Dening: Dyah Kurniawati
Jam siji bengi rombongan
guru SMP sing arep melu acara neng Surabaya wis siyaga neng jero bis sing
parkir neng latar sekolah. Meh sepuluh menit mesin nggereng. Bis wis arep
dibudhalke, nanging Pak Widada durung katon. Kabeh ingak-inguk lan ngarep-arep
jumedhule Pak Widada. Karo bola-bali nginguk jam tangan, Bu Rina nyuwun tulung
Pak Budi nyusul Pak Widada neng jedhing marga kesuwen,
“Pak Budi, tulung aturana
Pak Widada mau aku weruh mlebu jedhing”
“O, nggih Bu. Sekedhap.”
Kandha ngono Pak Budi setengah mlayu tumuju jedhing sekolahan, nanging jedhing sing mapan ana sekolah iki diubengi kabeh katon peteng ora ana tandha-tandha menungsa neng jerone. Sidane Pak Budi mbalik neng bis tanpa kasil.
“Mboten enten lho, Bu.”
“Lah, mau aku ngerti Pak
Wid mlebu jedhing sing cedhak ruwang BP.” Bu Rina semaur karo metu saka bis
arep mesthekne neng jedhing. Nanging jangkahe kandheg merga Pak Karyadi menehi
usul,
“Ditelpun bae hlo, Bu.”
“Sampun kawit wau kula
bal-bel mboten diangkat.”
Amem, kabeh sing neng bis
padha nyoba ngubungi Pak Widada nanging tetep ora bisa. Pandom jam terus
lumaku, Pak Rusdi selaku kepala sekolah mutusi,
“Dienteni seprapat jam
maneh yen Pak Widada durung rawuh ditinggal bae.”
Durung nganti rampung Pak
Rusdi ngendika, lakok HP-ne Bu Rina muni lan neng layar muncul jeneng kontak
Pak Widada,
“Pak Wid, jenengan iki
neng endi bae ta, ditunggu sabis nganti cengklungen.”
“Aku saiki neng terminal,
Bu. Wingi wis matur jenengan yen aku nunggu neng terminal bae. La niki kula
nunggu meh sajam kok bis ora ndang teka makane aku ngebel jenengan.”
Jawaban telpun saka
sebrang ngagetke wong sabis, jelalah swarane dispeaker dadi krungu kabeh.
“Loh, aku mau weruh
jenengan mlaku neng jedhing. Trus Pak Budi nggoleki mrana kok ora ana. Nggih
mpun berarti bis langsung meluncur terminal.”
Pet, telpun ujug-ujug
mati. Karo gidro-gidro nyableki pupune dhewe, Bu Rina gumune ora uwis-uwis,
“La hiya ta, mau aku weruh
tenan hlo Pak Widada ngagem jaket ireng ngglunus neng jedhing sing cedhak
ruwang BP. Tenan, aku ora ngapusi.”
Swasana tambah rame
nalikane Pak Bahtiar ngendika,
“Aku mau ya weruh Pak
Widada lenggah neng ruwang waka madhep ngalor, tak jak neng bis meneng bae sik
katrem karo HP-ne.”
“Hladalah, gek sapa kuwi!”
Bu Siti bengok lan lungguhe tansaya dipepetke aku. Kasak-kusuk padha nggunem
kedadeyan aeng kang lagi bae klakon. Durung ilang rasa mrindinge, Pak Kepala
sing lenggah kursi ngarep melu nimbrung sing nambahi swasana tansaya nyenyet.
“Jam siji kurang seprapat
aku tekan sekolah bablas mlebu ruwanganku saperlu jupuk barang sing keri. Rada
kaget nalika neng kono wis ana Pak Widada lungguh neng sofa jaketan ireng.”
Pak Kepala ambegan
landhung, kabeh nunggu bacute crita.
“Weruh aku teka, Pak
Widada malah metu karo ngendika, “Mangga Pak, enggal mawon bis sampun
sumadya.”. Sidane rada kesusu aku nututi bablas neng lapangan, nanging kok Pak
Widada malah ora ana.”
“Audzubillahiminasyaitonirojim.”
“Bismillah, muga-muga
slamet ora enek alangan apa-apa.”
“Aamiin.”
Kabeh meneng ora ana sing
wani kumecap, sibuk karo alam pikirane dhewe dhewe. Ora krasa lakune bis wis
nyedhaki terminal. Saka kadohan katon Pak Widada neng pinggir dalan ngarep
terminal.
“He, delengen sik Pak
Widada ngambah lemah apa ora!”
“Huss, wis Bu ora usah
dibahas mundhak pikiran ora karuwan.”
Akhire kabeh sepakat ora
crita kedadeyan iki maneh ing ngarepe Pak Widada, supaya pikiran tenang.
Sadawane dalan kabeh dremimil donga supaya slamet. Alhamdulillah, budhal mulih
lancar, kabeh isih binerkahan rahmate Gusti Allah kang akarya jagad.
Sesuke nalika neng kantor lagi wani crita. Pak Widada mung dlongap-dlongop karo isih ora percaya, bola-bali nggrayahi githoke sing mengkirig. Aku tansaya thong-thongen.
*******
Madiun, 23 Oktober 2023
*Wis kapacak ing Majalah Jaya Baya No. 11 Minggu II, November 2023.