DIKITER ASU
Dening: Ayudewi Saraswati Sari Intan
Aku lan dulurku cacah pitu lagi ngrayakne malem takbiran ing lapangan Winongo. Pas neng dalan sing peteng dhedhet kaya ana sing obah-obah.Bareng takparani karo dulur-dulurku anehe ora ana apa-apa. Trus ana sing muni,
"Hee, ayo dolanan mercon, aku nggawa iki. Mumpung neng kene sepi lan peteng.”
Kabeh padha semaur,
"Ayoo…! Ayoo!"
“He sing genah ta! Mengko nek enek jumpscare ngono piye jall?"
"Wis ta aman aman, mandhak awake dhewe cah pitu mosok ora wani lho".
Sidane kabeh gelem, nanging malah enek kedadeyan sing lucu meh nyepotke jantung. Bedheken jal bar iki enek apa???.
Pas mercon disumet otomatis dalan sing awale peteng dhedhet malih mak lap kaya kesamber bledhek. Kaya piye ya, kaya ngeflash ngunu lhooo. Lha pas kuwi aku weruh enek omah kosong lampune ora diuripke.. Neng terase enek kursi goyang.
Pas dulurku ngurupke mercon maneh, tak delok ujug-ujug ing teras omah mau enek mbah-mbah tapi meneng bae. Banjur dulurku ngiripke mercon sing kaping telu, mbah kuwi wis pindhah nggon cedhak panggonan nguripke mercon.
Nah, mercon sing kapapat diurupke maneh mbah kuwi njodhil kaget. Saking kagete banjur misuh lan mbengok,
“Jeeyyan jooss!”
Mbah kuwi banjur ngiter aku karo dulurku sing mlayu gendring keweden. Apamaneh mbahe nggawa selot keramat. Karo mbengok maneh,
“Bocah ogh, enek wong tuwa barang malah dolanan mercon. Gek bianter sisan garahi kaget wong tuwek!!!!! "
Ujug-ujug saka pucuke dalan sing peteng dhedhet kuwi kaya ana sing mlayu, tibake asu gedhe banget. Asune uga kaget langsung ngiter aku lan dulur-dulurku. Lepas saka mbah kuwi mau langsung ditampani asu sing ganti ngiter.
Karo ngewel, aku lan dulur-dulurku kepeksa ngubengi lapangan Winongo nganti limang ubengan, nganti asune mlayu ngalih. Bareng wis aman kabeh padha mulih golek slamet dhewe-dhewe.
Tekan omah sikilku langsung teklok setengah mati. Sawise kekadeyan kuwi aku kapok dolanan mercon ing panggonan sing peteng dhedhet maneh.
******
Madiun, Oktober 2024
Biodata Pangripta: Ayudewi Saraswati Sari Intan. Lair ing tanggal 5 Desember 2011. Saiki isih dadi siswa MTsN Kota Madiun Kelas 7M. Nduweni Kasenangan gambar lan masak. Cita-Citane pengin dadi pengusaha sing sukses dunya lan akherat, supaya bisa kebanggane wong tuwa. Amin Ya Rabbal Alamin.