Sabtu, 11 Januari 2025

Crita Misteri

ORDERAN NYALAWADI

Dening: Dyah Kurniawati        

Mumpung prei kuliyah aku nonthong neng taman kutha sinambi nunggu orderan. Nanging kawit esuk durung oleh orderan blas, sepi. Tak inguk layar hp, pranyata wis meh jam lima sore. Weteng sing kemrucuk  gage tak grujug banyu ngombe sing kari telung ceglukan ing botol sanguku saka kost. Wetengku saya kelet, merga durung mangen awan. Tak empet nganti oleh orderan, pasa dhisik. Untunge esuk mau wis klebon sega pecel olehku tuku neng warung ngarep kost. Urip adoh wong tuwa kudu irit. Apa maneh sedhela maneh wis arep mbayar UKT, aku kudu nglumpukne dhuwit aja nganti ngrepoti wong tuwa  neng kampung.

Ujug-ujug hp ku getar, tandha ana orderan. Age-age tak jupuk orderan iku, lumayan lah tinimbang sedina blas ora nyanthol. Bareng tak matke kok rada adoh, pinggir kutha. Nanging eman yen ora dijupuk, merga lumayan opahe.

Merga rada adoh, tak chat sing order, 

“Niki kula posisi ten tengah kutha, dados radi tebih. Menawi purun nengga nggih  kula bidhal.”

Nanging tak enteni suwe kok ora ana balesan, merga selak surup motor tak stater bablas ngalor manut google maps ing aplikasi. Dalane isih makadham lan ngliwati ara-ara sing sepi, blas durung simpangan karo kendharaan. Tekan ngarep klentheng takalonke lakune motorku. Tak pantengi terus google maps karo isih lingak-linguk merga arang omah, kaya area pabrik kang suwe ora prodhuksi. Merga lagi kuliyah setahun ing kutha iki, dadi durung apal karo dhaerah kene. 

Wektune wis remeng-remeng gek lampune akeh sing mati. Tak cedhaki omah sing  kaya mess karyawan, nanging  sepi kaya suwe ora diambah. Sukete neng latar ketel, jendhela kaca bledhuge kandhel lan reseke mosah masih ketara suwe ora disapu. Tak telpon bolak balik sing mau order panggah ora diangkat, kamangka pesenanku durung dibatalke.  Kayane bangunane suwe kosong.

Githokku merngkirig, awakku anyeb njejet nalika cendhela kaca sing kandhel bledhuge kemriyet mbukak dhewe katerak angin. Pikiranku bleng sanalika mbayangke sing ora-ora. Dumadakan angin gedhe kairing mendhung kang saya kandel, pratandha arep udan. Nambahi swasana tansaya sir-sir.

Lamat-lamat krungu adan magrib mbarengi baline kesadaranku. Motor banjur tak blandhangke saparan-paran penting oncat saka papan kono. Orderan banjur tak batalake, karo unjal ambegan landhung. Ngimpi apa mau bengi.

Tratabanku durung ilang nalika ana sawijining ibu udakara umur 35 taun ngawe aku karo setengah mlayu,

“Mas, Mas! Tulung ewangi goleki anakku ya…,” kandha ngono banjur nyengklak ing boncenganku.

“Niki ten pundi, Bu?” takonku setengah bingung.

“Wis, ayo pokoke mlaku.”

Motor tak lakokne alon alon ngubengi kampung sing wis sepi, kadhangkala ngliwati tebon lan sawah-sawah. Sadawane dalan ibuke crita yen anake sing lagi umur limang taun mau sore ngetutke kledhek kethek mlaku turut kampung. Nganti magrib durung mulih. 

Tansaya bengi tangise ibu mau pecah, merga anake durung ketemu. Kanthi rada ngati-ngati tak saranke mbalik mulih bae njaluk pitulungan Pak Lurah ben ngerahke wargane melu nggoleki. 

Meh bae puter balik, lakok ana swara tangisan ing pinggir kalen, ngisor tebon. Ibuk mau gage nyolot saka motor merga yakin kuwi swarane anake.

“Owalah Ndhuk, gek kowe nyapo neng kene. Gusti Allah maturnuwun….” Ibu mau mbengok saking senenge ketemu anake kang nangis ngguguk lan awake beret kabeh kenek tebon. Anake banjur dirayuk lan digendhong karo diambungi bola-bali.

Aku uga melu lega nalika mbalik ngeterke ibu saanake mulih. Lega maneh nalika pas mbayar ibuke menehi bonus turah-turah.

“Iki Le, tak tambahi. Maturnuwun ya wis ngrewangi mubeng-mubeng nggoleki anakku.”

“Inggih sami-sami, maturnuwun sampun diparingi bonus kathah.”

Olehku sabar sedina utuh dibayar lunas, malah ngluwihi pendhapatanku seminggu. Wis ora takpikir maneh orderan ghaib mau. Aku yakin kabeh iku ana sing ngatur lan dadi dalane rejekiku dina iki. Maturnuwun Gusti.

******

Madiun, 27 Desember 2024

Biodata Pangripta:

Dyah Kurniawati.

Sawijining wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa. Lulusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah UNESA iki uga nulis cerkak, cerpen, puisi, resensi buku lan liyane. Saiki dadi buruh momong ing MTsN Kutha Madiun .


Wis Kapacak ing Majalah Jaya Baya nomer 21, Minggu III Januari 2025






Cerkak-Wacan Bocah

 Sinau ing Kampung Inggris

dening : Asyifa Dianda N. A.

Akhir wulan Mei 2024, sekolahku MTsN Kota Madiun sing klas 7 unggulan BLC (Bilingual Class)  nganakake program sinau ing HEC (Happy English Course)   Kampung Inggris Pare, Kediri. Sing budhal taun iki  ana limang klas yaiku 7A, 7B, 7C, 7D lan 7E, suwene rong minggu. Aku lan kanca-kancaku seneng banget. Malah akeh kancaku wis padha siap-siap tuku perlengkapan kanggo neng Pare, kamangka wektune budhal isih kurang seminggunan.

Aku ya ngono, dina Jemuwah nalika mulih sekolah ibuku ngejak tuku perlengkapan. Dina Setune banjur tak tata neng tas sing arep tak gawa neng Kampung Inggris.

Akhire wektu sing dienteni teka. Dina Minggu budhal numpak bus saka madrasah menyang Kampung Inggris,  seru banget! Pas tekan HEC, diwenehi sosialisasi lan sambutan dening direktur lan guru-gurune . Bar sosialisasi, dikongkon mangan, asyik! Cah-cah ya ketokan padha luwe kabeh. Sawise wareg, diarahke mlebu kamar kang wis dibagi sadurunge.

Kamarku ning lantai 3, duh! Kesel pol munggahe. Tapi ora apa apa, soale pemandangane apik banget. Aku lan kanca sekamarku langsung ngresiki kamar lan beres-beres supaya enak disawang. Dina kapisan isih free, isih oleh nyekel hp lan dolanan bengi-bengi karo kanca sing beda kamar.

Malah bengi kapisan kuwi aku bareng-bareng sakelas pesen maem lan maem gofood bareng-bareng lan dimaem ing gazebo ngarep asrama. Seru banget, bocah saka kelas liya nganti iri delok kekompakan kelasku, hehe.

Merga wis bengi aku mbalik kamar karo kanca sekamarku, lan ngobrol bareng ning kamar. Sawise  nyetel alarm trus mapan turu. Hawane adhem banget, awale aku wedi ora isa turu, tapi tibake malah turu angler.

Dina kapindho wiwit pembelajaran, mlebu jam lima, esuk banget ya? Aku lan kancaku tangi jam setengah papat. Awale padha ngeluh, ngantuk banget sinau esuk-esuk tapi suwe-suwe wis biasa.

Jam enem sarapan terus ngaso nganti jam pitu, banjur sinau maneh. Yen dina Senen jam pitu upacara, lan upacarane nggawe basa Inggris lho, keren banget.

Akeh banget kancaku sing keturon pas sinau, aku kadang ya keturon sih. Pancen nek sinau hawane ki ngantuk terus, hehe. Giliran pas jam sanga padha seneng kabeh, soale wayahe istirahat. Mlebu meneh jam sepuluh lan nganti jam sewelas istirahat mangan, sholat lan bobok awan nganti setengah telu sore, enak.

Setengah telu lanjut sinau meneh nganti setengah papat. Setengah papat kuwi  dikongkon sholat ashar. Nalika kuwi aku lan kanca sing lagi prei sholat njajal tuku susu, eh enak! Susu kuwi dadi susu legend sing disenengi bocah-bocah sasuwene ing Pare. Sawise kuwi  sinau meneh nganti jam lima banjur mangan bengi.

Bar mangan, cah-cah padha istirahat sinambi ngenteni adzan maghrib. Aku lan kancaku biasane ngenteni ning balkon pojok lantai telu karo ndelok sunset, apik banget. Kabeh seneng banget lungguh ning balkon kuwi, panggon kesenengane bocah wedok kelasku sasuwene neng Pare. Panggon ngumpul, ngobrol, mangan, lan liyane, kangen banget.  

Mlebu maneh kelas bengi jam pitu. Bocah-bocah padha seneng kegiatan bar klas wengi. Ana sing sepedhaan, ngobrol, masak mi, sinau, ngumpul, jajan, dolanan, lan liya-liya, seru pol. Ning kene akeh sewa sepedhah dadi  ora bosen nek ora enek hp. Biasane ana bakul dolanan sekitaran jam istirahat awan,  padha seneng mesisan nostalgia dolanan jaman mbiyen.

Akeh  sing kangen wongtuwane lan ora betah ning kene, nanging tak delok suwe-suwe  ya betah. Ya gak sithik sing bosen, nanging tim HEC iki pinter nggawe bocah-bocah sibuk.  Ana bae tugas sing nggawe  mikir, ngumpul, lan nggawe strategi dhewe saengga dadi kreatif. Kadhangkala  angel lan nggarai mumet, nanging kuwi malah ndadekake aku lan kanca-kanca saya rukun lan  akrab. Sing mulane ora cedhak malih dadi bestie.

Saben dinane ya ngono kuwi, saya suwe tambah seru lan ora pengin mulih. Ujiane akhir basa Inggris saben dina  Jemuwah. Medeni tapi seru, soale buaar kuwi bebas, hehe. Jemuwah pungkasan dikumpulne esuk-esuk lan ujian vocab, ndredeg! Tapi tibake timku enthok vocab paling akeh. Seneng banget, banjur ujian final angeeel, tapi ora apa-apa, sesuke wis mulih.

Siji maneh, saben Jemuwah bengi ana tahlilan. Pas Jemuwah  bengi kaloro lan pungkasan aku  kapilih dadi speaker, utawa wong sing nyampekake sesorah/pidhato, nanging nganggo basa Inggris! Aku ndredeg pol, tapi alhamdulillah  lancar.

Dina Setu dina minggu kapindho, dina sing paling dienteni merga jadwale  mulih. Sadurunge mulih ana penampilan-penampilan sik perkelas. Ana  sing dipapag wongtuwane lan ana sing barengan karo bis.

Akhire sore wis tekan MTs maneh, padha kangen karo Madiun. Kanca-kanca lan aku ora bakal nglalekake pengalaman kuwi. Nalika wis balik sinau maneh neng madrasah, kabeh padha kangen Pare maneh. Iku pengalamanku sasuwenme sinau ing HEC Kampung Inggris Pare, Kediri. Maturnuwun.

********

Madiun, 2024


Biodata Pangripta:

Asyifa Dianda Nur Aliyyah

Lair ing tanggal 2 Juli 2010. Siswi klas 9P MTsN Kota Madiun iki kalebu siswa program SKS, rong taun lulus. Wiwit cilik duwe kasenengan nggambar lan nduweni ketertarikan karo sains. Cita-citane pengin bisa bahagyakne wong tuwa lan sukses ing dunya lan akhirat,  Aamiin Ya Rabbal 'Alamiin.

Rabu, 06 November 2024

Crita Misteri

Keluk Dupa Tengah Wengi

Dening: Dyah Kurniawati

Kamar mahad putri geger bengi kuwi. Swara pating klesik, bisik-bisik karo lungguh dhempetan, umpel-umpelan merga keweden. Teror tengah wengi kuwi tansaya nambahi mirise ati. Masiya medeni, nanging malah nambahi penasarane ati.

Rina nangis kamisesegen lungguh ing sela-selane Dewi lan Hani. Dheweke ngewel merga thong-thongen bubar weruh wewayangan obah-obah ing suwalike korden cendhela.

Wengi kuwi udakara jam rolas, santri penghuni asrama mahad putri meh kabeh angler ngliseg merga kekeselen. Nanging bocah lima isih jegigisan, yakuwi Rina, Dewi, Hani, Naya lan Nurul, ora ndang turu-turu. Umi Siti, ibu asuh mahad putri wis kaping telu dhodhogi lawang kamar, mrintah kon ndang turu. Nanging sawise Umi Siti ngalih bocah lima panggah jegigisan.

Bocah kuwi kawit mlebu mahad angel banget omong-omongane. Saben bengi angel yen kon ndang turu. Kabeh santri sing neng kamar kuwi rumangsa keganggu. Sajane wis diperingatke pengurus bola-bali panggah bae ora kapok.

Rina nyawang jam sing cumanthel ing tembok,

“Eh, wis jam setengah siji lo Cah, ayo turu.”

“Aku sik gung ngantuk hlo.”

“Hiya, mandhak Umi Siti wis medhun ae hlo. Aman wis.”

“Hahahaha, hiyaa. Ayo ngedur nganti esuk wae. Sapa wani.”

“Akuuuuuu!!! Hahahahaaa”

“Ssstt, aja rame-rame ngko nek kuntilanake tangi hlo.”

“Stttt!”

Ujug-ujug kabeh meneng lan nglirik arahe cendhela cedhak tlundhakan. Kabeh ngrasa mengkirig weruh wewayangan obah-obah ing suwalike cendhela kuwi. Durung ilang kagete, mak breng kasusul ambu dupa sumribit saka arah cendhela mau.

Rina njerit lan ngewel. Tangane nuding-nuding pernahe cendhela banjur nutupi raine nganggo kemul. Kabeh kancane uga narik kemul padha Rina. Nanging nganti jam 3 panggah ora bisa turu, mung kethip-kethip kanthi pikiran ora karuwan.

Dumadakan keprungu bel lan halo-halo yen kabeh santri wayahe tangi sholat tahajud. Karo pandeng-pandengan cah lima sing durung turu blas mau ya melu tangi, nanging merga kabeh penghuni kamar wis tangi lan aktifitas, dadi rasa wedine wis suda.

Sajoge kedadeyan wengi kuwi, bocah lima sing biyasane saben tengah wengi jegigisan ngganggu santri liyane sing istirahat, saiki wis ora maneh. Wiwit jam sepuluh bengi wis mapan turu manut jadwal mahad.

*****

Nalika arep mapan sare Ustadz Imam karo mesem ngendika marang garwane, Umi Siti,

“Piye Um, santri putri saiki wis aman ta?”

“Alhamdulillah, misi sukses.  Sajoge kedadeyan bengi kuwi kabeh wis ora ana maneh sing jegigisan melek bengi.”

“Sip, yen ngono ide mbakar dupa lan ngobahne rukuh neng suwalike cendhela kae kasil medeni bocah ben tertib ndang turu. Merga akeh sing gak nyaman gara-gara polahe bocah lima kuwi.”

“Yawis, dupa sing kari separo kae ndang dibuwang bae hehe.”

“Inggih, muga-muga aman sateruse.”

“Alhamdulillah.”

 

*****

 

Madiun. 6 Nopember 2024


Biodata Pangripta: Dyah KurniawatiSawijining wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa. Lulusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah UNESA iki uga nulis puluhan buku,  cerkak, cerpen, puisi, resensi lan liyane. Saiki  ngabdi ing MTsN kutha Madiun.

Selasa, 08 Oktober 2024

Cerkak-Wacan Bocah

DIKITER ASU

Dening: Ayudewi Saraswati Sari Intan

Aku lan dulurku cacah pitu lagi ngrayakne malem takbiran ing lapangan Winongo. Pas neng dalan sing peteng dhedhet kaya ana sing obah-obah.Bareng takparani karo dulur-dulurku anehe ora ana apa-apa. Trus ana sing muni,

"Hee, ayo dolanan mercon, aku nggawa iki. Mumpung neng kene sepi lan peteng.”

Kabeh padha semaur,

  "Ayoo…! Ayoo!"

“He sing genah ta! Mengko nek enek jumpscare ngono piye jall?"

 "Wis ta aman aman, mandhak awake dhewe cah pitu mosok ora wani lho".

Sidane kabeh gelem, nanging malah enek kedadeyan sing lucu meh nyepotke jantung. Bedheken jal bar iki enek apa???.

Pas mercon disumet otomatis dalan sing awale peteng dhedhet malih mak lap kaya kesamber bledhek. Kaya piye ya, kaya ngeflash ngunu lhooo. Lha pas kuwi aku weruh enek omah kosong lampune ora diuripke.. Neng terase enek kursi goyang.

Pas dulurku ngurupke mercon maneh,  tak delok ujug-ujug ing teras omah mau enek  mbah-mbah tapi meneng bae. Banjur dulurku ngiripke  mercon sing kaping telu, mbah kuwi wis pindhah nggon cedhak panggonan nguripke mercon.

Nah, mercon sing kapapat diurupke maneh mbah kuwi njodhil kaget. Saking kagete banjur misuh lan mbengok,

 “Jeeyyan jooss!”

Mbah kuwi banjur ngiter aku karo dulurku sing mlayu gendring keweden. Apamaneh mbahe nggawa selot keramat. Karo mbengok maneh,

“Bocah ogh, enek wong tuwa barang malah dolanan mercon. Gek bianter sisan garahi kaget wong tuwek!!!!! "

Ujug-ujug saka pucuke dalan sing peteng dhedhet kuwi kaya ana sing mlayu, tibake asu gedhe banget. Asune uga kaget langsung ngiter aku lan dulur-dulurku. Lepas saka mbah kuwi mau langsung ditampani asu sing ganti ngiter.

Karo ngewel, aku lan dulur-dulurku kepeksa ngubengi lapangan Winongo nganti limang ubengan, nganti asune mlayu ngalih. Bareng wis aman kabeh padha mulih golek slamet dhewe-dhewe.

Tekan omah sikilku langsung teklok setengah mati. Sawise kekadeyan kuwi aku kapok dolanan mercon ing panggonan sing peteng dhedhet maneh.

******

Madiun, Oktober 2024



Biodata Pangripta: Ayudewi Saraswati Sari Intan. Lair ing tanggal 5 Desember 2011. Saiki isih dadi siswa MTsN Kota Madiun Kelas 7M. Nduweni Kasenangan gambar lan masak. Cita-Citane pengin dadi pengusaha sing sukses dunya lan akherat, supaya bisa kebanggane wong tuwa. Amin Ya Rabbal Alamin.

 

Jumat, 04 Oktober 2024

CERKAK-WACAN BOCAH

 KECEMPLUNG KALEN

dening: Nayra Anike Prastika

            Nalika isih TK, aku duwe sepedhah werna ungu. Sepedha unguku kuwi banget taktresnani, amerga tansah setya ngancani dina-dinaku. Mbuh kuwi susah apa seneng. Biyasane aku sepedhahan ing dina prei bareng kanca-kanca sapantaran cedhak omahku.

Sawijine dina pas prei sekolah, aku diparani kanca-kancaku arep dijak sepedhahan ngubengi desa. Tekan lapangan krasa kesel lan padha leren. Pas kuwi ana bakul es liwat.  Aku lan kanca-kancaku iseng nyegat bakul es karo jegigisan, kamangka siji wae gak ana sing nggawa dhuwit.

“Pak, tumbas!”

Bakule es mandheg, aku karo kanca-kancaku malah ngalih. Jelalah neng kono pas rame warga padha lungguhan, padha nyeneni aku karo kanca-kancaku.

Karo cekikian banjur padha mlayu njupuk sepedhahe lan mblandhang banter. Kanca-kancaku padha ngebut banter lan aku ditinggal mburi dhewe. Mlakuku alon alon merga durung sepira lancar. Pedhal takgenjot banter nyoba ngiter kanca-kancaku.  Merga wedi lan kesusu dadi ora patiya ngingeti dalan.

“Bruakkk!!”

Ujug-ujug ana kucing liwat neng ngarepku tanpa permisi. Sepedhaku nyemplung selokan, aku melu njungkel pisan. Untunge ora ana wong ing sakitare kono, merga meh surup. Dadi aku ora sepira isin. Karo ngempet lara aku ngadeg dhewe. Ora krasa luhku dleweran, nangis merga ditinggal kanca-kancaku. Sepedhaku rusak, lan mulih tak tuntun. Nelangsa atiku.

            Tekan ngarep omah aku langsung nggoleki ibu.

“Buk, aku tibaaaa….!”

Ibuku mlayu saka njero omah gage marani. Banjur takcritakne apa sing lagi kedadean karo mingseg-mingseg. Ndeleng awakku reged kabeh merga bar kecemplung kalen, ibu ngongkon aku ndang adus. Banjur ibu nyepakne maemku.

Sawise salin klambi aku langsung maem merga keluwen, luwe merga kesuwen nangis. Bapakku neng ngarepan dandani sepedhahku sing rusak parah,

Bareng sepedhaku wis kenek, alon-alon takjajal mara menyang omahe kancaku sing cedhak. Aku banjur crita kedadeyan nalika ditinggal mau. Kancaku jaluk sepura wis ninggal, merga kabeh wedi diseneni warga wis nyeluk bakul es gak tanggung jawab.

Bar kuwi apikan maneh, aku gak nesu. Aku karo kancaku rencana dolan maneh, nanging ora bakal mbaleni klakuwan sing ora bener lan ngisin-ngisini mau.    

******

Madiun, 25 Agustus

Biodata Pangripta: Nayra Anike Prastika. Lair ing tanggal 5 Januari 2012. Saiki isih dadi siswa MTsN Kota Madiun Kelas 7N. Nduweni kasenengan sepedhahan. Cita-Citane pengin dadi dokter sing sukses, supaya bisa dadi kebanggaane wong tuwa. Aamiin.




Crita Misteri

NALIKA AKU KEPILIH ING KELAS SKS

Dening: Hanun Azizah Awale aku ora ngarep-ngarep bisa kapilih mlebu kelas SKS. Nanging, nalika bubar jupuk rapot aku ndelok IP ku 90-an....