Rabu, 06 November 2024

Crita Misteri

Keluk Dupa Tengah Wengi

Dening: Dyah Kurniawati

Kamar mahad putri geger bengi kuwi. Swara pating klesik, bisik-bisik karo lungguh dhempetan, umpel-umpelan merga keweden. Teror tengah wengi kuwi tansaya nambahi mirise ati. Masiya medeni, nanging malah nambahi penasarane ati.

Rina nangis kamisesegen lungguh ing sela-selane Dewi lan Hani. Dheweke ngewel merga thong-thongen bubar weruh wewayangan obah-obah ing suwalike korden cendhela.

Wengi kuwi udakara jam rolas, santri penghuni asrama mahad putri meh kabeh angler ngliseg merga kekeselen. Nanging bocah lima isih jegigisan, yakuwi Rina, Dewi, Hani, Naya lan Nurul, ora ndang turu-turu. Umi Siti, ibu asuh mahad putri wis kaping telu dhodhogi lawang kamar, mrintah kon ndang turu. Nanging sawise Umi Siti ngalih bocah lima panggah jegigisan.

Bocah kuwi kawit mlebu mahad angel banget omong-omongane. Saben bengi angel yen kon ndang turu. Kabeh santri sing neng kamar kuwi rumangsa keganggu. Sajane wis diperingatke pengurus bola-bali panggah bae ora kapok.

Rina nyawang jam sing cumanthel ing tembok,

“Eh, wis jam setengah siji lo Cah, ayo turu.”

“Aku sik gung ngantuk hlo.”

“Hiya, mandhak Umi Siti wis medhun ae hlo. Aman wis.”

“Hahahaha, hiyaa. Ayo ngedur nganti esuk wae. Sapa wani.”

“Akuuuuuu!!! Hahahahaaa”

“Ssstt, aja rame-rame ngko nek kuntilanake tangi hlo.”

“Stttt!”

Ujug-ujug kabeh meneng lan nglirik arahe cendhela cedhak tlundhakan. Kabeh ngrasa mengkirig weruh wewayangan obah-obah ing suwalike cendhela kuwi. Durung ilang kagete, mak breng kasusul ambu dupa sumribit saka arah cendhela mau.

Rina njerit lan ngewel. Tangane nuding-nuding pernahe cendhela banjur nutupi raine nganggo kemul. Kabeh kancane uga narik kemul padha Rina. Nanging nganti jam 3 panggah ora bisa turu, mung kethip-kethip kanthi pikiran ora karuwan.

Dumadakan keprungu bel lan halo-halo yen kabeh santri wayahe tangi sholat tahajud. Karo pandeng-pandengan cah lima sing durung turu blas mau ya melu tangi, nanging merga kabeh penghuni kamar wis tangi lan aktifitas, dadi rasa wedine wis suda.

Sajoge kedadeyan wengi kuwi, bocah lima sing biyasane saben tengah wengi jegigisan ngganggu santri liyane sing istirahat, saiki wis ora maneh. Wiwit jam sepuluh bengi wis mapan turu manut jadwal mahad.

*****

Nalika arep mapan sare Ustadz Imam karo mesem ngendika marang garwane, Umi Siti,

“Piye Um, santri putri saiki wis aman ta?”

“Alhamdulillah, misi sukses.  Sajoge kedadeyan bengi kuwi kabeh wis ora ana maneh sing jegigisan melek bengi.”

“Sip, yen ngono ide mbakar dupa lan ngobahne rukuh neng suwalike cendhela kae kasil medeni bocah ben tertib ndang turu. Merga akeh sing gak nyaman gara-gara polahe bocah lima kuwi.”

“Yawis, dupa sing kari separo kae ndang dibuwang bae hehe.”

“Inggih, muga-muga aman sateruse.”

“Alhamdulillah.”

 

*****

 

Madiun. 6 Nopember 2024


Biodata Pangripta: Dyah KurniawatiSawijining wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa. Lulusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah UNESA iki uga nulis puluhan buku,  cerkak, cerpen, puisi, resensi lan liyane. Saiki  ngabdi ing MTsN kutha Madiun.

Selasa, 08 Oktober 2024

Cerkak-Wacan Bocah

DIKITER ASU

Dening: Ayudewi Saraswati Sari Intan

Aku lan dulurku cacah pitu lagi ngrayakne malem takbiran ing lapangan Winongo. Pas neng dalan sing peteng dhedhet kaya ana sing obah-obah.Bareng takparani karo dulur-dulurku anehe ora ana apa-apa. Trus ana sing muni,

"Hee, ayo dolanan mercon, aku nggawa iki. Mumpung neng kene sepi lan peteng.”

Kabeh padha semaur,

  "Ayoo…! Ayoo!"

“He sing genah ta! Mengko nek enek jumpscare ngono piye jall?"

 "Wis ta aman aman, mandhak awake dhewe cah pitu mosok ora wani lho".

Sidane kabeh gelem, nanging malah enek kedadeyan sing lucu meh nyepotke jantung. Bedheken jal bar iki enek apa???.

Pas mercon disumet otomatis dalan sing awale peteng dhedhet malih mak lap kaya kesamber bledhek. Kaya piye ya, kaya ngeflash ngunu lhooo. Lha pas kuwi aku weruh enek omah kosong lampune ora diuripke.. Neng terase enek kursi goyang.

Pas dulurku ngurupke mercon maneh,  tak delok ujug-ujug ing teras omah mau enek  mbah-mbah tapi meneng bae. Banjur dulurku ngiripke  mercon sing kaping telu, mbah kuwi wis pindhah nggon cedhak panggonan nguripke mercon.

Nah, mercon sing kapapat diurupke maneh mbah kuwi njodhil kaget. Saking kagete banjur misuh lan mbengok,

 “Jeeyyan jooss!”

Mbah kuwi banjur ngiter aku karo dulurku sing mlayu gendring keweden. Apamaneh mbahe nggawa selot keramat. Karo mbengok maneh,

“Bocah ogh, enek wong tuwa barang malah dolanan mercon. Gek bianter sisan garahi kaget wong tuwek!!!!! "

Ujug-ujug saka pucuke dalan sing peteng dhedhet kuwi kaya ana sing mlayu, tibake asu gedhe banget. Asune uga kaget langsung ngiter aku lan dulur-dulurku. Lepas saka mbah kuwi mau langsung ditampani asu sing ganti ngiter.

Karo ngewel, aku lan dulur-dulurku kepeksa ngubengi lapangan Winongo nganti limang ubengan, nganti asune mlayu ngalih. Bareng wis aman kabeh padha mulih golek slamet dhewe-dhewe.

Tekan omah sikilku langsung teklok setengah mati. Sawise kekadeyan kuwi aku kapok dolanan mercon ing panggonan sing peteng dhedhet maneh.

******

Madiun, Oktober 2024



Biodata Pangripta: Ayudewi Saraswati Sari Intan. Lair ing tanggal 5 Desember 2011. Saiki isih dadi siswa MTsN Kota Madiun Kelas 7M. Nduweni Kasenangan gambar lan masak. Cita-Citane pengin dadi pengusaha sing sukses dunya lan akherat, supaya bisa kebanggane wong tuwa. Amin Ya Rabbal Alamin.

 

Jumat, 04 Oktober 2024

CERKAK-WACAN BOCAH

 KECEMPLUNG KALEN

dening: Nayra Anike Prastika

            Nalika isih TK, aku duwe sepedhah werna ungu. Sepedha unguku kuwi banget taktresnani, amerga tansah setya ngancani dina-dinaku. Mbuh kuwi susah apa seneng. Biyasane aku sepedhahan ing dina prei bareng kanca-kanca sapantaran cedhak omahku.

Sawijine dina pas prei sekolah, aku diparani kanca-kancaku arep dijak sepedhahan ngubengi desa. Tekan lapangan krasa kesel lan padha leren. Pas kuwi ana bakul es liwat.  Aku lan kanca-kancaku iseng nyegat bakul es karo jegigisan, kamangka siji wae gak ana sing nggawa dhuwit.

“Pak, tumbas!”

Bakule es mandheg, aku karo kanca-kancaku malah ngalih. Jelalah neng kono pas rame warga padha lungguhan, padha nyeneni aku karo kanca-kancaku.

Karo cekikian banjur padha mlayu njupuk sepedhahe lan mblandhang banter. Kanca-kancaku padha ngebut banter lan aku ditinggal mburi dhewe. Mlakuku alon alon merga durung sepira lancar. Pedhal takgenjot banter nyoba ngiter kanca-kancaku.  Merga wedi lan kesusu dadi ora patiya ngingeti dalan.

“Bruakkk!!”

Ujug-ujug ana kucing liwat neng ngarepku tanpa permisi. Sepedhaku nyemplung selokan, aku melu njungkel pisan. Untunge ora ana wong ing sakitare kono, merga meh surup. Dadi aku ora sepira isin. Karo ngempet lara aku ngadeg dhewe. Ora krasa luhku dleweran, nangis merga ditinggal kanca-kancaku. Sepedhaku rusak, lan mulih tak tuntun. Nelangsa atiku.

            Tekan ngarep omah aku langsung nggoleki ibu.

“Buk, aku tibaaaa….!”

Ibuku mlayu saka njero omah gage marani. Banjur takcritakne apa sing lagi kedadean karo mingseg-mingseg. Ndeleng awakku reged kabeh merga bar kecemplung kalen, ibu ngongkon aku ndang adus. Banjur ibu nyepakne maemku.

Sawise salin klambi aku langsung maem merga keluwen, luwe merga kesuwen nangis. Bapakku neng ngarepan dandani sepedhahku sing rusak parah,

Bareng sepedhaku wis kenek, alon-alon takjajal mara menyang omahe kancaku sing cedhak. Aku banjur crita kedadeyan nalika ditinggal mau. Kancaku jaluk sepura wis ninggal, merga kabeh wedi diseneni warga wis nyeluk bakul es gak tanggung jawab.

Bar kuwi apikan maneh, aku gak nesu. Aku karo kancaku rencana dolan maneh, nanging ora bakal mbaleni klakuwan sing ora bener lan ngisin-ngisini mau.    

******

Madiun, 25 Agustus

Biodata Pangripta: Nayra Anike Prastika. Lair ing tanggal 5 Januari 2012. Saiki isih dadi siswa MTsN Kota Madiun Kelas 7N. Nduweni kasenengan sepedhahan. Cita-Citane pengin dadi dokter sing sukses, supaya bisa dadi kebanggaane wong tuwa. Aamiin.




Minggu, 29 September 2024

ANA ANA BAE

DI PRANK ATM 

Mau esuk mas bojo metu terus mesisan aku nitip jupuk dhuwit neng ATM amarga aku ya lagi umyeg ing omah( asline males metu kepenaken ndhekem kanthi alesan WFH..wkwk).Tekan omah crita kok dhuwitku ing ATM kari saithik..saldo tidak mencukupi. Wis diganti pindah ATM ya ngono tetep saldo kosong.Maktratab..makdheg..aku ya langsung ngedrop..kamangka bayar wulan iki langsung mlebu ATM durung kesenggol blas. Njur neng endi parane dhuwitku?

    Jelalah M-Banking ku keblokir arep ngurus males antrine..tur saka sms banking uga ora ana laporan dhuwit metu.Karo dhelog-dhelog katon semliwer tagihan iki..tagihan kae..tagihan iku...wadhuuuhh gek piye iki mengko.

    Karo ngomel-ngomel kaya biasane saomah kena semprot kabeh lan ora ana sing wani cemuwit yen sang putri wiwit ngoceh cicit cuwit (ing ngendi-2 panggon wong wedok ki mesthi bener ya).

    Kalawan ati dongkol isih ngedhumel..rasane campur adhuk ora karuan aku nyaut kontak lan bablas menyang kantor Bank cedhak pasar..antriane byuuuh ngalahake audisi Indonesia Idol. Sidane motor tak blandhangke menyang Kantor Bank sing tak anggep luwih sepi. Nanging tibake jas buka iket blangkon, sama juga sami mawon...uantriiii luur.

    Ya wislah kanthi kepeksa aku jupuk antrian mesisan nunut ngiyup lan ngadhem. Lumayan panase atiku sing kemropok ditepasi AC dadi rada manget-manget sithik.

Karo nyawang mbak teler karo mas CS sing bening2 aku njur iseng2 mara neng ATM sing ana ing ruangan iku.        


    Lakok tibake dhuwitku mbalik maneh utuh kaya sing tak karepake. Walah. Njur..aku mau  lungguh thenguk2 jam-jaman ing kene kaya wong linglung ora ana paedahe ta ya. Gage dhuwit ing ATM tak sedhot..aku bablas mulih. Babahne nomet antrianku mau, sing penting aku enggal tekan omah lan jaluk sepura marang wong omah sing wis tak ocehi mau esuk.

Nanging tekan omah tibake wis kosong..ora enek sapa-sapa.


    Tak brukne awakku ing dhuwur kasur karo kelop-kelop. Jane ngimpi apa aku iki mau kok manutmen digawek-gawekne dening ATM. Nanging isih taksyukuri dhuwitku aman lan isa kanggo nyembung urip ing wulan iki.

Mugi rahayu sagung dumadi.Maturnuwun 

  







Dyah Kurniawati lahir dan bermukim di Madiun. Menggilai fiksi sejak berseragam putih merah. Lulusan Pend. Bahasa dan Sastra Jawa ini mencoba selingkuh ke sastra Indonesia, tapi tak kuasa lepas dari hangat pelukan sastra Jawa. Menulis geguritan, cerkak, esai, cerita lucu, juga menulis puisi dan cerpen.






 


#Kapacak ing Jaya Baya No. 21 Minggu III Januari 2024, Rubrik Ana-Ana Bae.











Kamis, 23 November 2023

MEMBA-MEMBA

 

Dening: Dyah Kurniawati

Jam siji bengi rombongan guru SMP sing arep melu acara neng Surabaya wis siyaga neng jero bis sing parkir neng latar sekolah. Meh sepuluh menit mesin nggereng. Bis wis arep dibudhalke, nanging Pak Widada durung katon. Kabeh ingak-inguk lan ngarep-arep jumedhule Pak Widada. Karo bola-bali nginguk jam tangan, Bu Rina nyuwun tulung Pak Budi nyusul Pak Widada neng jedhing marga kesuwen,

“Pak Budi, tulung aturana Pak Widada mau aku weruh mlebu jedhing”

“O, nggih Bu. Sekedhap.”

Kandha ngono Pak Budi setengah mlayu tumuju jedhing sekolahan, nanging jedhing sing mapan ana sekolah iki diubengi kabeh katon peteng ora ana tandha-tandha menungsa neng jerone. Sidane Pak Budi mbalik neng bis tanpa kasil.

“Mboten enten lho, Bu.”

“Lah, mau aku ngerti Pak Wid mlebu jedhing sing cedhak ruwang BP.” Bu Rina semaur karo metu saka bis arep mesthekne neng jedhing. Nanging jangkahe kandheg merga Pak Karyadi menehi usul,

“Ditelpun bae hlo, Bu.”

“Sampun kawit wau kula bal-bel mboten diangkat.”

Amem, kabeh sing neng bis padha nyoba ngubungi Pak Widada nanging tetep ora bisa. Pandom jam terus lumaku, Pak Rusdi selaku kepala sekolah mutusi,

“Dienteni seprapat jam maneh yen Pak Widada durung rawuh ditinggal bae.”

Durung nganti rampung Pak Rusdi ngendika, lakok HP-ne Bu Rina muni lan neng layar muncul jeneng kontak Pak Widada,

“Pak Wid, jenengan iki neng endi bae ta, ditunggu sabis nganti cengklungen.”

“Aku saiki neng terminal, Bu. Wingi wis matur jenengan yen aku nunggu neng terminal bae. La niki kula nunggu meh sajam kok bis ora ndang teka makane aku ngebel jenengan.”

Jawaban telpun saka sebrang ngagetke wong sabis, jelalah swarane dispeaker dadi krungu kabeh.

“Loh, aku mau weruh jenengan mlaku neng jedhing. Trus Pak Budi nggoleki mrana kok ora ana. Nggih mpun berarti bis langsung meluncur terminal.”

Pet, telpun ujug-ujug mati. Karo gidro-gidro nyableki pupune dhewe, Bu Rina gumune ora uwis-uwis,

“La hiya ta, mau aku weruh tenan hlo Pak Widada ngagem jaket ireng ngglunus neng jedhing sing cedhak ruwang BP. Tenan, aku ora ngapusi.”

Swasana tambah rame nalikane Pak Bahtiar ngendika,

“Aku mau ya weruh Pak Widada lenggah neng ruwang waka madhep ngalor, tak jak neng bis meneng bae sik katrem karo HP-ne.”

“Hladalah, gek sapa kuwi!” Bu Siti bengok lan lungguhe tansaya dipepetke aku. Kasak-kusuk padha nggunem kedadeyan aeng kang lagi bae klakon. Durung ilang rasa mrindinge, Pak Kepala sing lenggah kursi ngarep melu nimbrung sing nambahi swasana tansaya nyenyet.

“Jam siji kurang seprapat aku tekan sekolah bablas mlebu ruwanganku saperlu jupuk barang sing keri. Rada kaget nalika neng kono wis ana Pak Widada lungguh neng sofa jaketan ireng.”

Pak Kepala ambegan landhung, kabeh nunggu bacute crita.

“Weruh aku teka, Pak Widada malah metu karo ngendika, “Mangga Pak, enggal mawon bis sampun sumadya.”. Sidane rada kesusu aku nututi bablas neng lapangan, nanging kok Pak Widada malah ora ana.”

“Audzubillahiminasyaitonirojim.”

“Bismillah, muga-muga slamet ora enek alangan apa-apa.”

“Aamiin.”

Kabeh meneng ora ana sing wani kumecap, sibuk karo alam pikirane dhewe dhewe. Ora krasa lakune bis wis nyedhaki terminal. Saka kadohan katon Pak Widada neng pinggir dalan ngarep terminal.

“He, delengen sik Pak Widada ngambah lemah apa ora!”

“Huss, wis Bu ora usah dibahas mundhak pikiran ora karuwan.”

Akhire kabeh sepakat ora crita kedadeyan iki maneh ing ngarepe Pak Widada, supaya pikiran tenang. Sadawane dalan kabeh dremimil donga supaya slamet. Alhamdulillah, budhal mulih lancar, kabeh isih binerkahan rahmate Gusti Allah kang akarya jagad.

Sesuke nalika neng kantor lagi wani crita. Pak Widada mung dlongap-dlongop karo isih ora percaya, bola-bali nggrayahi githoke sing mengkirig. Aku tansaya thong-thongen.

*******

Madiun, 23 Oktober 2023


*Wis kapacak ing Majalah Jaya Baya No. 11 Minggu II, November 2023.





Crita Misteri

NALIKA AKU KEPILIH ING KELAS SKS

Dening: Hanun Azizah Awale aku ora ngarep-ngarep bisa kapilih mlebu kelas SKS. Nanging, nalika bubar jupuk rapot aku ndelok IP ku 90-an....