DISUNAT JIN
Dening: Dyah Kurniawati
“Mak, Mak! Aku sunat suk kapan?”
Mulih sekolah Rendi nangis karo bengak-bengok nggoleki simboke kang lagi setlika. Karo ngelap kringet merga gobyos kena hawa setlika, Siti mandeng anake suwe. Bingung, ora kawetu arep nyauri. Wis rong mingguan iki saben mulih sekolah utawa dolan, ukara iku kang mesthi ditakokake.
“Aku isin hlo, Mak. Bola-bali dipoyoki, wis gedhe kok durung sunat. Dilokne jarene aku banci,” kandha ngono karo nangis ngguguk. Siti enggal ngrayuk anake ontang-anting kuwi trus melu ngguguk pisan.
Maknyut, banjur eling bapake Rendi sing wis sowan ing alam kelangengan. Wolung taun kepungkur nalika Rendi isih trantanan, Pardi bapake Rendi ceblok saka wit klapa nalika kerja ngundhuh klapa ing tegale Mbah Lurah. Sanalika langsung diplayokne menyang rumah sakit, nanging nyawane ora ketututan amarga pendarahan ing sirahe.
Sajoge iku uripe Siti lan Rendi ditanggung Mbah Lurah, nanging ya mung cukup kanggo urip sabendinane. Iku bae isih direwangi mburuh setlika lan umbah-umbah klambine tangga sakiwa tengene, itung-itung kena kanggo nambah sangu sekolahe Rendi.
“Wis Le, mangan sik ya? Kae tak masakne jangan bobor karo tempe goreng senenganmu. Sunate sik nunggu wayahe preian sekolah bae, ben ora akeh ijin sekolahmu mengko,” kandha ngono sajane mung kanggo nylimur anake lanang. Sajane durung bisa nyunatne merga durung ana biayane. Masiya sunate neng mantri murah, nanging ya butuh ragad kanggo sukuran cilik-cilikan. Rencanane arep andum sega marang tangga kiwa tengen saperlune bae kanggo tengere yen Rendi wis sunat mengko yen dhuwite wis nglumpuk.
Sidane Rendi lilih atine. sawise salin klambi lan wisuh dheweke mangan lawuh jangan bobor bayem katon dhokoh, telap-telep. Siti nyawang anake tambah nelangsa, merga kabeh dipikir dhewe. Simbahe Rendi ya wong kesrakat, dadi ora pengin ngrepotke wong tuwane. Batine tansaya diiris-iris.
Jam papat sore Rendi budhal ngaji menyang mushol cedhak omahe. Sadurunge budhal dituturi simboke,”
“Mengko yen kancamu ngelokne durung sunat, jawaben ngenteni preian sekolah ngono ya Le.”
“Nggih, Mak. Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam, ngko mulih ngaji nyusula Mak neng nggone Mbah Lurah ya, Le.”
Rendi ngacugke jempol pratandha jawab oke. Sawise nutup lawang, Siti uga terus budhal rewang nggone Mbah Lurah, merga sesuk slametan pendhake bapake Mbah Lurah.
Udakara jam lima sore ana rame-rame neng emper omahe Mbah Lurah. Kabeh sing rewang padha metu. Neng jaba Rendi nangis banter digotong Ustadz Iman, guru ngajine. Jarene kanca-kancane ngaji sing uga melu ngeterke, Rendi mau sambat dalane pipis kemeng, lan jerit-jerit kelaran. Sawise dititipriksa Ustaz Imam, planangane Rendi kaya bubar disunat. Kamangka sasuwene iki Rendi durung nate sunat. Kabeh geger, klesak-klesik swara rame ngrembug Rendi bar disunat jin.
Mbah Lurah langsung mrintah Pak Ni, sopire ngetokne mobil kanggo ngeterke Rendi menyang klinik kecamatan. Wedi nek ana apa-apa karo barang wewadine kang kaya wis disunat.
Tekan klinik, langsung dipriksa mantri sing kulina nangani sunat. Miturut mantri kasebut pancen bener kaya bubar disunat kaya umume lan kondhisine apik. Sawise diwenehi pil lan obat antibiotik Rendi digawa mulih.
Siti isih kamitenggegengen sabubare dicritani Mbah Lurah, jaman biyen akeh bocah cilik sing kaya Rendi kuwi mau, disunat makluk gaib. Awit krenahe Mbah Lurah Rendi digawekne tumpeng robyong, saliyane sukuran pratandha wis sunat uga kirim donga kanggo keslametane Rendi sateruse. Lan kabeh ubarampe lan biaya slametan ditanggung Mbah Lurah.
Masiya isih ora percaya karo sunat nyalawadi lan marang kabeh kedadeyan kang lagi bae kelakon marang anake lanang, Siti percaya pancen iki wis dadi takdir dalan uripe. Ora kurang-kurang olehe ngucapake panuwun marang Mbah Lurah kang sasuwene iki tansah biyantu kluwargane. Sing wigati uga tansah muji sukur ndremimil muji asmane Gusti Allah, dheweke yakin iku dalane rejeki kanggo Rendi, si bocah yatim.
******
Madiun, 16 Februari 2025
*Wis kapacak ing majalah Jaya Baya No. 29 Minggu III, Maret 2025