Kleru Sekolah
Pak J wong utun saben dina sabane mung neng sawah lan ngarit. Anake ontang-anting wadon jenenge Y wis klas loro SMK ing kutha. Sasuwene iki durung tau weruh sekolahe anake, amarga wiwit daftar bocahe wis bisa ngurus dhewe karo kanca-kancane. Amarga omahe adoh banjur ngekos ing sacedhake sekolahan.
Nuju rapotan semester siji sing jupuk kudu wong tuwane. Si Y mulih saperlu ngabari wong tuwane. Sajane rapot arep dijupuk ibune sing wis kulina lunga nang kutha. Nanging pasiku lagi wayahe rewang tanggane sing duwe gawe dadi ora bisa. Sidane sing jupuk rapot Pak J, la piye maneh sapa sing arep jupuk saliyane wong tuwane sakloron.
Sajane Y ya kuwatir bapake bingung apa ora amarga bapake ora tau lunga menyang kutha. Sawise diterangke angkutan lan ancer-ancer sekolahe lan ketoke Pak J paham akhire Y balik neng kost neh amarga sesuk kudu sekolah. Lan jadwal jupuk rapot dina Sabtu isih suk emben.
Tenan. Sabtu Esuk jam enem Pak J wis dandan mlithit ora kaya biasane. Sawise sarapan lan ngombe kopi enggal budhal neng ratan gedhe saperlu nyegat colt sing nuju menyang kutha. Dieling-eling banget kandhane anake ngenani ancer-ancer sekolahe. Ora nganti limang menit saka wetan wis ana colt warna biru. Enggal disetop lan Pak J munggah oleh panggonan sacedhake bakul kang padha arep menyang pasar.
Tekan entek-entekane panggonan colt mandheg Pak J mendhun lan mlaku ngener kulon kaya welinge anake. Udakara limang atus meter Pak J semlengeren amarga ing kono jejer gedhung sekolah akeh. Dheweke bingung ing ngendi sekolahe anake. Karo dheleg-dheleg pak J leren ing bok sacedhake gerbang salah sijine sekolahan. Meh sajam mung meneng karo nyawang mlebu metune wong liwat.
Nalika ana bapak klambi putiharep mlebu gerbang, Pak J manek-manekne takon,
“Pak, menawi badhe mendhet rapot dhateng pundi nggih?”
Bapak klambi putih mandheg karo mesem,
“Nggo sareng kula nggih badhe mendhet rapote anak kula.”
Pak J jrantal ngetutke mlebu neng sekolah iku lan enggal mlebu ruwangan lan lungguh melu antri nunggu diceluk jenenge anake. Wis pirang-pirang jam Pak J mbatin kok jenenge anake ora ndang disebut nganti kabeh wong sing neng kono entek kari guru sing mbagi rapot.
Bu guru marani Pak J lan kanthi alus takon,
“Hlo pak, putrane kelas pinten?”
Pak J mangsuli karo ngeling-eling kelase anake, “Kelas kalih jurusan tata boga bu”
Bu Guru kaget, “Hlo mriki SMA 5 Pak, la SMK sekolahe sawetane mriki.”
Pak J bingung, sidane karo ibu Guru sing apikan mau Pak J diterke tekan ngarep lan didudehne sekolah sing dikarepke Pak J.
Sauntara iku si Y meh nangis mbrabak nunggu bapake ora teka-teka jupuk rapot. Kamangka meh jam sewelas lan undhangane jam wolu. Kabeh wong tuwane kancane skelas wis padha jupuk kari dheweke thok. Karo pikiran sing ora karuwan, Y nunggu bapake ing pinggir dalan sacedhake gerbang. Wedi nek bapake kesasar utawa liyane.
Nalika weruh kledhange bapake saka kulon age-age digapyuk, dibrolke sakabehe pangrasa. Ealah tibake mau kleru mlebu sekolah. Ana ana bae.
Madiun, 12 Mei 2022
# Wis kapacak ing kalawarti Jaya Baya No. 42 Minggu III Juni 2022, kaca 48.
Biodata Pangripta:
Dyah Kurniawati. Sawijining wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa. Lulusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah UNESA iki uga nulis cerkak, cerpen, puisi, resensi buku lan liyane. Saiki dadi buruh momong ing MTsN Kutha Madiun.
LAMPIRAN:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Matur nuwun sampun pinarak wonten mriki.