WANCI ESUK
Dening : Dyah Kurniawati
Si Angger nyangklong tas jumangkah alon
kairing donga sih katresnan biyung
kinanthi pangestu tulusing bapa
tumuju papan pasinaon
niyat suci nyecep ngelmu
saking para dwija ingkang minulya
anuju kamulyaning urip utama
anggayuh luhuring budi
pedhal dipancal kebak semangat
bebarengan angin midid silir sumilir
puspa warna-warni mesem sadawane laku
ocehan manuk sesautan bungah gumuyu
bagaskara sumunar agawe pepadhang
semangat makantar kebak kabagyan
gage tekan pangggon ngudi kawruh
nyinau rumus, teori kanggo sangu urip ing tembe buri
alam uga paring pandonga
muga Angger katekan ing sedya
kagayuh sakabehing panjangka
karanggeh sadaya sing dipuja
kacekel pangarep-areping rasa
karangkul kinemulan sih katresnan wong tuwa
muga bagya mulya sapuputing yuswa
Gusti ngijabahi sakabehing donga
mugi rahayu sagung dumadi
dadakan siji pebruari 2023
KLUWUNG
Dening : Dyah Kurniawati
Wanci sore sabubare udan
Langit padhang sumilaking kabagyan
Ocehing manuk sesautan
Kodhok ngorek dhisik-dhisikan
Gawe tentreming jaman
Katon wewujudan mlengkung ing tawang
Rumesep endah kasawang
Awarna ijo kuning abang
Uga warna liya ngrenggani awang-awang
Rinasa ayem tanpa was sumelang
Muji syukur konjuk mring Pangeran
Prakanca ayo padha jaga alam
Linambaran sih katresnan
Guyub rukun ngregengake pasrawungan
Lumaku nut bebener sadawane dalan
Tansah nyenyuwun mring panguwasa kahanan
Manembah Gusti panguwasa alam kelanggengan
(Madiun ngarepake sandyakala, 27-1-2023)
NGLURU DUNUNGING KAMULYAN
Dening : Dyah Kurniawati
Sunare baskara saka brang wetan
Angete mrambat sajroning sukma
Ngaras saranduning sarira
Kang lagi tapa brata golek pangupa jiwa
Ing clepitan kinupeng gedhong magrong lan amba
Padha ceceker rekasane kaum papa sudra
Bebarengan kluruke jago nganti tumekaning angslupe sandyakala
Mung sadrema ngluru sapulukan upa
Wewalikane jagad liya
Para piyayi sajroning wisma bawera
Padha ongkang-ongkang ngguwaki brana
Nanging rasane urip rinasa sepa
Kuwi kabeh isine donya
Mung ngupadi urip mulya
Marsudi kabagyane jiwa raga
Kasampurnan kang tanpa upama
Pinggir sawah panggah mewah, 26122021
(Kapacak ing Lensa Sastra - February 26, 2022
Geguritan Dyah Kurniawati)
NGRANGGEH KABAGYAN
Dening : Dyah Kurniawati
Ing ngendi panggone kabagyan iku?
Ing adoh kana, semu
Diplayoni nganti keplayu
Dikiter nganti digeguyu
Direwangi tapa mbisu
Diranggeh nganggo kayu
Dioyak sadawane pandulu
Ditunggu gogroke katiup sang bayu
Yen durung tekaning wahyu
Tangeh lamun bisa kapangku
Nembus jroning kalbu
Madiun ing wanci dalu, 28122021
(Kapacak ing Lensa Sastra - February 26, 2022
Geguritan Dyah Kurniawati)
NULADHA SUNARE BAGASKARA
Dening : Dyah Kurniawati
Semburat sumirat madhangi rat
Hambabar sunare tanpa kendhat
Mung mituhu dhawuhe kang nguwasani jagad
Sadrema nglakoni kuwajiban kanthi iklasing niyat
Kabeh iku patut tinulad
Leremna pikir supaya bregas sehat
Ngresepi peparingane Gusti kanthi nikmat
Ilangana watek sing doyan sambat
Ayo kabeh padha mertobat
Ngupadi sangu urip ing akhirat
Sadurunge tekane dina kiamat
Madiun karangkul angete srengenge, 31122021
(Kapacak ing Lensa Sastra - February 26, 2022)
AKU SAPA?
Dening : Dyah Kurniawati
Sepi kinemulan sepa
Nyenyet tan ana urubing jiwa
Nggrantes, ngenes rinasa
Suwung ra ana sapa-sapa
Amung rasa kang micara
Pitakonan ngebaki mustaka
Aku sapa?
Tangan kaangkat ing dhadha
Nyoba ngrapal donga
Kanggo ngusadani jiwa
Raga uga
Nenuwun mring kang Maha Sampurna
Muga isih kaparingan apura
Nggetuni sakabehing dosa
Kae delengen gumebyaring cahya
Sumusup jroning jiwa raga
Mligi titah kang kadunungan sukma
Nggayuh laku utama
Anuju kasampurnaning agama
Sowan mring kang Kuwasa
Gusti kang Maha Wasesa
(Siji pebruari rong ewu rolikur)
IBU
Dening : Dyah Kurniawati
Meneng tanpa gunem
Lathi kekunci bungkem
Sakabehing rasa mingkem
Gumuruhe dhadha sidhem
Kasingkirake sakabehe lingsem
Kairing sembah sungkem
Ragaku kagawa nyilem
Ngupadi rasa ayem
Kekepanmu agawe tentrem
Asih tresnamu bakal dakregem
Amem
(Madiun, Papat
pebruari rong ewu rolikur
NGLANGLUTING DARING
Dening : Dyah Kurniawati
Jumangkah nuruti laku
manut udhaling kalbu
tan ana kang kawetu
meneng amem tapa bisu
amung obahe pandulu
lan tajeming pangrungu
semu
Nglanglute kampus sekolahku
kelangan umyegmu
sepi...ora ana ger-geran gumuyu
gegodhongan kemrosak katiyup sang
bayu
wektu terus lumaku
ing endi sakabehing murid-muridku?
mlayu
Balekna kabeh ing ngarepku
Aja kok rampas kabagyan iku
Bocah-bocah butuh luru ngelmu
Ora cukup mung bukaki buku
Nanging uga butuh pituture guru
Kang nresnani kayadene ibu
Ngelu
(Madiun ing tepining wektu
Wolulas pebruari rong ewu
rolikur
8.58)
ANGSLUPE SANDYAKALA
Dening : Dyah Kurniawati
Ing kene
nguntapake angslupe sandyakala
Sandyakala
kang gawa sakehing crita
Crita kang
tansah katon saben sak obahe raga
Kae delengen
isih ana pepadhanging candra
Pratandha isih
ana kang bakal teka
Gusti wis paring
dalan kanggo kita
Sing sabar
ngadhepi sakabehing coba
Sandyakala
kang tekane mung sedhela
Kasulistyane mung sakedheping netra
Sandyakala
kang gegulang manungsa kudu legawa
Legawa
nalikane atiku katut kegawa angslupe sandyakala
Legawa
nalikane sliramu gandheng wong liya
Senajan larane
lara nembus jroning dhadha
Mugya bagya
mulya nganti puputing yuswa
Madiun ing wanci surup, 21 Juli 2021
KOPI PAITE ATI
Dening : Dyah Kurniawati
Anglaras ilining kopi
Sinandhing simbok lenggah ing kursi
Nyawang pethetan kang nambahi asri
Senajan nglanglute ati tan
bisa diselaki
Wewayangan jaman kawuri
Kekiteran, lelunjakan katon ngiwi-iwi
Jejogedan sajroning paite kopi
Sliramu mesem ing suwalike sepi
Mak gragap lungguh njejeri
Gronjalan ing telenging ati
Luh dleweran tan ana sing ngelapi
Sepi....lathi kaya kekunci
Tak jiwit lengenku iki
Ah ....... pranyata mung ngimpi
Sliramu tansaya nyemoni
Ing saben srupute kopi
Kuwiran ing suwalike
wewayangan kang kebak
kenangan
Telulas
Pebruari rongewu rolikur
TRESNA AMARGA LEGAWA
Dening : Dyah Kurniawati
Ngranggeh prastawa rong puluh taun ika
Ujug-ujug sliramu njedhul tanpa kinira
Mak bedunduk nembung atiku marang biyung bapa
Si ibu seminggu ora kersa ngendika
Bingung miwiti ukara
Gek piye gek nganu gek duka
Nggembuleng jroning dhadha
Tan ana obat apadene usada
Kejaba aku nrima legawa
Menehake atiku kanthi lila
Didadekake sigarane nyawa
Marang wong liya dudu sapa sapa
Sumedhot jroning rasa
Ora tega nyawang wong tuwa duhkita
Tak pasrahke jiwa raga
Amrih kabeh bagya mulya
Kinathen sakabehe donga
Iya...gawanen aku lunga
Mapag kaendahane swarga donya
Ngupadi jerone
asmara
Lumantar asih sajroning tresna
Nggayuh sampurnane agama
Madiun
nandhang wuyung kang kayungyun
15
Pebruari 2022
Tabuh
15.10 WIB
NRIMA SAJRONING TRESNA
Dening : Dyah Kurniawati
Dudu bandha apamaneh brana
Ora deleng rupa utawa warna
Ya mung laku sing prasaja
Nyebabake atiku legawa
Lila kokdadekne sigarane nyawa
Senajan ing kene kana
Nawani kaendahan marcapada
Janjeni gumebyare donya
Ning atiku ora kegawa
Katresnanku tuwuh ngrembaka
Dumunung ana ing rasa
Amung jenengmu ing sebutane puja
Anggayuh bagya mulya
Kanthi urip saderma
Nut laku ginarise kang Kuwasa
Pasrah sumarah tumuju sumringah
Gawanen aku lunga
Nyecep kabagyan Swarga donya
Madiun ing kekeban garwa
Parak esuk 4.18 , 18022022
LAKUNING TRESNA
Mbaleni
sajroning ngambali
Nandhang wuyung kang kayungyun
Ora den
ngerteni saka ngendi tekane
Mak tratab
ujug-ujug kemanthil
Mbebeda wewayangane sadawane impen
Saben sakedhepe netra
Kerep katut ing unjalan ambegan
Mung sliramu sing tak antu
Wuyung iki bali angreridhu
Sawise kapendhem sajroning kalbu
Kasimpen primpen rapet dhipet
Nanging kabeh mau wudhar
Nalika sliramu njedhul saklebatan
Lan wis gawe
horeging atiku
Mobat-mabit katiyup sang bayu
Leder pindha es kasorot srengenge
Angluh, nglumpruk tanpa daya
Nunggu pepesthen saka Gusti
Aku mung memuji
Awake dhewe
nyawijekne ati
Kaya wingi uni
Netepi janji suci
Selikur Pebruari ing dalune Madiun
21.26 WIB
Matur Nuwun 2021
Dening : Dyah Kurniawati
Ing
pucuking dina 365 pungkasing warsa 2021
Napak
tilas lelakon kawuri
Sakabehing
prastawa kumlebat den interi
Sajak
kepengin bali hanggondheli
Kabeh
lumaku nut lakoning Gusti
Manungsa
hamung mersudi
Mrih
bisa nyawiji amemuji
Tumuju mring ridha Illahi
Panyawang
tumenga mburi
Nyoba
nggrayahi ajining dhiri
Tumindak lethek hanjejemberi
Mugya diampuni aja den baleni
Gumawang
ing akasa lampahan kang endah mranani
Mesem
marem merak ati
Nyuwun
ngambali anggone leladi
Ngupadi
urip mulya widada basuki
Matur
nuwun 2021
Pangorbananmu
resik suci
Ngancani
lakuku tekan saiki
Nglewati
rolas sasi kanthi senenging ati
Dalune Madiun nguntapake rong ewu selikur
kanthi semedhoting ati
21.55
WIB
31-12-20
Pupusing Jiwangga
Dening : Dyah Kurniawati
Angenku
kebentus ing antarala
Nembus
suwalike akasa
Jejogedan
sadhuwure antariksa
Nuju gegayuhan
kang utama
Upamane...umpama
bisa
Nanging
ngen-ngen iku musna
Mbarengi
mrucute impen kang nggegana
Dhuuuh...enggal
tak oyak sakuwate angga
Sruuuutttt
...lakuku kandheg ing bantala
Semplah ati
iki tanpa daya
Coklek poklek
nembus jroning dhadha
Ora kuwasa
nandhang duhkita
Donya ambles
sakedhepe netra
Wuss...Pupus
tan ana usada
Madiun sumedhot
krungu warta sungkawa, 09012022
Sumirat soroting Bagaskara
Dening : Dyah Kurniawati
Sumorot clorote bagaskara
Sumringah ing suwalike megha
Mentrong-mentrong madhangi jiwa
Kang lagi nandang sungkawa
Wis meh rong warsa kinunjara
Kinupeng corona kang ngambra-ambra
Kebak sumelang sajroning sukma
Raga wugya tan bisa suwala
Kae delengen ing brang wetan kana
Tronthong-tronthong nylorotake cahya
Cumlorot mbalekake daya
Pratandha corona bakal lunga
Jenggelek donya ning tetep waskitha
Gumregah ngudi endahing dina
Pagebluk wis musna sirna
Muji syukur mring kang Maha Kuwasa
Madiun ngudi endahing nirmala, 14012022
MAPAG KABAGYAN
Dening : Dyah Kurniawati
Bismillah golek kabagyaning ati
Mugi tansah gawe
mareming ati
Akeh panjangka kang
kudu dakupadi
Bakal dakudhari lan
dakgondheli
Ben ora kabur kaya
sing wingi uni
Saben wulan kebak wewadi
Diwiwiti ing tanggal siji
Ora kendhat memuji
Mugi tansah pinaringan
sihing Gusti
Kaberkahan tetep nyawiji
Taktinggalake sakabehing lelara wingi
Kanthi sumedhoting ati
Daksimpen wewayanganmu
kanthi premati
Sepira gedhene rasa
pangrasa iki
Mung aku lan sliramu
kang meruhi
Siji Pebruari 2022
NYAPIH RASA
Dening : Dyah Kurniawati
Glibagan glimbang-glimbung
Ngubengi paturon sepi tembung
Minger ngiwa bali nengen mapakne balung
Kelop-kelop kaya wong linglung
Kancilen nganti weteng kembung
Semriwinge maruta nyebabake mekungkung
Katisen kayadene ingkung
Abot pindha nyunggi gunung
Ngrogoh pangrasa kang keduwung
Langite isih mendhung
Ngarep-arep jumedhule kluwung
Nglanglut temlawung
Bingung
5 Maret 2022
Gurit Panglipur Wuyung
Dening : Dyah Kurniawati
Kapang rinasa nembus jroning dhadha
Nunjem tekan pucuking rasa
Tan ana kang bisa paring usada
Ya mung sliramu dhuh ...kusuma
Wis nyoba mertamba mréné mrana
Jampi Jawa tekan obat manca
Kabeh tan bisa pinercaya
Wuss...ora kaya sing diiklanna
Ing kene tansah tak pikirna
Kapan bisa nyuntak sakabehing rasa
Meh pedhot rasane nyawa
Nunggu sliramu tan ana warta
Jangkrik ngerik nambahi duhkita
Kodhok ngorek ora kendhat nyuwara
Sajak ngece si lara branta
Banyu mata pratandha jerune asmara
Madiun ngantu sigaraning nyawa 29122021
Gegadhangan ing Pasisir pelang
Dening : Dyah Kurniawati
Jumlegure ombak nyempyok watu karang
Kasusul swara panjerit
menggalih sing ana sebrang
Nangisi sakabehing panandhang
Kang tansah dadi pepalang
Samubarang sing digegadhang
Raga nglokro ora bisa tumandang
Arep sambat wedi tansaya kondhang
Trima nangis bae
tinimbang wirang
Brebes mili pindha tirta
saking tawang
gumrojog tumiba
ing talang
Tak antu tekamu ing pasisir Pelang
Ngrakit dina endah tanpa was sumelang
Tak rewangi kaya wong ilang
Nanging sliramu tan bisa kesawang
Mabur ing awang-awang
Madiun rasa
Pasisir Pelang, 31122021
CANDRA BAE DUDU LINTANG
.Dening : Dyah Kurniawati
Ninggalake lintang ngiter playune candra
Pindhane
Jarene jare
Jenengmu tumangsang ing pojoking atiku
Tansah ngrenggani dina-dina endah
Kaya dene lintang kang ana ing
awang-awang
Sumunar ora mung ing wanci dalu
Sawayah-wayah saben esuk tumekane dalu
Sumunar ana ing atimu lan atiku
Kuwi biyen, kuwi dhisik jaman kae
Isih mambu kencur
Nalikane sisi bae durung jegos
Nanging.....
Saiki lintang wis ketutupan mendhung
ora bakal bisa sumunar
Lan...ora oleh sumunar maneh
Ora...aja mbok cloroti terus
Aku wedi....
Nalika sunare lintang mintip-mintip
Ngungak saka suwalike mendhung
Gage tak kipatake
Tak tinggal ndhelik adoh
Mlayu sipat kuping
Ndhepipis ing clepitane eseme candra
Nyuwun pangayomane
Ngaling-alingi lintang sing wiwit
jenggelek maneh
Sunare lintang saiki ngemu teges kang
ora sabaene
Emoh...aja mbeda terus
Aku wis duwe candra
Tak
ajap bakal tak antu cahyane
Nganti raga wis koncatan nyawa
Aku wis ayem, marem lan tentrem
Candra bae dudu lintang
Madiun nglaras
pletheking bagaskara
24122021
Mapag tumekane Warsa 2022
Dening : Dyah Kurniawati
Gilir gumantine warsa ora rinasa
Kabeh kang dialami manungsa
Sejatine mung nggayuh urip prasaja
Nganti pungkasaning warsa
Ana uga sarira sing tansah rumangsa
Uripe kebak jejember lan dosa
Kanthi gumantine warsa
Didadekne srana kanggo dedonga
Angga liya ana sing uripe beda
Wis ngrasakne tentrem mulya
Tan kurang sawijining apa
Tansah muji sukur mring kang Maha Wisesa
Gumantine warsa kaya lumrahe dina
Mung sakedheping netra
Sesuk wis makarya mburu upa
Kanggo nyambung yuswa
Iku kabeh mung gebyaring donya
Mula aja nganti tumindak ngliya
Kabeh wis digarisne sing Kuwasa
Manungsa mung bisa marsudi lan dedonga
Madiun ing pungkasane warsa 2021
PESISIR SADRANAN LAN USADA BRANTA
Dening : Dyah
Kurniawati
Rong dasa
warsa kapungkur
Merpati putih
sajodho lagi ngrantam dina endah
Nglungguhi
watu karang sapinggire samudra
Kala-kala
sikile kasempyok ombak muncrat sarandune raga
Sinambi
tumenga ing akasa kang tanpa upama
Angen-angene
ngumbara tekan antarala sing adoh kana
Ora ana sing
bisa hanggraita
Jumlegure
ombak samudra nambahi kekesing jiwa
Mudha tumaruna
kang lagi nandhang branta
Lagi nyoba
ngusadani lelara sajroning dhadha
Meneng amem
tanpa ukara
Amung rasa
kang micara
Menawa tresna
iku ora bisa dipeksa
Pasisir
Sadranan wis dadi seksi setya
Merpati
sajodho mung bisa dedonga
Amung
kawelasaning Gusti Maha Wicaksana
Kang bisa
ngatur uripe manungsa
Muga bagya
mulya sapupute yuswa
Pesisir
Sadranan kebak kabagyan, 22-12-2021
PUPUSING PANGANGEN SEMU
Dening : Dyah Kurniawati
Angen iki
banget angreridhu
Angawe-awe ing
wanci dalu
Angreronce
sadawane impenku
Tansaya bebeda
sakedhepe netraku
Nalika krenteg
iki wis tumangsang ing pojoking kalbu
Raga iki
kumudu-mudu lumayu
Nemoni pangangen kang isih semu
Tansaya
nggrangsang ati iki saben ana sing geguyu
Nututi angen
kang sedhela maneh bakal kadulu
Nanging angen
iki pupus sadurunge lumaku
Tumekane kabar
kang kagawa sang bayu
Dadekake atiku
tansaya remuk rempu kaya awu
Pangangen iki
pupus sadurunge kawetu
Angen kang
isih tumangsang sajroning gulu
Apa bakal bisa
katuju?
Amung wektu
kang bisa ndulu.
Madiun
ngarepake tumekane dalu
9 September 2021
Sandyakala Ndayani Rasa
Dening : Dyah Kurniawati
pepanggihan wanci sandyawela wingi amung sakedhepe netra
nanging kasil ndhudhah rasa kang kinubur mangsa
rasa kanggo nyebarake rasa kaya apa kang dakrasa
gegayuhan puluhan warsa kapungkur bali njenggelek
angawe-awe ing ngarsane aksa
angreridhu sajroning supena
gumuruh swara jero jaja
ngudhalake sakabeh panjangka
kumudu mlayu nanging ora keplayu
dakcoba ngranggeh tansaya nyata sakehe panggodha
ajar miber ning kesangsang ing pucuking mega
muntub malah ambles ing suwalike bantala
munggah antarala kepontal tumekan dhasaring samodra
lan, sasuwene iki angen iku mung dadi pangangen
patemon kang mbarengi angslupe sandyakala
muga minangka pratandha mletheke bagaskara
dadi srana amiwiti dina
merdi lestarine seni, sastra lan budaya ing bumi nuswantara
rasamu uga rasaku amung siji
bebarengan nyekseni eseme bagaskara saka brang wetan
sumunar madhangi jagad gumelar
gereten aku, Dhimas Tanjung
nututi wangine kembang tanjung sumebar kagawa samirana
senadyan wangine kasil nganglang jagad mokal kagayuh
dakcoba ngaras wangine sekar tanjung saka kene
sajroning ngempet rasa dakselipi donga
enggal kasedya nyawijine rasa agawe tentreming sasama
mugi rahayu sagung dumadi
Pinggir sawah panggah mewah, 7-8-2022
(Jujur, gurit iki katulis sinambi dleweran luh ngempet sakehing rasa kairing “Album Fileski”)
Biodata Penggurit
Dyah Kurniawati. Sawijining wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa. Lulusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah UNESA iki uga nulis cerkak, cerpen, puisi, resensi buku lan liyane. Saiki dadi buruh momong ing MTsN Kutha Madiun .
Lampiran:
https://lensasastra.id/2022/02/26/geguritan-dyah-kurniawati/
http://www.negerikertas.com/2022/08/sandyakala-ndayani-rasa-dyah-kurniawati.html?m=1
DJAKA LODHANG
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.