Kamis, 01 Mei 2025

CRITA MISTERI

 GALUH DIGONDHOL DHEMIT

Dening: Dyah Kurniawati

Galuh ilang bengi iki. Warga sadesa geger. Kenthongan nithir tandha bahaya nggugah wong-wong kang lagi ngumbara ing alam impen. Kabeh padha gemrudug ing bale desa, karo klesik-klesik takon tinakonan ngenani ilange Galuh. Sauntara iku ibune Galuh mingseg-mingseg, awake lemes dadi rubungan ibu-ibu liyane.   

******

Sabubare sholat Isya saben malem Minggu aku langsung ndarus  karo kancaku telu yaiku Dewi, Sinta lan Galuh. Kawit isih TK nganti saiki klas 5 SD, aku karo kancaku kuwi yen mulih saka langgar mesthi barengan merga dalane saarah. Udakara jam sanga bengi,  aku sakanca bebarengan mulih. Ing langgar isih ana bapak-bapak sing nerusake ndarus.

Ora kaya biasane, sajoge metu saka langgar Galuh sing biasane crigis katon meneng. Yen ditakoni mung semaur saperlune. Kamangka sasuwene iki Galuh sing paling ceria lan tansah ngramekne swasana.

Tekan protelon aku ngulon, Dewi lan Siti ngetan dene Galuh lurus. Tekan omah sawise wisuh aku banjur mapan turu. Lagi ngliyep sedhela ana sing nothoki lawang. Karo liyep-liyep aku krungu bapak mbukakne lawang banjur  lamat-lamat omong-omongan ing ruwang tamu. Aku wis ora pati nggape merga saking ngantukku.

Ujug-ujug bapak ngelus-elus lengenku karo mbisiki, “Ndhuk, tangi dhisik ya. Kae digoleki bapak lan ibune Galuh ing ruwang tamu.” 

Karo kriyip-kriyip lan ngucek mripat aku lungguh rada aras-arasen. Bapak njupukne mimik ben urip ragaku. Sawise rada seger, bapak nggandheng aku tumuju ruwang tamu. 

“Saras. Weruh Galuh Ndhuk?” Ibune Galuh takon karo nyekeli pundhakku. 

“Hah...!!!” aku sumaur bingung.

“Ndhuk, sabubare ndarus mau Galuh menyang ngendi?” gantian bapake Galuh nakoni aku kanthi praupan mbrabak ngempet susah.

“Hlaa..., Galuh dereng mantuk?” takonku tansaya bingung.

Dadi nganti saiki Galuh durung mulih. Aku isih durung dhong bocahe menyang ngendi. Mau ing protelon dheweke ya mlaku tumuju omahe. 

Sidane kabeh sing neng kono, bapak ibuke Galuh lan aku diterake bapak ibukku kabeh tumuju omahe Dewi lan Siti. Menawa Galuh melu neng omahe kancaku kuwi. Nanging Galuh tetap ora ana. 

Merga bingung, kabeh bablas neng bale desa nglaporke  yen Galuh ilang. Sawise para perangkat desa lan warga ngumpul banjur rembugan kanggo nggoleki Galuh. Aku, Siti lan Dewi diinterogasi warga  minangka sumber warta kang pungkasan ketemu Galuh. Aku sakanca nangis, wedi nek Galuh diculik. 

Pak  Lurah banjur mbagi tugas nggoleki Galuh. Ana sing ngetan, ngulon, ngidul lan ngalor. Ora lali tegalane Mbah Sam sing cedhak protelon panggonanku pungkasan misah mau uga dadi target.  Sadurunge budhal, bapak-bapak nyiapake oncor, senter lan kenthongan saka pring digawa mubeng. Wektu iku kampungku durung ana listrik.

Nganti adzan Subuh Galuh durung ditemokne. Ibune Galuh njerit-jerit banjur semaput lan dadi layatan. Kabeh warga bubar sholat Subuh dhisik, rencanane mengko yen wis rada padhang diterusake maneh nggoleki Galuh. Aku uga mulih kanthi mripat bengep merga kesuwen nangis. Sabubare subuhan aku mapan turu. 

Udakara jam 7 esuk ana gemrudug ing dalanan ngarep omahku. Lamat-lamat aku krungu yen Galuh wis mulih. Cekekal, tanpa raup dhisik aku mlayu neng omahe Galuh. Tekan kono wis akeh wong. Aku mblusuk neng selane ibu-ibu kang ngadeg ngrubung Galuh kang nangis ing ruwang tengah. Saya akeh sing teka, saya banter tangise. 

Aku diawe ibune Galuh kongkon nyedhak. Weruh aku teka, Galuh langsung gandheng tanganku tumuju kamare. Tekan kasur Galuh tansaya gero-gero, trus tak rangkul nangis bareng.

Sawise meneng, Galuh crita,

“Aku wedi Saras,”\

“Wedi ngapa?”

“Mau bengi samulihe ndarus, sawise protelon aku digandheng wong ireng gedhe dhuwur dijak menggok neng tegalane Mbah Sam. Merga wedi aku manut bae. Tibake ing tengah tegale Mbah Sam ana omah gedhe magrong-magrong lan akeh cah cilik wedok sabarakan aku karo kowe, nanging ora ana sing tak kenal blas.

Galuh ngelapi eluh sing ana pipine. Banjur nerusake crita, 

“Wong lanang  mau ngongkon aku mangan. Ing meja akeh panganan nanging aku durung nate weruh panganan iku sadurunge. Sawise dipeksa bola-bali aku panggah emoh. Awale wong lanang kuwi apik, nanging saya suwe saya kasar. Aku digebuki…,” Galuh nangis maneh.

“Aku kasil mlayu saka omahe. Nanging sakiwa tengen katon peteng lan akeh wit gedhe sing medeni. Aku terus mlayu ngliwati jurang lan kali. Pokoke aku mlayu terus karo merem.”

“Nalika mlayu kuwi aku krungu swara kenthongan lan kelip-kelip weruh cahyane obor, nanging lambeku kekunci ora bisa mbengok. Trus aku kesandhung pang gedhe lan tiba, banjur wis ora eling apa-apa maneh.” 

Aku domblong lan bingung krungu critane Galuh. 

“Dumadakan ana sing nyenggol sikilku. Nalika tak buka mripatku, tibake wis padhang jingglang. Neng ngarepku ana Mbah Sam. Tibake aku keturon ing watu gedhe tengah tegale Mbah sam, lan sing nyenggol sikilku mau Mbah Sam nggugah aku. Banjur aku diterake mulih, klambiku suwek kabeh, sikilku kubak endhut lan tatu kena eri. Iki isih perih.” Galuh mungkasi critane kanthi cahya kang rada seger, wis plong. 

Ora suwe Galuh merem banjur keturon angler. Sawise takkemuli, alon-alon aku metu methuki ibuke Galuh. Ibune Galuh kandha, yen mau esuk Galuh ditemu  Mbah Sam turu ing Watu gedhe kanthi klambi rowak-rawek, lan awake gupak endhut katon kesel kaya bubar mlayu adoh.

Sing aneh, mau bengi bapak-bapak ya padha leren lungguhan ing watu gedhe tegalane Mbah Sam kasebut nalika nggoleki Galuh.


********

Madiun, 2 Maret 2025


*Wis kapacak ing Majalah Jaya Baya No. 31 Minggu V Maret 2025




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Matur nuwun sampun pinarak wonten mriki.

Crita Misteri

NALIKA AKU KEPILIH ING KELAS SKS

Dening: Hanun Azizah Awale aku ora ngarep-ngarep bisa kapilih mlebu kelas SKS. Nanging, nalika bubar jupuk rapot aku ndelok IP ku 90-an....