Dening: Hanun Azizah
Awale
aku ora ngarep-ngarep bisa kapilih mlebu kelas SKS. Nanging, nalika bubar jupuk
rapot aku ndelok IP ku 90-an. Sidane dening ibuku dikongkon melu SKS wae.
Ngendikane ben enek pengalaman lan gampang nggolek sekolah mbesuke. Aku gelem
melu. Wiwitane rasane kaya enek kedadeyan penting kang bakal ngrubah uripku.
Sing
sadurunge aku aras-arasen saben wayahe sinau, saiki malih dadi sregep maca buku
lan ngerjakne tugas. Awale aku durung ngrasakne sengsara nanging suwe-suwe
tugas ki teka bareng-bareng. Aku bingung lan kaget merga durung kulina.
Pas wis
wayahe ujian akhir semester panggone neng Kuncen, Kampus 1. Eh iya, kelasku
manggon ing Kampus 2 kang alamate ana ing dalan Barito No. 13. Merga kelasku program
Hubbul Quran dadi kudu wajib mondok setaun ing mahad kene. Mulihe rong minggu
pisan. Aku lan kanca saka Kampus 2 sing katut SKS padha seneng, soale bisa ngrasakne
sekolah neng Kampus 1 kang terkenal jajane enak-enak.
Saben
esuk sasuwene ujian ing Kuncen, aku lan kancaku budhal esuk jam 6 nganggo
Maxim/Gojek saka Barito. Sawise tekan Kuncen bajur tumuju ing Aula panggone
ulangan kasebut. Karo nunggu pengawas ujian rawuh, aku mbuka buku sinau. Ngono
terus nganti ulangane bar, trus bali maneh ing Mahad Kampus 2, uga migunakake
jasa Maxim/Gojek.
Harapanku
ora muluk-muluk, muga bae aku krasan lan lolos ing kelas SKS.
******
Madiun,
7 Mei 2025
Biodata
Pangripta: Hanun Azizah.
Lair ing tanggal 23 Agustus 2011. Saiki isih dadi siswa MTsN Kota Madiun Kelas
7L. Nduweni kasenengan maca buku. Cita-Citane pengin dadi pengusaha sing
sukses, supaya bisa dadi kebanggaane wong tuwa. Aamiin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Matur nuwun sampun pinarak wonten mriki.