Sabtu, 19 April 2025

CRITA MISTERI

NGRABI BANGSA ALUS

Dening: Dyah Kurniawati


    Awan kuwi Tono njaluk diterake ing luwar kutha, sawijine panggonan kang terkenal kanggo golek pesugihan. Aku rada wedi lan abot arep nyanggupi. Nanging sawise crita akeh ngenani masalahe, aku kok ya mesakne.
    Tono bola bali gagal arep rabi merga ditolak calon maratuwane, ora ditampa alesane dheweke saka kluwarga ora duwe. Wis kaping lima ngalami kedadeyan pait kaya ngono, sidane dheweke nekat wis ora arep rabi karo menungsa maneh. Dheweke uga arep usaha golek dhuwit saakeh-akehe kanggo mbales wong-wong kang wis nglarani atine mau.
    Tono janjeni arep mbayar tikel telu, aku sidane gelem merga kawit esuk mangkal durung ana sing ngojek. Lakune motorku rada tak gelak merga selak kedhisikan mendhung peteng kang meh ceblok. Udakara jam papat sore aku tekan omah kang mencil adoh saka tangga teparo. Omahe modhel joglo nanging resik lan akeh maneka werna pethetan kang padha mekar nyebar ganda arum.
    Uluk salam kaping telu durung ana wong mbukakne lawang. Karo leren aku karo Tono lungguhan ing lincak kang sumadya ing emperan. Udakara setengah jam ana aki-aki kang mbuka lawang banjur ngongkon mlebu. Masiya omah tuwa nanging ing jero katon resik lan gandhane uga wangi kembang mlathi.
    Senajan Tono durung ngandhakne apa karepe, aki-aki kasebut langsung nakoni,
    “Awakmu yakin tenan yen arep rabi karo jin? Wis nggawa syarate?”
    Aku rada kaget aki-aki kasebut wis ngerti tujuane Tono mrono.   
    “Nggih, kula mpun manteb,” jawabe Tono karo ngelungke kresek saka tas ransel ireng kang digawa saka omah.    Aki-aki kasebut ngadeg lan ngajak Tono mlebu senthong tengah. Karepku aku nunggu neng kono ae, pranyata diawe dikongkon melu,
    “Melu mlebu dadi seksine ya?”
Durung nganti aku semaur, Tono nyandhak lengenku mlebu senthong. Ing kono ana meja kang dikupengi kursi papat. Aki kasebut ngetokne isine kreseke Tono mau, isine degan, kain lan ubarampe liyane kang pranyata wis dicepakake Tono saka omah. Tibake isih ana syarate sing kurang,
    “Kudu ana potone wong wedok ayu sing kudu diserahke, yen ora awakmu bakal weruh wujud asline calon bojomu mengko bisa girap-girap.”
Tono bingung merga lali ora nggawa potone wong wedok ayu. Aku banjur ngrogoh jaketku, ndudut kertas iklan motor kang ana gambar sales sing ayu ayu. Sawise didudehke aki, pranyata bisa. Sawise nglakoni ritual kayadene wong ijaban lan ngucapke sah, Tono katon lega.Nanging aku ngrasake keanehan. Ing senthong kasebut mung ana aku,Tono lan aki, nanging krasa seseg umpel-umpelan. Ing kiwa tengenku kaya akeh wong, lengenku krasa nyenggol lengene wong liya nanging bareng aku noleh panggah sepi ora katon apa-apa. 
    Sadurunge mulih Tono digawani kendhil kang isine aku ora weruh. Syarate kendhil kuwi kudu dipondhong terus nganti omah ora oleh diselehake. Sadurunge tekan omah aku dijak mampir tuku kembang setaman, merga sadurunge saresmi karo bojo jin kasebut kudu nyepakne kembang setaman ing kamar. Olehe tuku kembang akeh pisan nganti diwadhahi glangsing ukuran beras 25 kilo.
    Tekan omah Tono ngethik aku aja nganti crita neng wong liya ngenani kedadeyan dina iki. Tono banjur ngelungi aku atusan ewu limang lembar, kanggoku kuwi upah ojek sajrone telung dina, lumayan.
    Seminggu sawise kuwi Tono kon ngeterke menyang dealer motor. Dina kuwi dheweke tuku motor gres kanthi cash. Aku setengah domblong weruh dhuwit kang akeh ing jero kresek kang digawa Tono. Nalika mulih aku dijak ngopi, merga penasaran aku takon kok dhuwite akeh men. Tono crita yen sawise saresmi, bojone sing bangsa jin mau banjur nyebar kembang olehe tuku kae kang ora entek-entek tur panggah seger. Sanalika kembang kang disebar kasebut malih dadi dhuwit. Lan ngono terus saben bubar saresmi. Otomatis dhuwite tansaya akeh.
    Ora suwe Tono banjur tuku sawah, mobil lan tabungane saya akeh. Banjur Tono pindhah neng kutha gedhe merga golek omah sing luwih amba tur apik. Pokoke saiki Tono sugih mblegedhu.
    Pirang-pirang taun aku wis ora ketemu Tono maneh merga aku oleh gaweyan ing luwar kutha, lan rabi oleh wong sacedhake panggon kerjaku. Sawijine sore nalika mulih kerja, neng dalan aku ketemu pawongan klambine rowak-rawek blegere kaya Tono. Banjur tak parani, mesthekake. Tibake bener kuwi Tono, dheweke nyalimi aku karo nangis geter. Sawise takjupukne banyu putih saka ranselku, dheweke crita yen wis pegatan karo bojone sing bangsa jin kasebut. Taun wingi kendhil keramat kuwi diserahake maneh menyang aki-aki biyen, amerga wis ora kuwat ngladeni bojone kang jaluk saresmi bola-bali saben dina nganti ora kober leren. Nganti awake kuru lan ora duwe daya, tenagane kaya disedot ora sabaene. Senajan sugih nanging sara apa gunane.
    Masiya rada nesu, aki-aki kasebut nyetujoni kanthi syarat bandhane Tono bakal ludhes. Tenan, kabeh bandhane ora nganti seminggu entek gusis merga ana bae kedadeyan kang ngudokne ngetokne dhuwit. ATM sing sadurunge isine trilyunan wusanane saldone nol. Kanggo mangan bae jaluk-jaluk, merga awake lara-larane ora kuwat kerja. Kadhangkala yen keluwen golek pangan neng sampah saanane.
    Aku trenyuh krungu critane Tono kasebut. Tak ajak neng omahku ora gelem. Sawise taksangoni dhuwit saperlune dheweke pamitan arep lunga saparan-paran merga isin arep mbalik neng desane. Sapungkure Tono aku unjal ambegan karo ngucap sukur marang Gusti, dene nganti saiki isih diparingi dalan bener. Saka kedadeyan iki bisa dadi plajaran urip kang banget ajine. Ora usah neka-neka, nrima ing pandum apa kang wis digarisake dening Gusti. Kabeh mau wis diukur, ora usah golek dalan liya kang marakne sengsara.


*****

Madiun, 9 Maret 2025


*Wis kapacak ing majalah Jaya Baya No. 33, April 2025


 

Crita Misteri

NALIKA AKU KEPILIH ING KELAS SKS

Dening: Hanun Azizah Awale aku ora ngarep-ngarep bisa kapilih mlebu kelas SKS. Nanging, nalika bubar jupuk rapot aku ndelok IP ku 90-an....