PENGALAMANKU MLEBU KELAS SKS
Dening: Khanza Zahira
Haii,
jenengku Khanza Zahira saka 7L, kelas Hubbul Qur’an. Aku arep crita ngenani pengalamanku
mlebu seleksi tahap 1 ing kelas SKS.
Mbiyen
nalika wektune jupuk rapot semester 1 atiku ngrasakne ndhredhek pol, amerga
wedi oleh biji elek. Alhamdulillah, rapot didumke lan IP-90.
Pas wis mlebu sekolah maneh sawise preian semester, aku lan kancaku sing jenenge Hanun ditimbali guruku. Sawise mara ing ruang guru aku penasaran wedi nek ana apa-apa, tibake aku diomongi yen kapilih mlebu kelas SKS. Perasaanku campur adhuk ora karuwan, antarane susah lan seneng. Jarene yen mlebu kelas SKS kuwi ana penake lan ora penake. Penake aku mengko lulus 2 taun, ora kepenake kuwi mengko mesthi akeh tugas.
Aku karo Hanun bingung arep mlebu SKS apa ora. Akhire sawise dipikir mateng aku karo Hanun mutusake mlebu kelas SKS. Sabanjure aku cah loro diwenehi tugas luwih akeh tinimbang kanca sakelas liyane.
Sajane
pas diwenehi tugas akeh aku bingung, arep wiwit nggarap tugase saka ngendi,
soale lumayan akeh lan angel. Aku karo Hanun arep nyerah, tapi oleh semangat
teka ibuke. Sidane bisa bangkit maneh nganti saiki wis semester telu.
Nanging
nganti saiki aku isih bingung, kang kudune semester telu dilakoni 6 wulan, amerga
wektune kepotong akeh dina prei, saengga mung ditarget sesasi kudu rampung. Lan
wulan ngarep ujug-ujug wis ujian maneh seleksi kaloro. Ujian iki nyebabake aku
panik, soale yen mengko bijiku elek-elek
aku wedi nek gak lolos seleksi mlebu kelas SKS.
Lan..., critaku nganti tekan kene bae ya. Dongakne aku lan Hanun ketrima ing kelas SKS ngantu lulus rong taun ya.
******
Madiun,
7 Mei 2025
Biodata
Pangripta: Khanza Zahira Almustofa. Lair ing tanggal 4 September
2011. Saiki isih dadi siswa MTsN Kota Madiun Kelas 7L. Nduweni
kasenengan olahraga . Cita-Citane pengin dadi wong sukses, supaya bisa dadi kebanggaane wong
tuwa. Aamiin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Matur nuwun sampun pinarak wonten mriki.