Rabu, 17 Mei 2023

Cerkak-Wacan Bocah


Sumirat Sunare Srengenge

Dening: Dyah Kurniawati

Esuk iki langite sumilak padhang jingglang. Srengenge jumedhul saka brang wetan  anguk-anguk ing suwalike megha, sunare cumlorot madhangi jagad. Ocehane manuk ing pang wit pelem nambahi asrine swasana esuk iki. Gawe ayem tentrem rumesep ing kalbu. Semono uga kang dirasakne Sari, atine seneng banget. Dina iki bakal dadi sejarah ing uripe jalaran  sepisanan mlebu sekolah normal sawise  setaun luwih rasane kaya dikunjara. Gegara pagebluk kang aran corona ndadekake rasa was-was lan sekolahe kudu daring saka omah nganggo hp utawa laptop,  yen arep metu  omah dheweke tansah keweden.

Kawit dhek bengi dheweke klisikan ora bisa turu. Mbayangke kepriye sesuk esuk sekolah ing papan anyar kepethuk kanca-kanca anyare sing mung dikenal lewat jagad maya ing HP. Karo mbayangke wajahe kanca-kancane sakelas lan guru-gurune apa enek sing galak ya?  Hmmmm ...wedi banget karo pelajaran basa Jawa apa maneh yen wis tekan aksara Jawa. Wah lagi krungu ana sing nyebut aksara Jawa bae neng awak langsung adhem panas, trataban langsung wetenge mules.

Pandom wis neng angka 12 nanging kok tambah kancilen ngene ya, mripat ora kenek diremke. Bantale jajal diwalik...eee tetep ora bisa merem. Sikile diseret lumaku menyang jedhing lan wudhu mbokmenawa bisa nyepetke turune. Sadurunge ambruk ing kasur tangane nyaut rukuh lan jeber sajadah. Mesisan sholat tahajud lan donga muga sesuk esuk patemon kapisan ing kelas bisa lumaku kanthi lancar lan ora ana alangan apa-apa. Sawise nglempit sajadah lan rukuhe gage sirahe diselehke ing bantal.....mak lesss durung nganti limang menit wis amblas mabur ing awang-awang.

Mbarengi swara adzan subuh saka masjid kidul omah, tangane krasa ana sing ngelus-elus. Mak grarap....sakal mripate melek byar. Ing sandhinge wis ana ibune mesem lan ngelus rambute karo ngendika, “ ndang tangi ndhuk, kae lo wis adzan subuh.”

Karo molet Sari nyauri, “ ehmmm tasih ngantuk bu.”

“Haitssss...delengen kae ing masjid wis rame. Wis gek ndang wudhu ayo sholat jamaah. Kae lho wis ditunggu bapak kawit mau.”

Sabubare sholat Sari gage ngrewangi gaweyan omah. Dheweke kebageyan nyapu jogan jero omah lan ngrewangi masak ing pawon. Dene mas Bagus nyapu latar karo nyirami kembang koleksine ibu lan dhik Putri sing isih TK kebageyan sulak-sulak meja  kursi.

Sawise rampung adus lan sarapan kanthi ora sabar Sari gage budhal sekolah diterake bapak mesisan tindak nyambut gawe. Kebeneran sekolahe ing MTsN kota Madiun sajalur karo kantore bapake. Ora lali  maskeran, sangu hand sanitizer lan banyu ngombe.

Bareng tekan gerbang sekolahan Sari  tansaya ndhredheg, jantunge nyuwara dhag dhig dhug ora karuwan. Senajan wis kaping telu iki ngambah sekolahan nanging kok isih asing rasane . Biyen nate mrene nalika dhaftar lan ngukur sragam almamater ing koprasi. Nanging dina iki rasane beda banget. Bedane dheweke wis nganggo sragam biru putih, sawise setengah tahun kepungkur nyopot sragam abang putihe.

Ing wetane gerbang wis dipapag bapak ibu guru kanthi sumeh. Karo jaga jarak kabeh bocah sing lagi teka diukur suhune lan didudihi panggon kelase. Kebeneran kelas pitu  mapan ana ing tingkat loro. Kanthi semangat papat lima Sari munggah tlundhakan banjur mlebu kelas. Ing jero wis ana kira-kira cah sepuluhan. Dheweke ngucapke salam lan golek bangku ngarep dhewe. Kepeneran bangku ngarep meja guru  isih kosong banjur nyelehake tase ing bangku kono . Neng bangku mburine wis ana bocah manis kang jenenge Wikan. Sadurunge mung kekancan ing grup WA klas, bareng ketemu langsung rasane kok malih kikuk banget .

Swasana kelas sepi kabeh mung meneng-menengan, saliyane sing mlebu mung separo amarga dibagi rong sesi, kabeh bocah ing kelas padha bingung olehe arep miwiti omong. Nganti bel jam kapisan muni, Sari isih durung bisa ngilangi ndhredheg lan rasa senenge bisa  sekolah  normal maneh. Rasane mbedhodhog ing jero dhadha, kaya arep nangis amerga saking bungahe. Tangane anyeb njejet lan ora krasa eluh netes ing pipi. Sadurunge konangan kanca  sakelas, gage dilapi  luhe nganggo tisu.

“Assalamu’alaikum  warohmatullahi wabarokatuh.” Ujug-ujug bu guru rawuh lan uluk salam ngagetake sing ana ing jero kelas kang isih katrem nikmati sekolah sing sepisanan sawise meh rong taun sekolah ing jagad maya.

“Wa’alaikumsalam warohmatullahi wabarokatuh”,   bocah-bocah sing ana ing jero klas jawab salam bebarengan.

Sawise donga bebarengan kang dipimpin ketua kelas lan hafalan asma’ul husna, buguru banjur ngabsen lan kenalan. Senajan sadurunge wis nate ketemu ing “zoom meeting” nanging saiki dibaleni maneh kenalan saklas kanggo nyairake swasane ben ora kaku.

Ing dina iki pelajaran basa Jawa diparingi tugas nulis crita nganggo basa Jawa. Critane temane bebas lan oleh ditambahi crita khayalan, amarga iki materine tulisan fiksi. Kudu  garapane dhewe ora pareng jupuk saka karyane wong liya mergane iki minangka latiyan, ora mung mburu biji apik. Sadurunge bu Guru maringi katrangan  kang ana hubungane karo nulis. Manfaat nulis iku apik kanggo kasarasan jiwa amarga bisa kanggo nyuntak sakabehe emosi. Yen lagi sedhih, seneng, pegel, jibeg, sumpeg coba ditulis mengko rasane bisa plong ing ati.

Saliyane iku nulis uga bisa najemake daya ingat lan kapinteran. Yen  uteg asring dilatih kanggo mikir suwe-suwe   kulina isa mrantasi sakabehing masalah.  Sabanjure  tansaya prigel nemokake    ide-ide tulisan lan malih  pinter  nata ukara saengga tulisane malih penak diwaca. Lan isih akeh maneh mupangate nulis sing diterangake bu Guru mau.

Ora krasa bel gemonthang pratandha wis ganti pelajaran. Pesene bu Guru  sing pungkasan,

“Anak-anakku wiwit saiki ayo diniati kanthi lila legawa. Menawa sinau  iku ora mung kanggo golek gaweyan ananging kanggo sangu urip mbesuk. Muga-muga bocah sing ana kelas iki mbesuke dadi wong kabeh. Tegese dadi wong yaiku bisa mandiri ora gumantung marang wong liya, bisa mupangat ing satengahing masyarakat lan kulawarga. Kabeh iku bisa digayuh ora nganggo sulapan, nanging dikantheni donga lan usaha sinau kanthi tenanan. Bu Guru dongakne muga-muga kabeh cita-cita lan pepinginanmu bisa kasembadan kanthi lancar. Aamiin”

“Aamiin, matur nuwun bu” bocah-bocah sakelas kanthi bebarengan njawab dongane bu Guru mau.

Sari unjal ambegan lega. Bismillah wiwit dina iki dheweke janji arep luwih mempeng maneh anggone donga lan sinau supaya cita-citane mbesuk  pengin dadi guru bisa kelakon. Cahyane bagaskara gumebyar saka suwalike jendhela kaya dene pangarep-ngarepe bocah sing ana ing kelas iki. Kabeh katon sumringah, semangate tansaya makantar-kantar   lan mongkog bisa sekolah ing MTsN kutha Madiun iki.

Madiun kebak kabagyan, 13012022

#Kapacak ing Majalah Madinah  MTsN Kota Madiun (ISSN 2807-80550. Volume 4 Nomor 1, Maret 2022, kaca 25.


Biodata Pangarang

Dyah KurniawatiSawijining wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa. Lulusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah UNESA iki uga nulis cerkak, cerpen, puisi, resensi buku lan liyane. Saiki dadi buruh momong ing MTsN Kutha Madiun .

 




Lampiran:

    

 

       










1 komentar:

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.

Crita Misteri

ORDERAN NYALAWADI dening: Dyah Kurniawati         Mumpung prei kuliyah aku nonthong neng taman kutha sinambi nunggu orderan. Nanging kawit e...