakaratul
maut aku nangis lan mbuh rasane ora isa dibayangke kae. Jam setengah pitu ibuku
digawa ing rumah sakit numpak mobil, aku neng omah dhewe lan perasaanku wis gak
karuan mbeseseg neng dhadha. Masku sijine ngetutne neng Rumah Sakit numpak
motor.
Gak suwe maneh
bapakkurawuh numpak motore masku mau arep jupuk kemul. Karo ngrewangi bapak
nata barang sing arep digawa menyang rumah sakit aku takon semu kuwatir, “ Pak,
ibu kepriye?”
Bapak isih meneng
bae, terus ngendika sing gawe kagetku, “ Ibu wis gak enek Chaa.”
Aku langsung
nangis donya rasane peteng. Rasane isih ora percaya yen ibuku sing dhek bengi
isih ngancani aku saiki wis seda. Nalika jenazahe ibu rawuh ditumpakake ambulan aku nangis tambah banter.
Bar iku ibu disholatake lan dimakamake.
Telung dina
sabubare iku bapak gerah ora kersa dhahar. Pas dina jum’at bapak wis gak sadar
lan digawa neng rumah sakit. Bapak didiagnosa kena covid, terus bengine aku diswab
lan akhire aku positip. Mas-masku isih jaga ing rumah sakit lan sesuke
dileboake ing ruang isolasi. Aku turu neng omahe mbah uti sik amarga ing omah
ora enek wong. Bar iku mas-masku mulih lan aku uga diulihke banjur diisolasi
rong minggu neng omah bareng mas-masku uga bulikku sing positip.
Bengi iku
kluwarga besarku ing grup WA padha video call kanggo nyemangati aku kabeh lan
dongakne supaya bapak enggal waras maneh. Nanging, sesuke aku nampa kabar saka
rumah sakit yen bapak oksigene endhek. Bar isyak aku keturon lan tangi jam setengah
sewelas bengi amarga hpne masku muni ana telpon. Tibake iku tepun saka rumah
sakit sing ngabarake yen bapakku wis
drop. Oksigen sing awale 75 malih 56, dibantu rong oksigen tetep gak mempan. Oh
iya, jarene perawat bapak ing kana ya isih mikirake ibuk. Aku, bulikku lan
mas-masku langsung donga muga bapak ora apa-apa. Aku wedi yen bapak......
Jam setengah
sewelas bengi telpun saka rumah sakit lan ngabarake bapak wis seda. Kabeh
langsung syock lan nangis apamaneh aku. Sajroning nangis aku keturon embuh
semaput pokoke tangi-tangi wis subuh. Sawise diurus jenasahe bapak bar ashar
dimakamne nganggo protokol ing sampinge ibu.
Aku nyekseni ing kuburan lewat video call saka sedulurkyu sing melu ing
kuburan wis ora kuwat ngglawat. Aku lan mas-masku ora oleh metu saka omah
amarga isih isoman. Ora enek seminggu aku wis kelangan bapak lan ibuku. Rasane
wis entek eluhku nangisi prastawa kang ana ing keluwargaku sing mung
sakedheping mripat. Rasane isih ora percaya. Nanging saiki aku wis isa lila
egawa marang takdirku. Pranyata Allah luwih tresna wong tuwaku. Isane mung
donga muga bapak lan ibu diampuni dosa-dosane lan kalebu ahli swarga. Bismillah
saiki aku lan mas-masku miwiti dina anyar
tanpa bapak lan ibu. Aku janji
arep sinau sing sregep lan pengin dadi
hafidzah ben bisa nyaosake mahkota marang bapak ibuku mengko ing suwarga.
Aamiin.
#Kapacak ing Majalah Madinah MTsN Kota Madiun (ISSN 2807-80550. Volume 4 Nomor 1, Maret 2022, kaca 29.
Biodata Pangripta: Wasyaveera Keysyha Saputri. Siswa MTsN Kutha Madiun iki lair ing tanggal 31 Agustus 2008. Duweni cita-cita dadi dokter, supaya bisa nyenengake bapa ibune kang wis sare ing alam kelanggengan. Muga klakon apa sing dadi gegayuhane. Aamiin.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.