Sabtu, 20 Mei 2023

Crita ANA-ANA BAE


 MERDEKA BELAJAR

dening: Dyah Kurniawati 

Wis rong minggu iki saben dina Jumat murid-murid ing sekolahku nganggo klambi bebas rapi. Ethok-ethoke ndherek dhawuhe Mas Menteri, Merdeka Belajar hehe. Aku kebagian piket ing Kampus 3 kamangka aku biasane ngulang ing Kampus 1, dadi ya ora patiya apal penghunine Kampus 3 .

Nalika jam ke-5 bubar ngaso, ana bocah loro kok sik glenikan neng lincak ngarep kantin. Kadidene petugas piket sing sregep lan tanggung jawab, gage tak parani bocah loro sing glenikan mau. Siji jilbab krem lan sijine jilbab abang. Karo jegigisan nyedhot es teh saka plastik,  sijine ngemil jajan chiki. Kekarone lungguhe nyingkuri aku.

Banjur tak getak, “Iki kok malah sik glenikan neng kene, ayo gek mlebu kelas.”

Bocah loro sakkal mengo nyawang aku karo ndlongop. Banjur pandeng-pandengan. Aku ya tansaya kemrungsung ora digatekne.

“Pelajarane sapa, kae hlo gurune wis dha miwiti pelajaran!”

Bocah loro tansaya bingung, sing jilbab krem banjur ngucap, “Ehhmmm...anu..”

Aku tansaya muntab,  “Ona-anu ayo gek ndang mlebu. Ora apik.......”

“Pangapunten, Bu. Punika anak kula ingkang ngrencangi  sadeyan wonten mriki” Ujug-ujug Mbah Sumi sing bakul ing kantin nyedhaki aku karo kandha lirih nanging gawe jomblakku.

“Owalah...nggih mpun sepuntene.” Aku gage klepat lunga mlebu ruang guru. Ing kono ana kancaku loro nanging aku meneng bae. Ya gengsilah yen diiin-isin. Wkkk

Ya ngene iki karepe arep menehi kebebasan murid ora sragaman, nanging malih ora ana bedane antarane bocah sekolah karo sing ora sekolah. Ana-ana bae.


Madiun, 26 Agustus 2022


# Wis kapacak ing kalawarti Jaya Baya No. 11 Minggu II Nopember 2022, kaca 48.

Biodata Pangripta: 

Dyah KurniawatiSawijining wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa. Lulusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah UNESA iki uga nulis cerkak, cerpen, puisi, resensi buku lan liyane. Saiki dadi buruh momong ing MTsN Kutha Madiun .




 

 Lampiran










                               





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.

Crita Misteri

ORDERAN NYALAWADI dening: Dyah Kurniawati         Mumpung prei kuliyah aku nonthong neng taman kutha sinambi nunggu orderan. Nanging kawit e...