MAESAN NJERO KAMAR
Dening: Dyah Kurniawati
Biyen sadurunge aku duwe omah dhewe nate nunggoni daleme Bu Sri. Sajoge garwane seda, Bu Sri diboyong putrane menyang Kediri lan daleme kosong amerga putra-putrine wis padha omah-omah kabeh. Nalika ditawani aku langsung gelem, merga wis rong sasi durung bisa mbayar kontrakan. Pas masrahake kunci, Bu Sri mbebaske aku nganggo barang kang ana ing omah iki. Kaya oleh rejeki nomplok, sebab sasuwene ngontrak aku durung duwe isen-isen omah merga bayare bojoku minangka karyawan pabrik mung cukup kanggo kabutuhan saben dina.
Nanging Bu Sri manti-manti ora oleh nguthak-nguthik kamar mburi. Kuncine jare ilang dadi wis ora bisa dibuka. Aku ya manut, merga isih ana kamar loro gedhe-gedhe kanggo kamar utama lan sijine mengko kanggo anakku sing lagi umur telung taun.
Sasuwene iki Bu Sri ora patiya nangga, nanging kanggoku piyantune apik banget. Aku kenal merga sering mbantu setlika neng daleme. Saben bubar setlika mulihku asring digawani lawuh lan jajan kanggo anakku.
Sadurunge pindhahan aku resik-resik dhisik merga omah iki wis rong sasi ora dipanggoni. Kabeh ruwangan tak saponi kejaba kamar mburi manut pesene Bu Sri wingi. Omah tuwa kang temboke saka kayu iki sabenere pyane akeh sing rusak, nanging ora parah. Aku isih bersyukur, lumayan tinimbang ngontrak.
Dina kapisan turu ing omah kuwi aman ora ana kedadeyan apa-apa. Amarga bubar resik-resik lan nata barang dadi awak kesel langsung blekseg turu angler, jelalah anakku uga ora rewel.
Omah iki sepi amarga adoh saka tangga teparo, rada njero neng satengahe kebon. Nek pas neng kontrakan biyen cedhak karo tangga sing uga padha ngontrak dadi swasanane rame.
Dina kaloro bojoku mlebu shift bengi, dhasare aku rada jirih sawise bojoku budhal lawang tak kancingi kabeh. Ora suwe udan deres kacampur angin gedhe nambahi mirise ati. Amarga rada keweden anakku tak kekep supaya ora rewel. Ngancik tengah wengi ana swara glodhagan ing dhuwur pyan ora leren-leren, kaya swarane tikus kiter-kiteran. Atiku ketar-ketir wedi nek kejeglokan pyan sing wis mengkap-mengkap.
Tak inguk jam ing tembok pandome nuduhake angka siji. Nyoba takremke mripatku karo ndremimil nyebut asmane Gusti Allah, githokku mrinding. Aku donga muga-muga gek ndang krungu adzan subuh lan bojoku ndang mulih. Kudu nangis nanging ora kawetu luhku.
“Brakk!!”
Dumadakan ing pernahe kamar mburi krungu swara kaya lawang didobrak wong. Aku tansaya ngewel, anakku sing angler takkekep kenceng. Aku wis ora wani mingket saka kasur.
Swara glodhakan ing dhuwur pyan pindhah neng pernahe kamar mburi mau. Swarane tambah rame kaya tukang lagi dandan-dandan, ana swara wong nggraji lan methik paku. Masiya keweden, aku isih mikir apa enek maling arep mbobol omah iki.
Merga rumangsa tanggung jawab diwenehi amanah njaga omah, takwanek-wanekne metu saka kamar marani pernahe swara glodhakan mau. Lampu tak byarke padhang jingglang mbarengi swara glodhakan mau ilang. Tekan ngarep kamar mburi aku njomblak merga lawange ngeblak. Pikiranku wis ora karuan, tak wanek-wanekne mlebu kamar mburi nganggo senter merga lampune mati. Anehe kamar sing ora nate dibuka iki resik, aroma kembang mlathi lan kenanga nyogrok irungku. Remeng-remeng katon lemari lan amben kayu kuno. Tak inceng longan ngisor amben goleki menawa ana tikus apa kucing sing glodhakan mau. Mak byar sunare senter nyentrong ngisor amben banjur makpet, peteng dhedhet donyaku.
Ujug-ujug ana sing ngoyag-oyag sikilku, bareng melek tibake digugah bojoku kang bali saka kerja, untunge nggawa kunci serep. Bojoku nggumun kenangapa aku turu neng lemah tanpa klasa, pas neng ngarep kamar mburi. Aku dhewe ya nggumun. Luwih kaget maneh tibake kamar mburi isih rapet kaya biasane, kamangka mau bengi ngeblak lan gawange rusak.
Aku ngewel maneh lan isih thong-thongen karo kang lagi bae kedaden. Tibake aku dhek bengi nggeblak semaput merga kaget nyumurupi maesan ngisor amben kang kaya lagi bae disekar. Kembang ing dhuwur maesan isir seger. Trus maesan njero kamar kuwi kuburane sapa? Nek mung ngimpi kok turuku pindhah kene?
*****
Madiun, 23 Maret 2025
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Matur nuwun sampun pinarak wonten mriki.