BAKUL TOMAT NYALAWADI
dening: Dyah Kurniawati
Hawane sumuk banget dina iki. Takdeleng jam sing
cumanthel ing tembok wis nuduhake angka sewelas luwih, tibake wis manjing
Luhur. Upama ibu ora nimbali paling aku
isih nglamun ing kene karo drodosan luh ngrasakne larane awakku sing wis ora
karuwan iki, mati ra mati urip ora urip. Taklakokne alon-alon kursi rodha sing tansah setya ngancani dina-dinaku kang
mrihatinake. Aku metu marani ibu sing sajak gayeng ngendikan neng latar, mbuh
karo sapa. Sajoge lara aku tansaya nglokro lan luwih becik ndhuwel ing jero
omah. Aras-arasen yen ketemu wong yen mung nakokake laraku sing embuh isa mari
apa ora. Aku wis kesel ing donya iki,
ora mung ragaku nanging jiwaku uga luwih lara. Upama saiki dipundhut karo sing
Kuwasa aku wis pasrah, pasraahhhhh.
Maknyut
kelingan bapakku swargi,
“Pangapunten bapak kula dereng
saged dados anak ingkang bekti malah tansah ngrepotke. “
Aku nangis ngguguk maneh yen
ngelingi kuciwane bapak marang aku. Senajan ora kawetu nanging panjenengane
katon gela nonton polahku sing ora bisa ngatur blanja. Nganti utang mrana-mrene
mung kanggo tuku barang sing ora patiya penting. Kadhangkala mung mburu senenge
ati nganti ora krasa entek-entekan. Bayarku lan bayare bojoku katut
takgadhekne, kabeh barang sing takduweni uga kadol. Nasatna kanggo mangan bae
nunut wong tuwa. Sajane aku isin nanging piye maneh. Amarga bantere pikir
banjur dadi laraku. Jenenge wong tuwa
piye piye panggah mikirke anak. Masiya masalahku wis takdhelikne kanthi primpen, nanging suwe-suwe wong tuwa
uga krasa. Apamaneh limang taunan iki aku mlebu metu Rumah Sakit, iki sing
dadekake bapakku tansaya abot penggalihe.Aku minangka anak mbarep sing
digadhang-gadhang melu ngentas adhi-adhiku kok malah dadi kembang amben lan
ngentekne bandha donya. Omah lagi madeg jegreg, durung suwe ngrasakne ngiyup
omah dhewe wis diuji dening Gusti.
Bapakku seda rong taun kepungkur gerah jantung
dadakan. Kamangka bapak salawase arang
gerah lan durung nate opname Nganti meh sedane ora kersa digawa menyang Rumah
Sakit mung rawat jalan . Lan akhire ora
kuwat ngglawat banjur neng adhikku sing perawat disaranke mlebu UGD. Mung
sedina nginep UGD bapak wis sowan marang
Gusti . Aku sing rumangsa paling kadosan melu dadi layatan, semaput
ora siap nampa kanyatan.
“Rin,
mreneya dhilut ndhuk.” Ngendikane ibu mbuyarke angenku.
“O
niki ta bu putrane ingkang sakit?” pitakone wong lanang sing kawit mau
ngendikan karo ibu banjur nyedhaki aku lan ngajak salaman. Sajane aku wegah yen
mung basa-basi sing mbosenke ngene iki. Neng sandhinge enek sepedhah motor
lawas lan dipasangi obrok kiwa tengen isi tomat. Palingna bakul
tomat sing lagi ider. Nanging kok kaya wis kenal suwe marang aku, tumanduke sok
remaket nyumadulur. Nanging atiku wis kadhung ora duwe daya kanggo urip. Dadi ora
bisa mbedakake wong apik apa ala, aku wis mati rasa.
“Panjenengan
asline tiyang sae hlo mbak, purun nggih kula tambani?” ujug-ujug wong kuwi sok ngguroni kaya
weruh-weruha laraku bae. Aku di pandheng tajem nembus tekan sajroning kalbu.
Sakkal mengkorog githokku , aku njur
mlengos ngipatke rasa aneh sing njalar sarandune awak iki. Wedi, nggumun,
gething, kudu nangis lan kumudu mlayu saka kene. Weruh aku katon bingung,
ibuku njawil aku karo mbisiki,
“ Wis ta Rin, manuta bae. Sapa
weruh iki dadi srana ilange laramu. Gelem ya ndhuk...bismillah.”
“Nggih , mangga kersa ibu
mawon.” Kandhaku karo ndhingkluk ngempet sakabehe rasa. Bisaku mung manut lan
pasrah. Rasane wis ora ana pangarep-arep maneh. Taunan wis mertamba
mrene-mrana, mlebu-metu Rumah Sakit. Ora
kurang-kurang ragad sing ambyar, upama di itung wis bisa gawe omah tingkat
selawe, nanging laraku ora suda malah tansaya nemen. Lan sing paling nambahi
aku tansaya angluh nalika telung wulan wingi driji sikilku loro kudu
diamputasi. Donyaku kaya wis kiyamat, apamaneh sabubare oprasi sakabehe awakku
aboh, wetengku gedhi kaya meteng sangang wulan. Mung dadi kembang amben gawe
repote kluwargaku. Yen deleng anak-anakku sing isih cilik nunggoni aku karo
panyawang angluh rasane kudu njerit-njerita kae. Umurku lagi 40 taun lagi
nedheng-nedhenge ngrasakne gumebyare donya.
“Niki mbak, cobi di unjuk
riyin sagelas mawon.” Wong lanang sing pranyata bakul tomat iku ngelungke gelas lan botol isi banyu putih.
“Napa niki, Pak?” semaurku
karo semune ora percaya karo banyu kuwi.
“Iki banyu lehku njupuk neng
pawon, trus didongani bapake iki. Gek jajal ombenen ndhuk.” Ibuk nerangake amrih aku gelem ngombe banyu
kuwi.
Sadurunge banyu neng gelas
entek taksruput, bapake pamitan lan pesen supaya banyu sing neng botol rong liter setengah iki kudu
takentekne sadurunge mapan turu ngko bengi. Anehe kok lagi taktinggal mengo bae
bakul tomat iku wis ilang. Pranyata ibuku ya melu nggumun, kaya ora sabaene.
Aku banjur diterke ibu menyang
jero kamar supaya isa leren lan banyune sing bar tak ombe mrasuk nambani
laraku. Ibu banjur ndeleh banyu sisane
neng meja sacedhake paturonku. Makles ora ndadak itungan menit aku wis
ora eling apa-apa mlayu neng alam impen.
Ing sajroning impen prasaku
ketemu karo pawongan jubah putih ing satengahe dalan ing tengah alas gung
liwang-liwung. Ing ngimpi iku aku mlaku adoh lan nalika krasa kesel leren ing ngisor wit kang
ngrembuyung. Trus diparani aki-aki jubah putih lan menehi aku ngombe tanpa
nyuwara. Banyu ing botol taktampani lan lagi tak ombe sasruput lakok aki-aki
mau musna. Jenggirat aku tangi, pranyata ibuku isih nunggoni aku amarga turuku
klisikan lan gobyos. Awakku panas banget dikompres ibuku. Wetengku mules lan
kebelet pipis ora kena diempet.
Sawise diterne ibu tekan
jedhing, langsung takbrolke apa sing ngganjel ing wetengku. Aku kaget pipisku
kok rupane putih kenthel semu munthuk. Awakku wis ora panas maneh nanging
praupanku pucet, neng ibuk banjur dijupukne banyu sisane mau. Tak ombe
glegek-glegek supaya duwe daya. Mbuh bar ngetokne pipis sing ora sabaene mau
rasane otot bebayuku kaya dilolosi. Aku banjur tangis-tangisan karo ibuku.
Bengine aku nglilir lan
ngetokne banyu pipis luwih kenthel saka awan mau. Amarga ora tega nangekne
bojoku, aku trantanan nggawa teken. Tekan jedhing ambrol kabeh banyu sing neng
wetengku lan rasane mripatku padhang pyar.
Aku njur dhoprok neng
dhingklik ngarep jedhing. Takgrayahi wetengku kok kempes. Hlo sikilku kok wis
ora aboh. Dhuh Gusti matur nuwun. Karo ngadheg ngranggeh tisu kanggo ngelapi
luhku sing drodosan. Lakok aku isa ngadheg, banjur jumangkah alon....allahu
Akbar aku isa mlaku maneh.
Nganti tekan kamar aku isa
mlaku senajan alon ora nganggo teken maneh. Takbrukne awakku alon ing kasur
kuwatir yen mbribeni anak bojoku, aku merem maneh. Nanging durung nganti
saseran aku kebelet neng mburi maneh. Hlo hlooo.... aku kesusu mara neng
jedhing setengah mlayu. Tekan ngarep jedhing ibuku sing lagi mususi beras
nganti kamidhomblongen lan berase kuthah kabeh. Ibu banjur nggapyuk ngrangkul
aku karo mbengok,
“Rinaaaaaa......ndhuk
anakku!!”
“Sik buk .....kula kebelet!!”
Tekan ngarep jedhing wis ora
sranta, ambrol banyu saka jero wetengku. Grojog nganti swarane kaya banyu
disuntak saka ember....soooor!!. Wernane
kaya banyu kumbahan sing ana unthuke. Ibuku ngadeg kamitenggengen.
Ora krasa bojo karo anakku wis
ngrubung aku. Banyu pipis sing kebak unthuk iku gage diresiiki bojoku. Anehe
kok kenthel dadi ora mblambang neng jogan. Karo ngucap takbir lan istighfar ibu
ngelapi luhku sing brol-brolan kaya bar mlayu adoh. Sawise ngresiki awakku, ibu
banjur ngeterke aku lungguh ing sofa karo ora kurang-kurang anggone ngucap
syukur.
Maknyut banjur aku
pandeng-pandengan karo ibu lan spontan muni bareng, “Bakul tomat “.
Sesuke aku banjur latiyan metu
saka omah dikancani ibukku. Ora krasa mlakuku tekan ratan nyag-nyag kaya ora
lara kae. Kamangka wingi isih ing dhuwur kursi roda, ngadeg bae kudu nganggo
teken. Tangga teparoku banjur ngrubung ngertakne kabeh padha nggumun. Banjur
ibukku crita lan takon tangga teparo apa wingi weruh ana bakul tomat sing ider
udakara jam sewelas awan. Anehe kabeh blas ora ana sing weruh. Kamangka nek
enek bakul ideran murah mesthi ibu ibu neng kampung ora ketinggalan. Aku mung
pandheng-ndhengan karo ibu lan rasane mrinding banget. Allahu Akbar.
Madiun, 14 Mei 2022
# Wis kapacak ing lensasastra.id kanthi link: https://lensasastra.id/author/dyah-kurniawati/
Biodata Pangripta: Dyah Kurniawati. Sawijining wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa. Lulusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah UNESA iki uga nulis cerkak, cerpen, puisi, resensi buku lan liyane. Saiki dadi buruh momong ing MTsN Kutha Madiun .
Lampiran:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.