BAKUL ANEH, DITUKONI ORA OLEH
dening: Dyah Kurniawati
Mulih saka nyambut gawe hawane panas
banget. Tenggorokanku garing pengin disiram karo sing seger-seger. Sepeda motor
taklakokne alon-alon, sirahku tolah-toleh ing sapinggiring dalan mbokmenawa ana
bakul es utawa omben liya sing cocok karo hawa awan iki.
Jelalah sadawane dalan nganti meh
tekan omah ora enek bakul omben sing
bukak. Biasane Es oyen Bandung, es sari tebu, es campur, es cincau lan
es dawet umbrukan turut dalan sing sabendina takliwati. Kok ya pas dipengini malah
padha prei.
Sidane mandheg bakul es degan kulon
omahku. Kaya biasane aku tuku loro dikerikne
pisan, regane 11 ewu. Bayanganku neng omah kari nyruput, masiya tanpa gula lan
es wis seger alami.
Nanging lagi wae motorku arep tak
jagang, bakule degan kandha,
“Bapake wau sampun mundhut kalih,
nembe mawon kok Bu.”
Aku rada mikir dadi mung jawab, “Oh.”
Weruh aku meneng rada bingung, mbak
bakul njlenterahake,
“Tinimbang dobel-dobel bu, napa
mangke menawi kirang mundhut malih.”
“Nggih mpun Mbak, matur nuwun.”
Sidane aku ora sida medhun lan
motor takstater maneh nerusake laku.
Tekan omah kok lawangku isih
digembok, berarti bojoku durung mulih
saka kerja. Penasaran gage tak bukak kulkas mbokmenawa bar ndeleh degan njur
metu maneh. Nanging neng kulkas ora enek degan sing tak goleki. Saking
penasarane bojoku langsung tak telpon,
“Mas, jenengan wau mundhut degan ta?”
“Degan apa? “ Bojoku nyauri karo rada
bingung.
“La jenengan wau mpun kondur dereng?”
“Ya durung lah, kan iki durung jame mulih?”
“Nggih mpun.”
Telpun taktutup. Aku dheleg-dheleg
neng kursi lan ngombe banyu putih saka morong. Sinambi mbayangke duduh degan
aku isih mikirne bakul degan mau. Aneh,
ditukoni ora oleh. Ana-ana bae, dilarisi kok ora gelem. Hehehe...
Madiun, 23 Juli 2022
# Wis kapacak ing kalawarti Jaya Baya No. 3 Minggu III September 2022, kaca 48.
Biodata Pangripta: Dyah Kurniawati. Sawijining wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa. Lulusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah UNESA iki uga nulis cerkak, cerpen, puisi, resensi buku lan liyane. Saiki dadi buruh momong ing MTsN Kutha Madiun .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.