Sabtu, 10 Mei 2025

PASAR MALEM ING TENGAH ALAS


Dening: Dyah Kurniawati


Udakara tahun 90-an aku mulih kebengen amerga ana urusan ing kutha. Omahku ing lereng Wilis, nglewati tengah alas sing durung ana lampune. Nanging amerga wis kulina, blas ora duwe rasa wedi lan was-was. La piye maneh ya kuwi dalan siji-sijine yen metu saka desaku.

Dhewekan taktrabas petenge wengi, sakiwa tengene dalankebak wit jati katon peteng dhedhet. Mendhunge wis gumandhul arep ceblok. Swarajangkrik ngerik sesautan ing selane swara banyu kali sing gumrojog sakidulejurang.

Nalika meh tekan jurang Dengkeng, saka kadohan katon padhang banget. Padhang kencar-kencar kaya swasana pasar malem. Sumbere padhangsaka lampu petromak lan teplok kang sumebar ing satengahe lapangan.

“Wiwit kapan ana lapangan neng kene?” pitakon sajroning batinku ora kawetu, merga oraana kancane caturan.

Jurang iki terkenal wingit, asring kedadeyan kacilakan lanrata-rata korban ninggal ngenggon.  Dalane ndeder munggah tur pas tikunganrada kaling-kalingan gampengan. Kudu waspada nglakokne kendharaan yen ngliwatikene, lena sithik bisa glondor mundur utawa tabrakan saking bantere ngegas munggah. Iki sing nyebabake bras-bres kacilakan.

Tahun wingi ana pikep ngangkut palawija njungkel ing kene.Kernet loro sing lungguh ing mburi kelangan nyawane merga kebrukan pikep kangmalik. Rong wulan wingi ana wong gocengan nglundhung mlebu jurang. Untungenasang ing oyote jati ora bablas terjun neng jurang dadi isih bisa dislametke,ning sijine koma lan lagi sadar sawise seminggu dirawat ing UGD. Nalika wissadar crita ngethuprus, rumangsane ing kene ana pasar malem. Dalane macet lanrame banget. Sakjane olehe nglakokne motor alon-alon merga akeh wong nyabrangarep delok pasar malem. Saking alone motore glondor mundur lan bablas mlebujurang merga rem e blong. Wong-wong sing krungu critane padha ora percaya,dikira pikirane durung genep merga bar koma seminggu. Lan isih akeh kedadeyanaeng ngenani sakiwa tengene jurang Dengkeng kene.

*****

Saya cedhak keprungu swara gamelan saka arahe pasar malem kuwi. Nggumunku durung ilang nalika ujug-ujug sepedha motorku mati nalika ngliwati pasar malem iku. Kamangka motorku isih anyar tuku gres durung ana setaun. Sasuwene iki ora nate rewel sebab aku sregep ngresiki mesine. Bensine ya isih akeh, oli ya lagi tak ganti minggu wingi. Kabeh kabel-kabel tak deloki menawa ana sing ucul. Kabeh normal durung nemu karusakan sing nyebabake macete motorku.

Karo nguthak-athik motor aku mbatin, kok ora ana wong liwat utawa wong sing nonton pasar malem kuwi. Karepku ya arep jaluk tulung mbenakne motor. Jaman semono aku durung duwe hp. Nyegat motor lewat kawit mau blas ora ana kemliwere motor kamangka sesuk malem pasaran, malem Kemis Pahing. Biasane akeh colt lan pikep ngeterke janganan lan palawija sing didol ing pasar sesuk esuk.

Taksawang saka kadohan, ing satengahe pasar malem akeh dagangan sing didhasarke kayata kacang goreng, gedhang godhog, tahu petis, puthu, donat, arum manis, lan jajan liyane. Uga ana plendhungan, motor-motoran, trompet kertas, lan dolanan kaya lumrahe nek ana kerameyan. Nanging anehe kabehora ana bakule.

Ing kono uga ana maneka warna arena permainan, kayata dromolen, bandhulan, ombak banyu lan tong setan. Ombak banyu lan dromolen munyer nanging ora ana sing numpak siji-sijiya, uga ora katon sing biasane jaga lan nariki karcis.

Aku thingak-thinguk golek warung kopi mesisan arep leren. Lakuku nuju ing sakidule dromolen marani dhasaran meja kang dodol kopi. Ning tak inguk bakule kok durung ana. Ing meja ya cumepak gula, kopi, teh lan gorengan tahu, heci, tempe lan jadah bakar. Sacedhake meja warung kopi ana tungku saka lemah genine murub. Ndhuwur tungku ana panci isi banyu umob molak-malik. Taktunggu sauntara ing dhingklik dawa menawa bakule ndang teka. Weruh jadhah bakar sing katone nyampleng aku ngeleg idu. Tanganku kumlawe ngranggeh piring seng isi jadah bakar. Nalika meh kasil jupuk jadah bakar lengenku krasa abot, kaya ana sing nyandhet. Sidane takwurungke, ora arep jupuk jajanan yen bakule durung teka. Nganti cengklungen kok panggah ra enek kemliwere wong, aku balik maneh dandani motor. 

Tinimbang nggrundel aku maca donga sabisa-bisane. Donga sing takapalne nalika biyen pas cilik ngaji ing langgar. Sauni unine donga lan ayat sing isih apal. Alfatihah, surat-surat pendek lan ayat kursi takunekne ngrememeng bola-bali. Ganep ping telu ngrapal donga lakok makpet, swasana dadi peteng dhedhet mbarengi nggerenge motorku. Alhamdulillah, motorku wis urip. Nanging neng endi lampu-lampu sing padhang kencar-kencar mau. Lampune mati bareng kamangka iki dudu setrum listrik. Gumunku ora wis-uwis. 

Ing sakiwa tengene olehku ibet dandani motor bali kaya sadurunge, peteng dhedhet mung krungu jangkrik ngerik lan gumrojoge banyu kali. Angin midid alus sumusup ing suwalike jaketku. Swara jangkrik ngerik tansaya banter. Dumadakan grimis riwis nibani sirahku. Grayah-grayah takjupuk helem sing mau takglethakne neng suketan sacedhake motor.

Maktratab, kelingan critane bocah sing kacilakan ing kene lan koma seminggu ing UGD rong wulan kepungkur. Githokku mengkirig bareng sadhar yen kedadeyan iki ora sabaene. Muji sukur isih pinaringan kaslametan. Gage takstater motorku nrabas petenge wengi tanpa mengo memburi. 



Cuthel!

******

Madiun, 7 Januari 2024


*Wis kapacak ing Majalah Jaya Baya No. 31 Minggu V Maret 2024






Jumat, 09 Mei 2025

CRITA MISTERI

 MAESAN NJERO KAMAR

Dening: Dyah Kurniawati


Biyen sadurunge aku duwe omah dhewe nate  nunggoni daleme Bu Sri. Sajoge garwane seda, Bu Sri diboyong  putrane menyang Kediri lan daleme kosong amerga putra-putrine wis padha omah-omah kabeh. Nalika ditawani aku langsung gelem, merga wis rong sasi durung bisa mbayar kontrakan. Pas masrahake kunci, Bu Sri  mbebaske aku nganggo barang kang ana ing omah iki. Kaya oleh rejeki nomplok, sebab sasuwene ngontrak aku durung duwe isen-isen omah merga bayare bojoku minangka karyawan pabrik mung cukup kanggo kabutuhan saben dina. 

Nanging Bu Sri manti-manti ora oleh nguthak-nguthik kamar mburi. Kuncine jare ilang dadi wis ora bisa dibuka. Aku ya manut, merga isih ana kamar loro gedhe-gedhe kanggo kamar utama lan sijine mengko kanggo anakku sing lagi umur telung taun.

Sasuwene iki Bu Sri ora patiya nangga, nanging kanggoku piyantune apik banget. Aku kenal merga sering mbantu setlika neng daleme. Saben bubar setlika mulihku  asring  digawani lawuh lan jajan kanggo anakku. 

Sadurunge pindhahan aku resik-resik dhisik merga omah iki wis rong sasi  ora dipanggoni. Kabeh ruwangan tak saponi kejaba kamar mburi manut pesene Bu Sri wingi.  Omah tuwa kang temboke saka kayu iki sabenere pyane akeh sing rusak, nanging ora parah. Aku isih bersyukur, lumayan tinimbang ngontrak. 

Dina kapisan turu ing omah kuwi aman ora ana kedadeyan apa-apa. Amarga bubar resik-resik lan nata barang dadi awak kesel langsung blekseg turu angler, jelalah anakku uga ora rewel.

Omah iki sepi amarga adoh saka tangga teparo, rada njero neng satengahe kebon. Nek pas neng kontrakan biyen cedhak karo tangga sing uga padha ngontrak dadi swasanane rame. 

 Dina kaloro  bojoku mlebu shift bengi, dhasare aku rada jirih sawise bojoku budhal  lawang tak kancingi kabeh. Ora suwe udan deres kacampur angin gedhe nambahi mirise ati. Amarga rada keweden anakku tak kekep supaya ora rewel. Ngancik tengah wengi ana swara glodhagan ing dhuwur pyan ora leren-leren, kaya swarane tikus kiter-kiteran. Atiku ketar-ketir wedi nek kejeglokan pyan sing wis mengkap-mengkap.

Tak inguk jam ing tembok pandome nuduhake angka siji. Nyoba takremke mripatku karo ndremimil nyebut asmane Gusti Allah, githokku mrinding. Aku donga muga-muga gek ndang krungu adzan subuh lan bojoku ndang mulih. Kudu nangis nanging ora kawetu luhku.

“Brakk!!”

Dumadakan ing pernahe kamar mburi krungu swara kaya lawang didobrak wong. Aku tansaya ngewel, anakku sing angler takkekep kenceng. Aku wis ora wani mingket saka kasur. 

Swara glodhakan ing dhuwur pyan pindhah neng pernahe kamar mburi mau. Swarane  tambah rame kaya tukang lagi dandan-dandan, ana swara wong nggraji lan methik paku. Masiya keweden, aku isih mikir  apa enek maling arep mbobol omah iki.

Merga rumangsa tanggung jawab diwenehi amanah njaga omah, takwanek-wanekne metu saka kamar marani pernahe  swara glodhakan mau. Lampu tak byarke padhang jingglang mbarengi swara glodhakan mau ilang.  Tekan ngarep kamar mburi aku  njomblak merga lawange ngeblak. Pikiranku wis ora karuan, tak wanek-wanekne mlebu kamar mburi nganggo senter merga lampune mati. Anehe kamar sing ora nate dibuka iki resik, aroma kembang mlathi lan  kenanga nyogrok irungku. Remeng-remeng katon lemari lan amben kayu kuno. Tak inceng  longan ngisor amben goleki menawa ana tikus apa kucing sing glodhakan mau. Mak byar sunare senter nyentrong ngisor amben banjur makpet, peteng dhedhet donyaku. 

Ujug-ujug ana sing ngoyag-oyag sikilku, bareng melek tibake digugah bojoku kang bali saka kerja, untunge nggawa kunci serep. Bojoku nggumun kenangapa aku turu neng lemah tanpa klasa, pas neng ngarep kamar mburi. Aku dhewe ya nggumun. Luwih kaget maneh tibake kamar mburi isih rapet kaya biasane, kamangka mau bengi ngeblak  lan gawange rusak. 

Aku ngewel maneh lan isih thong-thongen karo kang lagi bae kedaden. Tibake aku dhek bengi nggeblak semaput merga kaget nyumurupi maesan ngisor amben kang kaya lagi bae disekar. Kembang ing dhuwur maesan isir seger. Trus maesan njero kamar kuwi kuburane sapa? Nek mung ngimpi kok turuku pindhah kene?

*****

Madiun, 23 Maret 2025



*Wis kapacak ing  Majalah Jaya Baya No. 36 Minggu I Mei 2025




Kamis, 01 Mei 2025

CRITA MISTERI

 GALUH DIGONDHOL DHEMIT

Dening: Dyah Kurniawati

Galuh ilang bengi iki. Warga sadesa geger. Kenthongan nithir tandha bahaya nggugah wong-wong kang lagi ngumbara ing alam impen. Kabeh padha gemrudug ing bale desa, karo klesik-klesik takon tinakonan ngenani ilange Galuh. Sauntara iku ibune Galuh mingseg-mingseg, awake lemes dadi rubungan ibu-ibu liyane.   

******

Sabubare sholat Isya saben malem Minggu aku langsung ndarus  karo kancaku telu yaiku Dewi, Sinta lan Galuh. Kawit isih TK nganti saiki klas 5 SD, aku karo kancaku kuwi yen mulih saka langgar mesthi barengan merga dalane saarah. Udakara jam sanga bengi,  aku sakanca bebarengan mulih. Ing langgar isih ana bapak-bapak sing nerusake ndarus.

Ora kaya biasane, sajoge metu saka langgar Galuh sing biasane crigis katon meneng. Yen ditakoni mung semaur saperlune. Kamangka sasuwene iki Galuh sing paling ceria lan tansah ngramekne swasana.

Tekan protelon aku ngulon, Dewi lan Siti ngetan dene Galuh lurus. Tekan omah sawise wisuh aku banjur mapan turu. Lagi ngliyep sedhela ana sing nothoki lawang. Karo liyep-liyep aku krungu bapak mbukakne lawang banjur  lamat-lamat omong-omongan ing ruwang tamu. Aku wis ora pati nggape merga saking ngantukku.

Ujug-ujug bapak ngelus-elus lengenku karo mbisiki, “Ndhuk, tangi dhisik ya. Kae digoleki bapak lan ibune Galuh ing ruwang tamu.” 

Karo kriyip-kriyip lan ngucek mripat aku lungguh rada aras-arasen. Bapak njupukne mimik ben urip ragaku. Sawise rada seger, bapak nggandheng aku tumuju ruwang tamu. 

“Saras. Weruh Galuh Ndhuk?” Ibune Galuh takon karo nyekeli pundhakku. 

“Hah...!!!” aku sumaur bingung.

“Ndhuk, sabubare ndarus mau Galuh menyang ngendi?” gantian bapake Galuh nakoni aku kanthi praupan mbrabak ngempet susah.

“Hlaa..., Galuh dereng mantuk?” takonku tansaya bingung.

Dadi nganti saiki Galuh durung mulih. Aku isih durung dhong bocahe menyang ngendi. Mau ing protelon dheweke ya mlaku tumuju omahe. 

Sidane kabeh sing neng kono, bapak ibuke Galuh lan aku diterake bapak ibukku kabeh tumuju omahe Dewi lan Siti. Menawa Galuh melu neng omahe kancaku kuwi. Nanging Galuh tetap ora ana. 

Merga bingung, kabeh bablas neng bale desa nglaporke  yen Galuh ilang. Sawise para perangkat desa lan warga ngumpul banjur rembugan kanggo nggoleki Galuh. Aku, Siti lan Dewi diinterogasi warga  minangka sumber warta kang pungkasan ketemu Galuh. Aku sakanca nangis, wedi nek Galuh diculik. 

Pak  Lurah banjur mbagi tugas nggoleki Galuh. Ana sing ngetan, ngulon, ngidul lan ngalor. Ora lali tegalane Mbah Sam sing cedhak protelon panggonanku pungkasan misah mau uga dadi target.  Sadurunge budhal, bapak-bapak nyiapake oncor, senter lan kenthongan saka pring digawa mubeng. Wektu iku kampungku durung ana listrik.

Nganti adzan Subuh Galuh durung ditemokne. Ibune Galuh njerit-jerit banjur semaput lan dadi layatan. Kabeh warga bubar sholat Subuh dhisik, rencanane mengko yen wis rada padhang diterusake maneh nggoleki Galuh. Aku uga mulih kanthi mripat bengep merga kesuwen nangis. Sabubare subuhan aku mapan turu. 

Udakara jam 7 esuk ana gemrudug ing dalanan ngarep omahku. Lamat-lamat aku krungu yen Galuh wis mulih. Cekekal, tanpa raup dhisik aku mlayu neng omahe Galuh. Tekan kono wis akeh wong. Aku mblusuk neng selane ibu-ibu kang ngadeg ngrubung Galuh kang nangis ing ruwang tengah. Saya akeh sing teka, saya banter tangise. 

Aku diawe ibune Galuh kongkon nyedhak. Weruh aku teka, Galuh langsung gandheng tanganku tumuju kamare. Tekan kasur Galuh tansaya gero-gero, trus tak rangkul nangis bareng.

Sawise meneng, Galuh crita,

“Aku wedi Saras,”\

“Wedi ngapa?”

“Mau bengi samulihe ndarus, sawise protelon aku digandheng wong ireng gedhe dhuwur dijak menggok neng tegalane Mbah Sam. Merga wedi aku manut bae. Tibake ing tengah tegale Mbah Sam ana omah gedhe magrong-magrong lan akeh cah cilik wedok sabarakan aku karo kowe, nanging ora ana sing tak kenal blas.

Galuh ngelapi eluh sing ana pipine. Banjur nerusake crita, 

“Wong lanang  mau ngongkon aku mangan. Ing meja akeh panganan nanging aku durung nate weruh panganan iku sadurunge. Sawise dipeksa bola-bali aku panggah emoh. Awale wong lanang kuwi apik, nanging saya suwe saya kasar. Aku digebuki…,” Galuh nangis maneh.

“Aku kasil mlayu saka omahe. Nanging sakiwa tengen katon peteng lan akeh wit gedhe sing medeni. Aku terus mlayu ngliwati jurang lan kali. Pokoke aku mlayu terus karo merem.”

“Nalika mlayu kuwi aku krungu swara kenthongan lan kelip-kelip weruh cahyane obor, nanging lambeku kekunci ora bisa mbengok. Trus aku kesandhung pang gedhe lan tiba, banjur wis ora eling apa-apa maneh.” 

Aku domblong lan bingung krungu critane Galuh. 

“Dumadakan ana sing nyenggol sikilku. Nalika tak buka mripatku, tibake wis padhang jingglang. Neng ngarepku ana Mbah Sam. Tibake aku keturon ing watu gedhe tengah tegale Mbah sam, lan sing nyenggol sikilku mau Mbah Sam nggugah aku. Banjur aku diterake mulih, klambiku suwek kabeh, sikilku kubak endhut lan tatu kena eri. Iki isih perih.” Galuh mungkasi critane kanthi cahya kang rada seger, wis plong. 

Ora suwe Galuh merem banjur keturon angler. Sawise takkemuli, alon-alon aku metu methuki ibuke Galuh. Ibune Galuh kandha, yen mau esuk Galuh ditemu  Mbah Sam turu ing Watu gedhe kanthi klambi rowak-rawek, lan awake gupak endhut katon kesel kaya bubar mlayu adoh.

Sing aneh, mau bengi bapak-bapak ya padha leren lungguhan ing watu gedhe tegalane Mbah Sam kasebut nalika nggoleki Galuh.


********

Madiun, 2 Maret 2025


*Wis kapacak ing Majalah Jaya Baya No. 31 Minggu V Maret 2025




Selasa, 22 April 2025

Crita Misteri

DISUNAT JIN

Dening: Dyah Kurniawati


“Mak, Mak! Aku sunat suk kapan?” 

Mulih  sekolah Rendi nangis karo bengak-bengok nggoleki simboke kang lagi setlika. Karo ngelap kringet merga gobyos kena hawa setlika, Siti mandeng anake suwe. Bingung, ora kawetu arep nyauri. Wis rong mingguan iki saben mulih sekolah utawa dolan, ukara iku kang mesthi ditakokake.

“Aku isin hlo, Mak. Bola-bali dipoyoki, wis gedhe kok durung sunat. Dilokne jarene aku banci,” kandha ngono karo nangis ngguguk. Siti enggal ngrayuk anake ontang-anting kuwi trus melu ngguguk pisan. 

Maknyut, banjur eling bapake Rendi sing wis sowan ing alam kelangengan. Wolung taun kepungkur nalika Rendi isih trantanan, Pardi bapake Rendi ceblok saka wit klapa nalika kerja ngundhuh klapa ing tegale Mbah Lurah. Sanalika langsung diplayokne menyang rumah sakit, nanging nyawane ora ketututan amarga pendarahan ing sirahe.

Sajoge iku uripe Siti lan Rendi ditanggung Mbah Lurah, nanging ya mung cukup kanggo urip sabendinane. Iku bae isih direwangi mburuh setlika lan umbah-umbah klambine tangga sakiwa tengene, itung-itung kena kanggo nambah sangu sekolahe Rendi.

“Wis Le, mangan sik ya? Kae tak masakne jangan bobor karo tempe goreng senenganmu. Sunate sik nunggu wayahe preian sekolah bae, ben ora akeh ijin sekolahmu mengko,” kandha ngono sajane mung kanggo nylimur anake lanang. Sajane durung bisa nyunatne merga durung ana biayane. Masiya sunate neng mantri murah, nanging ya butuh ragad kanggo sukuran cilik-cilikan. Rencanane arep andum sega marang tangga kiwa tengen saperlune bae kanggo tengere yen Rendi wis sunat  mengko yen dhuwite wis nglumpuk. 

Sidane Rendi lilih atine. sawise salin klambi lan wisuh dheweke mangan lawuh jangan bobor bayem katon dhokoh, telap-telep. Siti nyawang anake tambah nelangsa, merga kabeh dipikir dhewe. Simbahe Rendi ya wong kesrakat, dadi ora pengin ngrepotke wong tuwane. Batine tansaya diiris-iris.

Jam papat sore Rendi budhal ngaji menyang mushol cedhak omahe. Sadurunge budhal dituturi simboke,”

“Mengko yen kancamu ngelokne durung sunat, jawaben ngenteni preian sekolah ngono ya Le.”

“Nggih, Mak.  Assalamualaikum.”

“Waalaikumsalam, ngko mulih ngaji nyusula Mak neng nggone Mbah Lurah ya, Le.”

Rendi ngacugke jempol pratandha jawab oke. Sawise nutup lawang, Siti uga terus budhal rewang nggone Mbah Lurah, merga sesuk slametan pendhake bapake Mbah Lurah.

Udakara jam lima sore ana rame-rame neng emper omahe Mbah Lurah. Kabeh sing rewang padha metu. Neng jaba Rendi nangis banter digotong Ustadz Iman, guru ngajine. Jarene kanca-kancane ngaji sing uga melu ngeterke,  Rendi mau sambat dalane pipis kemeng, lan jerit-jerit kelaran. Sawise dititipriksa Ustaz Imam, planangane Rendi kaya bubar disunat. Kamangka sasuwene iki Rendi durung nate sunat. Kabeh geger, klesak-klesik swara rame ngrembug Rendi bar disunat jin.

Mbah Lurah langsung mrintah Pak Ni, sopire ngetokne mobil kanggo ngeterke Rendi menyang klinik kecamatan. Wedi nek ana apa-apa karo barang wewadine kang kaya wis disunat.

Tekan klinik, langsung dipriksa mantri sing kulina nangani sunat. Miturut mantri kasebut pancen bener kaya bubar disunat kaya umume lan kondhisine apik. Sawise diwenehi pil lan obat antibiotik Rendi digawa mulih.  

Siti isih kamitenggegengen sabubare dicritani Mbah Lurah, jaman biyen akeh bocah cilik sing kaya Rendi kuwi mau, disunat makluk gaib. Awit krenahe Mbah Lurah Rendi digawekne tumpeng robyong, saliyane sukuran pratandha wis sunat uga kirim donga kanggo keslametane Rendi sateruse. Lan kabeh ubarampe lan biaya slametan ditanggung Mbah Lurah. 

Masiya isih ora percaya karo sunat nyalawadi lan marang kabeh kedadeyan kang lagi bae kelakon marang anake lanang, Siti percaya pancen iki wis dadi takdir dalan uripe. Ora kurang-kurang olehe ngucapake panuwun marang Mbah Lurah kang sasuwene iki tansah biyantu kluwargane. Sing wigati uga tansah muji sukur  ndremimil muji asmane Gusti Allah, dheweke yakin iku dalane rejeki kanggo Rendi, si bocah yatim.

****** 

Madiun, 16 Februari 2025


*Wis kapacak ing majalah Jaya Baya No. 29 Minggu III, Maret 2025




Sabtu, 19 April 2025

CRITA MISTERI

NGRABI BANGSA ALUS

Dening: Dyah Kurniawati


    Awan kuwi Tono njaluk diterake ing luwar kutha, sawijine panggonan kang terkenal kanggo golek pesugihan. Aku rada wedi lan abot arep nyanggupi. Nanging sawise crita akeh ngenani masalahe, aku kok ya mesakne.
    Tono bola bali gagal arep rabi merga ditolak calon maratuwane, ora ditampa alesane dheweke saka kluwarga ora duwe. Wis kaping lima ngalami kedadeyan pait kaya ngono, sidane dheweke nekat wis ora arep rabi karo menungsa maneh. Dheweke uga arep usaha golek dhuwit saakeh-akehe kanggo mbales wong-wong kang wis nglarani atine mau.
    Tono janjeni arep mbayar tikel telu, aku sidane gelem merga kawit esuk mangkal durung ana sing ngojek. Lakune motorku rada tak gelak merga selak kedhisikan mendhung peteng kang meh ceblok. Udakara jam papat sore aku tekan omah kang mencil adoh saka tangga teparo. Omahe modhel joglo nanging resik lan akeh maneka werna pethetan kang padha mekar nyebar ganda arum.
    Uluk salam kaping telu durung ana wong mbukakne lawang. Karo leren aku karo Tono lungguhan ing lincak kang sumadya ing emperan. Udakara setengah jam ana aki-aki kang mbuka lawang banjur ngongkon mlebu. Masiya omah tuwa nanging ing jero katon resik lan gandhane uga wangi kembang mlathi.
    Senajan Tono durung ngandhakne apa karepe, aki-aki kasebut langsung nakoni,
    “Awakmu yakin tenan yen arep rabi karo jin? Wis nggawa syarate?”
    Aku rada kaget aki-aki kasebut wis ngerti tujuane Tono mrono.   
    “Nggih, kula mpun manteb,” jawabe Tono karo ngelungke kresek saka tas ransel ireng kang digawa saka omah.    Aki-aki kasebut ngadeg lan ngajak Tono mlebu senthong tengah. Karepku aku nunggu neng kono ae, pranyata diawe dikongkon melu,
    “Melu mlebu dadi seksine ya?”
Durung nganti aku semaur, Tono nyandhak lengenku mlebu senthong. Ing kono ana meja kang dikupengi kursi papat. Aki kasebut ngetokne isine kreseke Tono mau, isine degan, kain lan ubarampe liyane kang pranyata wis dicepakake Tono saka omah. Tibake isih ana syarate sing kurang,
    “Kudu ana potone wong wedok ayu sing kudu diserahke, yen ora awakmu bakal weruh wujud asline calon bojomu mengko bisa girap-girap.”
Tono bingung merga lali ora nggawa potone wong wedok ayu. Aku banjur ngrogoh jaketku, ndudut kertas iklan motor kang ana gambar sales sing ayu ayu. Sawise didudehke aki, pranyata bisa. Sawise nglakoni ritual kayadene wong ijaban lan ngucapke sah, Tono katon lega.Nanging aku ngrasake keanehan. Ing senthong kasebut mung ana aku,Tono lan aki, nanging krasa seseg umpel-umpelan. Ing kiwa tengenku kaya akeh wong, lengenku krasa nyenggol lengene wong liya nanging bareng aku noleh panggah sepi ora katon apa-apa. 
    Sadurunge mulih Tono digawani kendhil kang isine aku ora weruh. Syarate kendhil kuwi kudu dipondhong terus nganti omah ora oleh diselehake. Sadurunge tekan omah aku dijak mampir tuku kembang setaman, merga sadurunge saresmi karo bojo jin kasebut kudu nyepakne kembang setaman ing kamar. Olehe tuku kembang akeh pisan nganti diwadhahi glangsing ukuran beras 25 kilo.
    Tekan omah Tono ngethik aku aja nganti crita neng wong liya ngenani kedadeyan dina iki. Tono banjur ngelungi aku atusan ewu limang lembar, kanggoku kuwi upah ojek sajrone telung dina, lumayan.
    Seminggu sawise kuwi Tono kon ngeterke menyang dealer motor. Dina kuwi dheweke tuku motor gres kanthi cash. Aku setengah domblong weruh dhuwit kang akeh ing jero kresek kang digawa Tono. Nalika mulih aku dijak ngopi, merga penasaran aku takon kok dhuwite akeh men. Tono crita yen sawise saresmi, bojone sing bangsa jin mau banjur nyebar kembang olehe tuku kae kang ora entek-entek tur panggah seger. Sanalika kembang kang disebar kasebut malih dadi dhuwit. Lan ngono terus saben bubar saresmi. Otomatis dhuwite tansaya akeh.
    Ora suwe Tono banjur tuku sawah, mobil lan tabungane saya akeh. Banjur Tono pindhah neng kutha gedhe merga golek omah sing luwih amba tur apik. Pokoke saiki Tono sugih mblegedhu.
    Pirang-pirang taun aku wis ora ketemu Tono maneh merga aku oleh gaweyan ing luwar kutha, lan rabi oleh wong sacedhake panggon kerjaku. Sawijine sore nalika mulih kerja, neng dalan aku ketemu pawongan klambine rowak-rawek blegere kaya Tono. Banjur tak parani, mesthekake. Tibake bener kuwi Tono, dheweke nyalimi aku karo nangis geter. Sawise takjupukne banyu putih saka ranselku, dheweke crita yen wis pegatan karo bojone sing bangsa jin kasebut. Taun wingi kendhil keramat kuwi diserahake maneh menyang aki-aki biyen, amerga wis ora kuwat ngladeni bojone kang jaluk saresmi bola-bali saben dina nganti ora kober leren. Nganti awake kuru lan ora duwe daya, tenagane kaya disedot ora sabaene. Senajan sugih nanging sara apa gunane.
    Masiya rada nesu, aki-aki kasebut nyetujoni kanthi syarat bandhane Tono bakal ludhes. Tenan, kabeh bandhane ora nganti seminggu entek gusis merga ana bae kedadeyan kang ngudokne ngetokne dhuwit. ATM sing sadurunge isine trilyunan wusanane saldone nol. Kanggo mangan bae jaluk-jaluk, merga awake lara-larane ora kuwat kerja. Kadhangkala yen keluwen golek pangan neng sampah saanane.
    Aku trenyuh krungu critane Tono kasebut. Tak ajak neng omahku ora gelem. Sawise taksangoni dhuwit saperlune dheweke pamitan arep lunga saparan-paran merga isin arep mbalik neng desane. Sapungkure Tono aku unjal ambegan karo ngucap sukur marang Gusti, dene nganti saiki isih diparingi dalan bener. Saka kedadeyan iki bisa dadi plajaran urip kang banget ajine. Ora usah neka-neka, nrima ing pandum apa kang wis digarisake dening Gusti. Kabeh mau wis diukur, ora usah golek dalan liya kang marakne sengsara.


*****

Madiun, 9 Maret 2025


*Wis kapacak ing majalah Jaya Baya No. 33, April 2025


 

Crita Misteri

NALIKA AKU KEPILIH ING KELAS SKS

Dening: Hanun Azizah Awale aku ora ngarep-ngarep bisa kapilih mlebu kelas SKS. Nanging, nalika bubar jupuk rapot aku ndelok IP ku 90-an....