Dening: Dyah Kurniawati
Udakara tahun 90-an aku mulih kebengen amerga ana urusan
ing kutha. Omahku ing lereng Wilis, nglewati tengah alas sing durung ana
lampune. Nanging amerga wis kulina, blas ora duwe rasa wedi lan was-was. La
piye maneh ya kuwi dalan siji-sijine yen metu saka desaku.
Dhewekan taktrabas petenge wengi, sakiwa tengene dalankebak wit jati katon peteng dhedhet. Mendhunge wis gumandhul arep ceblok. Swarajangkrik ngerik sesautan ing selane swara banyu kali sing gumrojog sakidulejurang.
Nalika meh tekan jurang Dengkeng, saka kadohan katon padhang banget. Padhang kencar-kencar kaya swasana pasar malem. Sumbere padhangsaka lampu petromak lan teplok kang sumebar ing satengahe lapangan.
“Wiwit kapan ana lapangan neng kene?” pitakon sajroning batinku ora kawetu, merga oraana kancane caturan.
Jurang iki terkenal wingit, asring kedadeyan kacilakan lanrata-rata korban ninggal ngenggon. Dalane ndeder munggah tur pas tikunganrada kaling-kalingan gampengan. Kudu waspada nglakokne kendharaan yen ngliwatikene, lena sithik bisa glondor mundur utawa tabrakan saking bantere ngegas
munggah. Iki sing nyebabake bras-bres kacilakan.
Tahun wingi ana pikep ngangkut palawija njungkel ing kene.Kernet loro sing lungguh ing mburi kelangan nyawane merga kebrukan pikep kangmalik. Rong wulan wingi ana wong gocengan nglundhung mlebu jurang. Untungenasang ing oyote jati ora bablas terjun neng jurang dadi isih bisa dislametke,ning sijine koma lan lagi sadar sawise seminggu dirawat ing UGD. Nalika wissadar crita ngethuprus, rumangsane ing kene ana pasar malem. Dalane macet lanrame banget. Sakjane olehe nglakokne motor alon-alon merga akeh wong nyabrangarep delok pasar malem. Saking alone motore glondor mundur lan bablas mlebujurang merga rem e blong. Wong-wong sing krungu critane padha ora percaya,dikira pikirane durung genep merga bar koma seminggu. Lan isih akeh kedadeyanaeng ngenani sakiwa tengene jurang Dengkeng kene.
*****
Saya cedhak keprungu swara gamelan saka arahe pasar malem kuwi. Nggumunku durung ilang nalika ujug-ujug sepedha motorku mati nalika ngliwati pasar malem iku. Kamangka motorku isih anyar tuku gres durung ana setaun. Sasuwene iki ora nate rewel sebab aku sregep ngresiki mesine. Bensine ya isih akeh, oli ya lagi tak ganti minggu wingi. Kabeh kabel-kabel tak deloki menawa ana sing ucul. Kabeh normal durung nemu karusakan sing nyebabake macete motorku.
Karo nguthak-athik motor aku mbatin, kok ora ana wong liwat utawa wong sing nonton pasar malem kuwi. Karepku ya arep jaluk tulung mbenakne motor. Jaman semono aku durung duwe hp. Nyegat motor lewat kawit mau blas ora ana kemliwere motor kamangka sesuk malem pasaran, malem Kemis Pahing. Biasane akeh colt lan pikep ngeterke janganan lan palawija sing didol ing pasar sesuk esuk.
Taksawang saka kadohan, ing satengahe pasar malem akeh dagangan sing didhasarke kayata kacang goreng, gedhang godhog, tahu petis, puthu, donat, arum manis, lan jajan liyane. Uga ana plendhungan, motor-motoran, trompet kertas, lan dolanan kaya lumrahe nek ana kerameyan. Nanging anehe kabehora ana bakule.
Ing kono uga ana maneka warna arena permainan, kayata dromolen, bandhulan, ombak banyu lan tong setan. Ombak banyu lan dromolen munyer nanging ora ana sing numpak siji-sijiya, uga ora katon sing biasane jaga lan nariki karcis.
Aku thingak-thinguk golek warung kopi mesisan arep leren. Lakuku nuju ing sakidule dromolen marani dhasaran meja kang dodol kopi. Ning tak inguk bakule kok durung ana. Ing meja ya cumepak gula, kopi, teh lan gorengan tahu, heci, tempe lan jadah bakar. Sacedhake meja warung kopi ana tungku saka lemah genine murub. Ndhuwur tungku ana panci isi banyu umob molak-malik. Taktunggu sauntara ing dhingklik dawa menawa bakule ndang teka. Weruh jadhah bakar sing katone nyampleng aku ngeleg idu. Tanganku kumlawe ngranggeh piring seng isi jadah bakar. Nalika meh kasil jupuk jadah bakar lengenku krasa abot, kaya ana sing nyandhet. Sidane takwurungke, ora arep jupuk jajanan yen bakule durung teka. Nganti cengklungen kok panggah ra enek kemliwere wong, aku balik maneh dandani motor.
Tinimbang nggrundel aku maca donga sabisa-bisane. Donga sing takapalne nalika biyen pas cilik ngaji ing langgar. Sauni unine donga lan ayat sing isih apal. Alfatihah, surat-surat pendek lan ayat kursi takunekne ngrememeng bola-bali. Ganep ping telu ngrapal donga lakok makpet, swasana dadi peteng dhedhet mbarengi nggerenge motorku. Alhamdulillah, motorku wis urip. Nanging neng endi lampu-lampu sing padhang kencar-kencar mau. Lampune mati bareng kamangka iki dudu setrum listrik. Gumunku ora wis-uwis.
Ing sakiwa tengene olehku ibet dandani motor bali kaya sadurunge, peteng dhedhet mung krungu jangkrik ngerik lan gumrojoge banyu kali. Angin midid alus sumusup ing suwalike jaketku. Swara jangkrik ngerik tansaya banter. Dumadakan grimis riwis nibani sirahku. Grayah-grayah takjupuk helem sing mau takglethakne neng suketan sacedhake motor.
Maktratab, kelingan critane bocah sing kacilakan ing kene lan koma seminggu ing UGD rong wulan kepungkur. Githokku mengkirig bareng sadhar yen kedadeyan iki ora sabaene. Muji sukur isih pinaringan kaslametan. Gage takstater motorku nrabas petenge wengi tanpa mengo memburi.
Cuthel!
******
Madiun, 7 Januari 2024
*Wis kapacak ing Majalah Jaya Baya No. 31 Minggu V Maret 2024

