Kamis, 23 November 2023

MEMBA-MEMBA

 

Dening: Dyah Kurniawati

Jam siji bengi rombongan guru SMP sing arep melu acara neng Surabaya wis siyaga neng jero bis sing parkir neng latar sekolah. Meh sepuluh menit mesin nggereng. Bis wis arep dibudhalke, nanging Pak Widada durung katon. Kabeh ingak-inguk lan ngarep-arep jumedhule Pak Widada. Karo bola-bali nginguk jam tangan, Bu Rina nyuwun tulung Pak Budi nyusul Pak Widada neng jedhing marga kesuwen,

“Pak Budi, tulung aturana Pak Widada mau aku weruh mlebu jedhing”

“O, nggih Bu. Sekedhap.”

Kandha ngono Pak Budi setengah mlayu tumuju jedhing sekolahan, nanging jedhing sing mapan ana sekolah iki diubengi kabeh katon peteng ora ana tandha-tandha menungsa neng jerone. Sidane Pak Budi mbalik neng bis tanpa kasil.

“Mboten enten lho, Bu.”

“Lah, mau aku ngerti Pak Wid mlebu jedhing sing cedhak ruwang BP.” Bu Rina semaur karo metu saka bis arep mesthekne neng jedhing. Nanging jangkahe kandheg merga Pak Karyadi menehi usul,

“Ditelpun bae hlo, Bu.”

“Sampun kawit wau kula bal-bel mboten diangkat.”

Amem, kabeh sing neng bis padha nyoba ngubungi Pak Widada nanging tetep ora bisa. Pandom jam terus lumaku, Pak Rusdi selaku kepala sekolah mutusi,

“Dienteni seprapat jam maneh yen Pak Widada durung rawuh ditinggal bae.”

Durung nganti rampung Pak Rusdi ngendika, lakok HP-ne Bu Rina muni lan neng layar muncul jeneng kontak Pak Widada,

“Pak Wid, jenengan iki neng endi bae ta, ditunggu sabis nganti cengklungen.”

“Aku saiki neng terminal, Bu. Wingi wis matur jenengan yen aku nunggu neng terminal bae. La niki kula nunggu meh sajam kok bis ora ndang teka makane aku ngebel jenengan.”

Jawaban telpun saka sebrang ngagetke wong sabis, jelalah swarane dispeaker dadi krungu kabeh.

“Loh, aku mau weruh jenengan mlaku neng jedhing. Trus Pak Budi nggoleki mrana kok ora ana. Nggih mpun berarti bis langsung meluncur terminal.”

Pet, telpun ujug-ujug mati. Karo gidro-gidro nyableki pupune dhewe, Bu Rina gumune ora uwis-uwis,

“La hiya ta, mau aku weruh tenan hlo Pak Widada ngagem jaket ireng ngglunus neng jedhing sing cedhak ruwang BP. Tenan, aku ora ngapusi.”

Swasana tambah rame nalikane Pak Bahtiar ngendika,

“Aku mau ya weruh Pak Widada lenggah neng ruwang waka madhep ngalor, tak jak neng bis meneng bae sik katrem karo HP-ne.”

“Hladalah, gek sapa kuwi!” Bu Siti bengok lan lungguhe tansaya dipepetke aku. Kasak-kusuk padha nggunem kedadeyan aeng kang lagi bae klakon. Durung ilang rasa mrindinge, Pak Kepala sing lenggah kursi ngarep melu nimbrung sing nambahi swasana tansaya nyenyet.

“Jam siji kurang seprapat aku tekan sekolah bablas mlebu ruwanganku saperlu jupuk barang sing keri. Rada kaget nalika neng kono wis ana Pak Widada lungguh neng sofa jaketan ireng.”

Pak Kepala ambegan landhung, kabeh nunggu bacute crita.

“Weruh aku teka, Pak Widada malah metu karo ngendika, “Mangga Pak, enggal mawon bis sampun sumadya.”. Sidane rada kesusu aku nututi bablas neng lapangan, nanging kok Pak Widada malah ora ana.”

“Audzubillahiminasyaitonirojim.”

“Bismillah, muga-muga slamet ora enek alangan apa-apa.”

“Aamiin.”

Kabeh meneng ora ana sing wani kumecap, sibuk karo alam pikirane dhewe dhewe. Ora krasa lakune bis wis nyedhaki terminal. Saka kadohan katon Pak Widada neng pinggir dalan ngarep terminal.

“He, delengen sik Pak Widada ngambah lemah apa ora!”

“Huss, wis Bu ora usah dibahas mundhak pikiran ora karuwan.”

Akhire kabeh sepakat ora crita kedadeyan iki maneh ing ngarepe Pak Widada, supaya pikiran tenang. Sadawane dalan kabeh dremimil donga supaya slamet. Alhamdulillah, budhal mulih lancar, kabeh isih binerkahan rahmate Gusti Allah kang akarya jagad.

Sesuke nalika neng kantor lagi wani crita. Pak Widada mung dlongap-dlongop karo isih ora percaya, bola-bali nggrayahi githoke sing mengkirig. Aku tansaya thong-thongen.

*******

Madiun, 23 Oktober 2023


*Wis kapacak ing Majalah Jaya Baya No. 11 Minggu II, November 2023.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Matur nuwun sampun pinarak wonten mriki.

Crita Misteri

NALIKA AKU KEPILIH ING KELAS SKS

Dening: Hanun Azizah Awale aku ora ngarep-ngarep bisa kapilih mlebu kelas SKS. Nanging, nalika bubar jupuk rapot aku ndelok IP ku 90-an....